Home » » Serat Centini - Pupuh II

Serat Centini - Pupuh II

PUPUH II

D U R M A

01

Tan kocapa Syeh Mangunarsa, deningwang, wonten kocapa malih, Ki syeh Amongraga, sampun aparipurna, datan tulus hokum uni, mapad widagda, tumimbul saking tasik.

02

Mapan sinungan nugraha de Hyang sukma, linuwih saking mukmin, agambah gagana, lumaku luhur toya, wus wikan sanake mati, acipta prapta, dhukuh Wanantaka glis.


03

Kang layon mapan maksih dereng dinusan, Ki Amongraga prapti, kagyat kang tumingal, anulya asembahyang, kalih rakangat sira glis wusing sung salam, kang mati urip malih.


04

Karananing mangkana jatining pejah, kawula mrih tresnanti, samya nglilir sira, Ken Selabrangta wikan yen Syeh Amongraga prapti, mendhek anembah, angrangkul pada kalih.


05

Anglukar gelung gelung surya ngisuhi pada, ingusapan lan weni, lintang trenanira, Ki Amongraga wikan, yen paraning tresnaneki, paningalira, tan kandheg johar jisim.


06

Dadya murjita sangdyah kabwatan tresna, tan wayah idhepneki, Mnagunarsa sira, kelayan Rancangdriya, pangling yen sanake uni, mapan ketilar, dok kalih samya alit.


07

Selabrangta mujar maring Mangunarsa, lawan Ni Rancangkapti, yeku sanakera, kagyat Ki Mangunarsa, angrangkul pada anangis, Ni Rancangkarsa, anjerit denira nangis.


08

Adhuh kaka sira trenging netraningwang, wonghing wardaya mami, nora cipta kaka, sun temu lawan sira, pan sira kawarta mati, aneng Tunjung Bang, kinaguh ing jeladri.


09

Anggungrimang kantu wus anglilir (hlm. 32) purna, kagyat denya ningali, garwanira gesang, lawan ipene prapta, lwir sepena idhepneki, amuji ing Hyang, kang amisesa bumi.


10

Ni Centhini bungah gustinira gesang, Amongraga kang prapti, tuwin kang tumingal, pra samya gagowokan, kadya dinulur ing Widi, Syeh Amongraga, tan minging tingalneki.


11

Wus araga sarirane ika, eloking Hyang kaaksi, Amongraga sira, ngecani ing manah, tatakramanira luwih, pan waliyullah, ingeket dadya gurit.


12

Selabrangta tan pegat birahinira, mangun laku tan gungsir, tapa brangtanira, wengi datanpa nindra, raina datanpa bukti, tan kocapa, polahira kang prapti.


13

Kang kocapa kang kari ing Wanamarta, anggeng brangta prihatin,
sapatilare Ken Selabrangta ing kina, den waca surate kari, anyuhi prana
nora na kang kaesthi.


14

Ni Warsasih sampune lepur trasnanira, neher sira agoling, kepi anakira,
Ken Tambangraras prapta, kagyat tumulya atangi, dadya kakaruna, asru
denira nangis.


15

Ki Panurta atanya ing garwanira, paran mamarnya nangis, NiWarsasih
mujar, Ni Tambangraras prapta, katon jro supena mami, dadya kagagas,
asru denira nangis.


16

Raina tatas malah mijil Yang Arka, sampun tah samya prapti, anak
dharanira, muwah kang wong jajahan, samya atatanya gipih, punapaa tah,
denya nangis puniku.


17

Ki Panurta angucap ing garwanira, tuturen ipeneki, Warsasih apajar,
polahe Tambangraras, prapta lawan lakineki, angrangkul pada mami.


18

Warnanira kaya wong kinare anyar, kampuh gadhug rinukmi sinjang
sarasah, sumping jabung payodan, sinawung laptri kakalih, apatahlayang,
seta rupanya ngerawit.


19

Samya linggih ing made sakapat ika, kagyat ingsun antagi, malah tabuh
lima, mijil SangHyang Aruna, angungun ipenwang uni, sun samar-samar,
maksih (hlm. 33) katon ing uni.


20

Kaya ana maksih sumandhing ingringwang, sapolah poleng uni, anglenggak
atampel, asta Ken Tambangraras, rawuha sun sesangeni, dhuh
anakingwang, edan temen sun iki.


21

Ki Panurta tansah apitutur sira, tumon rabine brangti, aywa keh dinawa,
wus titahing pangeran, ewa mangkana sun iki, wus kawengkonan, maring
sabrang segari.


22

Anakira wau prapteng Nusa Jawa, angrereh tan kapanggih, lah sun
kapakena, wus jangjining Hyang sukma, dalile misesa bumi, muhal yen sira,
akarya kayeki.


23

Anakira linglingen karyanen tanda, yen kawisesa malih, Warsasih tan
mujar, sarya ngusapi waspa, angrungu wuwusing laki-laki, tresna meh
sirna, nanging katon ing ati.


24

Angka muksa bayangan teka aniba, aturu kukub malih, byakta ngemasana,
antaka idhepra, Ki Panurta ngarih-arih, idhepan mirah, pitutur ingsun
yayi.

25

Ni Sumbaling anguwel atutur ipyan, adya ipyan, kadya wong amenyanyi,
sarya ambengcangah, bangiwen saptu ingwang, salah arsa sun angipi,
lamun kaetang, gumuyu dhawak mami.


26

Kang Centhini katon teka kaya edan, met bunglon den susoni, sing
tumingal latah, Ki Panurta angucap, lah artinen ipeneki, matur tan bisa,
angarti ipen kami.


27

Ki Panurta muwus amantra kilase, Centhini denya gusti, mong mongane
lunga, melu saparaneki, antuk jenenge anggusti, wadon Turida, mesem
angrungwa ing ling.


28

Ki Panurta angucap ing mantunira, undangen lakinireki, durung amiarsa
ibune anggung brangti, kandhehing ipe inguni, pituturingwang, kathah
nora den tolih.


29

Ken Turida angucap mantuk maring wismanira, lakinira kepanggih,
alungguh ing tepas, maca Kuda sranggara, Jayengsmara muwus aris, lah
mareneya, pangeran gusti mami.


30

Ken Turida araga pitambuh (hlm. 34) sira, dadya amuwus aris, kaka sireng
ngundang, denira ramanira, bibinta anggeng akingking, tansah karuna,
totonen ipeneki.


31

Jayengsmara amiarsa yen ingundang, gupuh tumurun aris, arja kampuh
jinga, nedhal sebe sampiran, gadhung sinungket angrawit, anulya mintar,
dhastar sambi lumaris.


32

Nulya marek ing rama alinggih agya, tandhane kurang guling, semu alum
nitya, kadya wong mendhem pala, anglalentreh nitya lindri, lwir anon
wayang, jamusnya ulatneki.


33

Ken Turida mesem anglirik ing priya, kagagas poleng uni, ing jroning
paprenan, Ki Panurta angucap, anakingsun sira kaki, bisa ta sira, ingarti
ipen kaki.


34

Ibunira uni dalu aswapena, kakangira kang kepi, kadya pinanganten, sekar
jabung payodan, sinawung lan tri kakalih, apatah layang, seta rupanya
ngerawit.


35

Arja kampuh gadhung asinjang sarasah, kaya pa artineki, matur
Jayengsmara, yen sembada lan tuwan, arja dudu manahneki, ta sang
prang ika, meranginapsuneki.


36

Tegese ijo iku maksih agesang, Ni Malarsih anangis, anakingsun bapa,
ulatana denira, rinangkul putrane gipih, lan arinira, gaawanen aywa kari.


37

Jayengraga kang pinangka rowangira, anjaluk sakeng ati, matur
Jayengsmara, tan langgana manira, lah yen tumeka ing pati, nanging
riningwang, tumut angrarewangi.


38

Angur baya dheweke kapok manira, dok angulati dhihin, sakidule alas
asring kabora-bora, tabete saenggohneki, tekeng wajah waturip.


39

Ing Kalanbret manira alamng kana, maring Lebuasteki, maring
wengkeringwang, ing Tenggalek meh pejah, pun adhi ika mrani bok
wlanjar, pngreka wastaneki.


40

Katuju ana sanak asih maringwang, ika atalang pati, Gunung sumbi ika,
watane wismanira, manira angungsi urip, lintang marmanya, manira den
kukuhi.


41

Dadya lunga manila apela (hlm. 35) rasan, ing dalu kesah mami, prapta ing
ngalangan, manira ayun pejah, Ni Wirana nagunggahi, arsa gubela, uni
manira pun adhi.


42

Saenggen manira sok kabaya-baya, Ni Malarsih mangkya ngling, lah
gawanen uga, pinangka rowangira, lan pituturana kaki, saking Lungsir,
angundang anak mami.


43

Santri Lungsir sampun prapteng griyanenira, Jayengraga kepanggih, arsu
denya ngucap, pakanira ingundang, dening rama tuwan singgih, anulya ada,
merek rama sang yoga.


44

Akampuh jingga sabuk cindhe pathala, keris malela ngrawit, alandheyan
cola, kaya wong topyang bangsa, rasukan alus sulthani, binuyuk gandha,
sekar Angkrek sasi.


45

Ni Ken Raras mesem andhulu lakinya, abagus laki mami, serawuhing rama,
alinggih jejer sira, kelayan Ki jayengrasmi, aris angucap, mangke Ki
Jayengrasmi.


46

Jayengraga manira kinon wangsula, angulatana malih, lawan panakira, Ki
Jayeraga mojar, nora linyok ujar mami, yen dereng karya, kakang aywa ge
mulih.


47

Dalihane si kakang age muliha, kangening rabineki, mesem Jayengsmara,
boli adhi pakara, akeh panalamur brangti, tumungkul Jayengraga mesem
anjawil.


48

Abibisik lah kakang aywa papoyan, manawi miarseki, yayi pakanira, budine
iku ala, lah ta lunga binjing enjing, saksana serap, Yang ganti wengi.


49

Samya amit ing rama mantuk ing wisma, Ken Turida prihatin, pan ayun
tinilar, tansah ngusapi waspa, den rusak paesireki, Ki Jayengsmara, mara
angrih-arih.


50

Winangwang pangkon sarwi ngilinglingan, dhuh jiwaningsun gusti,
sanglwiring kusama, lah katuna pangeran, aywa sira lara kaki, mung
sinjangira, baktaken ing kami.


51

Ingsun karya panglepur lara pangeran, idhepen ujar mami, wetningsun
kemengan, patudhuhireng rama, parandene sun glis prapti, wadon Turida,
idhep ujaring laki.


52

Ni Ken Raras mulih sarwi apepayon, tumoning ipeneki (hlm. 36), anangis
alara, sang kakung angrerepa, katuwane awak mami, padha apriya, ingsung
tan pathuk singgih.


53

Nora kaya mangke wus dumduman ingwang, leheng rangdha mami,
Jayengraga wikan, rabine esmu ewa, dadya sinamun asweki,
adodongengan, sarwi den bebanteni.


54

Bewek-bewek denira agawe aswa, menjoco tur mandelik, Ni Ken Raras
ewa, mulat ing lakinira, tumurun sarwi anangis, mesem Ki Jayeng angriharih.

55

Ki Jayengraga bisa ametning dyah, gitasmara gameki, puh kenya
mamenang, jarik sutra ingintar, kaya ngalapana urip, swara nyuh prana,
den gewuh astaneki.

56

Sinambut ingemban maring pagulingan, tan kawarna ing riki, polahe sang
raras, muwah Ki Jayengsmara, kocapa mangke kang injing, wus amit sira,
ing ramanira kalih.


57

Jayengsmara kelawan Ki Jayengraga, asalin busana sri, samya kampuh
jingga, lunga anglaya desa, aglis lampahnya anuli, datan ambakta,
panakawan sasiki.


58

Injang mintar saking dhusun Wanamarta, kang kantun lara nagis, akeh
kang kapapg, kapidulur lumampah, sambawa rame atri, samya pepanthan,
waneh angumbar liring.

59

Samberawa gumuruh sarwi jajawat, maring Ki jayengrasmi, lawan
Jayengraga, sawaneh ana ngucap, pantes yen ambebarengi, meneh lungaa,
yen sampun prapti mami.


60

Ni perawan angling iku arinira, anut wuri ing kami, Ni Wulanjar mujar, Ri
Rara anjejawat, nora taha raganeki, maneh wong doha, denyaarep
amateni.


61

Ni bok rangdha Bilar angusek srinata, sarwi amuwus aris, iku pamanira,
anut wuri ing ringwang, baya adhatengan iki, sakarsanira, wong lanang sun
turuti.


62

Nini kang maju milwa jejawat, iku kaki nireki, sewala lang ingwang, sedalu
ngukih prana, nging kurang sranggara manis, dedimon lunga, ingure sun
alaki.


63

Kang anyunyu tur kang bisa ilmu donya, Jayengraga anolih (hlm. 37),
mesem sarwi ngucap, tuwa tan wruh ing wayah, manhe kaya dok uni,
lakunya owah, untune kari siji.


64

Jayengsmara apituturing wencana, rama amanis yayi, den yatno bencana,
ing sarira ika, den kalingling mulaneki, aywa ta sira, wuruk sudi karyeki.

65

Depuh wikan paraning paningalira, nora ngulati marih, salwir katingalan,
iku mangka paesan, kabeh saking sang Hyang Widi, akarya alam,
sakarsanira dadi.


66

Ingaring dalil akal yayi ika, dadine jagat iki, nyata iku tandha, pracinaning
kabisan, ing Hyang sarya dumadi, iku ingaran tapadh dhal iku yayi.


67

Kang aduwe tandha den wruh jatineki, ingaran dalil iki, mungguh budi akal,
budi ingkang grakita, pasthi ana kang akardi, iku ingaran, wiwaraning kang
budi.


68

Ana dene dalil kang ingaran Kuran, sabdanira Hyang Widi, ingkang
sinuratan, mangsi lawan dhaluwang, sing sapa maedo kapir, ing patang
madhab, madhuleden wruh yayi.


69

Sabdaning Hyang kasurat mangsi dhaluwang, tan basa swara yayi, perihen
ing lumampah, tatakrama den wikan, dasar den patitis, adugeng lampah,
den takeng tamahneki.


70

Sajrone parimana wus kajajagan, dening budi kang luwih, ika kang
anjajag, kakang manira nedha, yen tan mangkana yayi, dadya luluyang
ambeke welakeki.

71

Akeh kang wong kalurung tan tatakrama, ala den dalih becik, tan anut
washiyat, tirane kang mulya, sasar susur lampahneki, lawan parnesan,
malih tan den owahi.


72

Kang saweneh katungkul aja-jorongan, anggungaken ing dhiri, kajatmikan
ilang, dening angaku bisa, tan patuh ing syara singgih, kabura-bura,
karunjang dening jurit.


73

Alon-alon lampahe Ki Jayengsmara, lawan arinireki, ingari wus liwat,
kesthi, sambi lumampah, pitutur ing arineki, Ki Jayengraga, samarga
amisinggih.


74

Kawarana kalangening (hlm. 38) wanasrama, mungguh tepining margi,
sampun tingling kilen mangke Sang Yang Aruna, surem prabangkaraneki,
wus kalamukan, alon lampahe kalih.


75

Gerah alangu swaranya andesmara, pater swaranya aris, lwir madyaning
dyah, kang kesisan calumpring.


76

Werah weneh jurang perangnya lit asinggara, toyanya juging curing, asri
swaranira, petung lunung ing marga, gumerisik kang Wuluh gadhing, lwir
madyaning dyah, kang kesisan calumpring.


77

Dadining Andong pring samya ambabar, gandanya marbuk minging, lwir
madya kasisan, sinjang kokihing tilam, welahannya megat margi, tirta
ulekan, saking kedhung anjrihi.


78

Jayengsmara araryan soring Angsoka, kuncara wastaneki, lawan
Jayengraga, ngahub soring kapidya, kaleson linggih, arsa nginuma,
toyaneng dhandhanggendhis.
 
Support : Red Point Akupunktur | Prigi Tirta Wisata
Copyright © 2013 SEKAR LARAS - All Rights Reserved
Template Created by Creating Website Published by Mas Template
-->