Home » » Pararaton ~ Bagian IV - IV ~

Pararaton ~ Bagian IV - IV ~


BAGIAN IV [18]

[18]

Lingirâpañji Tohjaya ri kang amikul: "Beciki gadagta, katon pamungkure". Sangkaning tan awet ratu dene silit iku. Rawuhireng Lumbang katang, mokta sira. Anuli dhinarmeng Katang lumbang. Linanira i çaka 1172. Tumuli sira Rangga wuni angadeg ratu. Kadi naga roro saleng lawan sira Mahisa campaka. Sira Rangga wuni abhiseka Wisnuwarddhana karatunira, sira Mahisa campaka dadi ratu angabhaya, abhiseka bhatâa Narasinga. Atyanta patutira, tan hana wiwal. Bhatâra Wisnuwardhana angadegaken kuta ring Canggu lor, i çaka 1193. Mangkat sira amerep ing Mahibit, angilangaken sang Lingganing pati. Sangkaning Mahibit alah, linebon wong aran sira Mahisa bungalan. Pañjenengira çrî Rangga wuni ratu tahun 14, moktanira 1194, dhinarma sira ring Jajagu. Sira Mahisa campaka mokta, dhinarma ring Kumeper, pamelesatanira ring Wudi kuñcir.

BAGIAN V [18-19]

[18]
Çri Rangga wuni atinggal putra lanang, aran çri Kertanagara; sira Mahisa campaka atinggal putra lanang, aran raden Wijaya. Siraji Kertanagara sira añjeneng prabhu, abhiseka bhatara Çiwabuddha. Hana ta wongira, babatanganira buyuting Nangka, aran Bañak wide, sinungan pasenggahan arya Wiraraja, arupa tan kandel denira, dinohaken, kinon adhipatia ring Sungeneb, anger ing Madura wetan. Hana ta patihira nduk mahu añjeneng prabhu, puspapata sira mpu Raganatha, nityasa angaturi rahayuaning tuhan, tan kedep denira çri Kertanagara; sangkanira mpu Raganatha asalah linggih mantu apatih, ginanten denira Kebo tengah sang apañjy Aragani. Sira mpu Raganatha gumanti dadi adhyaksa ri Tumapel. Sanpañjeneng çri Kertanagara angilangaken kalana aran Bhaya. Huwusing kalana mati, angutus ing kawulanira, andona maring Malayu. Samangka akedik kari wong Tumapel, akeh kang katuduh maring Malayu. Sirapañjy Aragani angateraken, mangsul ing Tuban, teka ring Tumapel sang apañjy Aragani angaturi tadahan pratidina, akasukan siraji Kertanagara. Hana ta pasawalanira lawan siraji Jaya katong ratu ring Daha, pinakamusuhira siraji Kertanagara, kemper pangaladeçaning çatru, tan enget yan dosanira. Sira Bañak wide atuwuh patang puluh tiga duk pamalaya, amitra lawan siraji Jaya katong, asurawean akenkenan saking Madura sira Bañak wide apasenggahan arya Wiraraja; mangkana siraji Jaya katong autusan maring Madura. Sira Wiraraja akirim surat dateng i siraji Jaya katong. Unining sawalan:“Pukulun, patik aji matur ing paduka aji anenggeh paduka aji ayun abuburu maring tegal lama, mangke ta paduka aji abuburua, duweg kaladeçanipun tambonten wonten baya, tambonten macanipun, tambonten bantengipun, muwah ulanipun, rinipun, wonten macanipun anging guguh“. Sang apatih tuha sira

[19] 

mpu Raganatha kang ingaran macan guguh, apan sampun atuha. Samangka siraji Jaya katong mangkat amerep ing Tumapel. Sañjata kang saka loring Tumapel wong Daha kang alaala, tunggul kalawan tatabuhan penuh, rusak deça saka loring Tumapel, akeh atawan kanin kang amamerangaken. Sañjata Daha kang amarga lor mandeg ing Memeling. Sira bhatara Çiwabuddha pijer anadah sajöng, ingaturan yan pinerep saking Daha, apahido sira, lagi amijilaken andika: “Kadi pira siraji Jaya katong mongkonoa ring isun, apan sira huwus apakenak lawan isun“. Duk angaturaken kang atawan kanin, samangka sira mintuhu. Samangka raden Wijaya tinuduh amaguta sañjata kang saka loring Tumapel ingiring denira arya dikara sira Bañak kapuk, sira Rangga lawe, sira Pedang, sira Sora, sira Dangdi, sira Gajah pagon, anakira Wiraraja aran sira Nambi, sira Peteng, sira Wirot, sañjata abecikbecik, kang anangkis sañjata Daha bubuhan lor, sama amuk, rampak, kapalayu wong Daha kang metu saka lor, tinut binuru denira raden Wijaya. Dadi tumedun sañjata agung saking Daha kang saking pinggir Aksa anujw ing Lawor, tan wineh humunga, tan amawa tunggul nguniweh tatabuhan, teka ring Siddhabhawana añjugjug ring Singhasari pisan. Patih ring Daha sira Kebo mundarang, sira Pudot, sira Bowong pinakadining sañjata Daha saka kidul. Sedengira bhatara Çiwabuddha anadah sajöng lawan apatih, nduk sira kaparajaya sama sira angemasi, sira Kebo tengah apulih, mati ring Manguntur.

BAGIAN VI 

[19]

Raden Wijaya sira tinuturaken magalor, ingaturan yan bhatara Çiwabuddha mokta dening sañjata Daha anduni saka kidul, pun patih tuha sampun angemasi, sama umiringi talampakanira bhatara. Samangka raden Wijaya mangsul, sakawulanira sama apapalayon maring Tumapel. Tekanira ring Tumapel amapulihaken tanpantuk, gumanti sira kabalik, binuru tinut denipun Kebo mundarang, sumengka raden Wijaya angungsi ri sawah miring, paksanipun Kebo mundarang anduka ring Buntal. Raden Wijaya amañcal sisingkalaning amuluku, dadanipun Kebo mundarang tekeng mukanipun kebek enduk, mundur tur angucap: “Aduh tuhu yan dewa si pakanira raden”. Samangka raden Wijaya adum lañcingan giringsing ring kawulanira sawiji sowang, ayun sira angamuka. Kang dinuman sira Sora, sira Rangga lawe, sira Pedang, sira Dangdi, sira Gajah. Sira Sora anempuh, akeh longing wong Daha. Aturira Sora: “Mangke pangeran pakanira anempuha, kaladeçanipun mangke”. Anempuh raden Wijaya. Mangkin akeh longing wong Daha, tur mundur kalangan wengi, tumuli akuwu. Sedeng sireping wong tinut ingamuk manih denira raden Wijaya, samangka bubar wong Daha, akeh wong kena ring tumbaking sama-rowangipun aridu wong palajenging wong Daha. Wonten ta putrinira bhatara Çiwabuddha sama istri kalih siki, jaga panggihakena lawan raden Wijaya denira bhatara Çiwabuddha, kalih sira kajarah dening wong Daha;

[20]

rahaden istri sira sang anom apisah lawan sira sang panuha tan tunggal paranira malajeng. Weting Daha ta ridu dening pangamukira raden Wijaya. Kalaning wengi, wonten ta balemaning wong Daha murub ageng urubipun. Kapanggih raden istri panuwa irika, katinghalan sira denira raden Wijaya, enget yen raden yayistri panuha. Mangkin ta denira sambut denira raden Wijaya, tur angandika ring sira Sora: “Sora, lah ta”, angungsed, “angamuk maneh, malar katemua yayi sira sang anom”. Matur sira Sora: “Sampun dewa, apan si(ra) rayi pakanira panuha sampun kapanggih; pira si katahing kawula-pakanira puniki”. Sahuring raden Wijaya: “Iya denira iku”. Samangka sira Sora matur maneh: “Duweg, pukulun pakanira mundura, apan yan amaksakena angamuk sirantuka, leheng, lamun sira rayi-pakanira anom kapanggih, yen tan kapanggih kadi lalaron anggepok damar”. Samangka sira mundur, raden yayistri sira ingemban, saratri sira lumaku mangalor, esuk sira tinututan dening wong Daha, katututan sira kiduling Talaga pager. Wongira sama aganti angareni aprang angandeng ing wong Daha. Sira Gajah pagon katumbak pupune trus, anghing kawasa lumaku. Andikanira raden Wijaya: “Gajah pagon kawaça sira lumaku, lamun tan kawaça, lah pada angamuk”. “Kawaça manira, pangeran, anging alonlonan”. Wong Daha tan patya denipun anut ing sira, awekasan mangsul ing Talaga pager. Raden Wijaya angayam alas lawan kawulanira sakehing angiring, sama aganti angemban ing raden yayistri; wekasan kawulanira abhawarasa, anggunita tingkahanira raden Wijaya. Sampun putusing çabda, sama akembalan atur: “Pukulun, aturing kawula-pakanira samadaya, punapa ta wekas-pakanira puniki, kang angayam alas, kahayuning kawula-pakanira samadaya apened yan pakanira datenga ring Madura wetan; pakanira angungsia ri pun Wiraraja, malar kenaha pakanira-paraçraya, kadi pira tanpawilasaha, apan marganipun agung denira sira rama-pakanira sira sang moktah”. Lingira raden: “Iya iku lamun awilaça, mon tan awilaça, akeh deningsun awirang”. Sahurira Sora, sira Rangga lawe, sira Nambi, sama akedö sahur manuk: “Pukulun, kadi pira pun Wiraraja palingaha pangeran”. Ya ta sangkanira raden ahidep ing aturing kawulanira. Sah sira saking jero alas, teka ring Pandakan, maring buyuting Pandakan aran Macan kuping. Rahaden Wijaya sira amalampah ingaturan sedengan, ingaturan tinadah toyanipun, duk bineñcah esi sekul putih. Agawok kang tumon. Ujaring wong: “Pelang dahat, apan tan hana duwegan a-isi sekul”. Sira Gajah pagon tan kawaça lumaku; andikanira raden Wijaya: “Buyuting Pandakan, ingsun atuwawa wong sawiji, Gajah pagon tan bias lumaku, didine ring sira”. Ujaring wong Pandakan: “Duh gawe ala si pukulun, yen kapanggiha iriki pun Gajah pagon, masa wontena kawula sa-

[21]

mering Pandakan, kahayuning kawula didinipun wonten ing kubon alas, pangaritaritan alalang, binengang ing tengah, pinakaryaken gubug, asepi tan wonten kawula sapeksa, kawula Pandakan asunga tedanipun nangken dina”. Kantun sira Gajah pagon. Raden Wijaya anuli maring Datar amemengi. Tekeng Datar anulumpak ing parahu. Sañjata Daha mantuk. Raden yayistri sira sang anom tulus kajarah maring Daha, katur ing siraji Jaya katong. Suka ingaturan moktanira bhatara Çiwabuddha. Raden Wijaya anabrang mangalor, tumurun sira saking parahu, kawengen ing tengahing sawah ring deça paminggiring Sungeneb. Angrereb ing sawah lalahan mentas ginaru, galengipun anipis. Samangka ta sira Sora aturu kumureb, lininggihan denira raden Wijaya lawan raden yayistri. Ring eñjang sira lumaju maring Sungeneb, areren ing bale pañjang. Wongira kinen atitilika, yen wonten sira Wiraraja sineba. Mangsul kang atilik apan sira Wiraraja wonten sineba. Mangkat rahaden Wijaya maring pasebanira Wiraraja. Sadatengira raden ing paseban, sira raden Wijaya tininghalan denira Wiraraja, kaget sira Wiraraja tumon ing rahaden, tumurun sira Wiraraja tur anuli mantuk, dateng ing pagerhan, aluwaran sineba. Kanggek twasira raden Wijaya, angandika ring sira Sora, sira Rangga lawe: “Lah paran si ujarisun, akeh denisun awirang, baya luhung isun angemasana pati duk angamuk ika”. Anuli sira dateng ing bale pañjang, wekasan dateng sira Wiraraja marek arantaban sagerha, makadi pinatihira, prasama anampa sedah woh. Aturira Rangga lawe: “Pukulun, dede ta pun Wiraraja punika mangkin marek”. Samangka iccha twasira raden. Ken pinatih angaturi sedah ring raden yayistri, sira Wiraraja angaturi sedah ring raden lanang. Sira Wiraraja angaturi dumununga ring gerha kadipaten. Raden yayistri anitihi gilingan, rabinira Wiraraja kabeh sami adarat, angiring ing raden istri, sira Wiraraja angiring ing raden Wijaya. Teka ring kadipaten anuli miñjero, dinunungaken ing paturonira Wiraraja. Raden Wiraraja pinarek ing wijil pingrwa denira Wiraraja sambi atutur kamoktanira bhatara sang lumah ring panadahan sajeng, malih atutur pangamukira ring wong Daha. Matur sira Wiraraja: “Mangke si rahaden punapa kayun-pakanira”. Sumahur sira rahaden Wijaya: “Isun amalaku sinakuta ring sira, yen hana pawilaçanira”. Aturira Wiraraja: “Sampun pakanira walang ati, anghing depun-alon ugi”. Tur sira Wiraraja angaturi lumajua mantuk maring dalem. Samangka sira Wiraraja angaturi wastra sabuk siñjang, sama tinampa dening rabinira, makadi ken pinatih. Andikanira raden: “Bapa Wiraraja, tan sipi gunge hutangisun ing sira, mun katekan sadhyanisun, isun-parone tembe bhumi Jawa, sira amuktia sapalih, isun kang sapalih”. Aturira Wiraraja: “Sawadinipun, pukulun, lamun pakanira jumenenga ugi”. Mangkana samayanira raden kalawan sira Wiraraja. Atyanta pangupakaranira Wiraraja ring raden, pratidina angaturi tadah, tan ucapakena denira angaturi tadah sajeng. Alama raden Wijaya haneng Sungeneb. Irika ta sang arya Wi-

[22]

raraja matur: “Pangeran, manira angambil upaya, pakanira sewakaha ugi ring siraji Jaya katong, pakanira apiapia aneda ingapura, abhasa anungkul; lamun ugi siraji Jaya katong ayun pakanira-sewaka, pakanira angera ring Daha sakarengan, lamun pakanira arupa ingandel, wonten ta alasing wong Trik pakanira-tedaha ring siraji Jaya katong, pakanira-tarukaha, kawula Madura kang ababad anaruka, apedek parantunaning kawula Madura marek ing pakanira. Don-pakanira asewaka punika ta pakanira-ingetakena wongira siraji Jaya katong kang tuhu, kang wani, kang jejerih, kang bisa makadi buddhinipun Kebo mundarang, pakanira-kawruhana, sampun katepas kabeh, pakanira amita anghera ring antuking kawula Madura anaruka alasing wong Trik; pakantukipun ta manih manawi wonten kawula-pakanira kang saking Tumapel, mantuk manih marek ing pakanira, pakanira-tanggapana, yadyan kawula saking Daha ayun angungsi ring pakanira, pakanira kekehana, yan sampun kawawa sañjata Daha den-pakanira. Mangke manira akirim atur ing siraji Jaya katong”. Mangkat kang kinon angaturakena sawalan, anabrang mangidul, tekeng Daha marek ing siraji Katong, angaturaken surat. Unining surat: “Pukulun, atur patik aji, denira sira potraka paduka aji, aneda ingapura, ayun anungkul ing paduka aji; punika ta depun-kawruhanandika paduka aji, yan suka lawan tan suka”. Andikaniraji Katong: “Paran tan sukahaningong yan kaki arsa Wijaya ahidepa iringong”, tur kinon muliha kang utusan, amawandikanira. Satekaning utusan asrah andika; sampun winaca ring ayunira raden, ring ayunira Wiraraja. Suka sira Wiraraja. Samangka raden Wijaya mantuk maring Jawa, ingiring dening kawulanira, ingateraken dening wong Madura, sira Wiraraja angateraken mangsul ing Terung. Tekeng Daha enak denira asewaka ring siraji Katong, kinasihan. Datengira ring Daha amenangi Galungan, wongira kinon asasaramaha saking dalem, henti gawoking sang mantri ring Daha tumon, rehing sama abecikbecik, kang pinakadi sira Sora, sira Rangga lawe, sira Nambi, sira Pedang, sira Dangdi, sama malayu ring pasasaramaning Manguntur ing Daha. Gumanti mantri ring Daha malayu, kang pinakadi prajurit aran sira Panglet, lawan sira Mahisa rubuh, sira patih Kebo mundarang, katelu pada kasoran palayunipun denira Rangga lawe lawan sira Sora. Alama siraji Katong angenaken susudukan: “Kaki arsa Wijaya, lah reke sirasusudukana, isun ayun aniningalana, mantrinisun pinakalawanira”. Aturira raden: “Singgih pukulun”. Atangkep kang susudukan, antyanta ramening tatabuhan, kang aniningal penuh tanpaligaran, asri kapalajeng wongiraji Katong. Andikaniraji Katong: “Aturana kaki arsa Wijaya, aja milu, sapa ta wong wani alawan gustine”. Awusan sira rahaden, mangkin tapapak patangkeping susudukan amburu-binuru; wekasan sira Sora anuju ring sira patih Kebo mundarang, sira Rangga lawe anuju ring sira Panglet, sira Nambi

[23]

anuju ring sira Mahisa rubuh, wekasan kapalayu sang mantri Daha dening wongira raden Wijaya, tan hananing apulih, anuli awusan. Samangka raden Wijaya sapeksa yan kasoran mantri Daha dening wongira. Tumuli akirim andika ring sira Wiraraja, tumuli sira Wiraraja awekas atur akon anedaha alasing wong Trik. Suka siraji Katong. Ya ta mulaning anaruka alasing wong Trik. Duk mahu tinaruka dening Madura, hana wong alapa kurang sangunipun ababad, amangan maja, kapahiten, sama depun-buñcal antukipun aruru maja punika, kasub yan wonten wohing maja dahat apahit rasanipun, singgih ta ingaran ing Majapahit. Sampun kawilang satingkah-polahing Daha denira raden. Ring Majapahit sampun arupa deça. Wongira Wiraraja asurawean maring Daha, aparantunan ing Majhapahit. Sira Wiraraja awekas atur ing raden, polahira amita ring siraji Katong. Samangka raden Wijaya amit anghera ring Majhapahit. Suka siraji Katong katungkul dening sih, lawan bisanira raden asewaka, kadi tuhu. Sasampunira raden Wijaya angher ing Majapahit, asung sapeksa ring sira Wiraraja yan sampun kawawa sang mantra ring Daha denira, dening sakawulanira. Raden Wijaya angajak ing sira Wiraraja amerepeng Daha. Sira Wiraraja anayuti, angucap ing utusan: “Aja geru, hana upayanisun manih, matura sira ki pangalasanira ring sira pangeran, isun amitra lawan sang ratu ring Tatar, isun-tawanane rajaputri, sira ta kaki pangalasanira, muliha mangke iki maring Majhapahit. Sapungkurira sun akirim surat maring Tatar, apan parahu saking Tatar mangke hana adagang merene. Hana parahunisun, sun-kon milua maring Tatar, angajak amerep ing Daha; lamun huwus kalah sang ratu ring Daha, hana rajaputri ring Tumapel hayu, sanusa Jawa tan hanamadani, irika akua ring ratu Tatar, iku pangapusisun ing ratu Tatar. Aturanira ring sira pangeran, malar tututa milu angalahaken Daha”. Mulih pangalasanira maring Majhapahit. Raden Wijaya suka ingaturan sawewekasira Wiraraja. Sapungkuring pangalasan, sira Wiraraja akonkonan maring Tatar. Sira Wiraraja angalih maring Majhapahit sagerha anggawa paprang saking Madura, sakehing wong Madura kang abecikbecik ginawa saha sañjata. Satekaning utusan saking Tatar amerep ing Daha. Sañjata saking Tatar ametoni saka lor, sañjata saking Madura lawan kang saking Majapahit metu saka wetan. Epuh siraji Katong, tan wruh kang jaganen. Ya ta binotan saka lor dening wong Tatar. Sira Kebo mundarang, sira Panglet, sira Mahisa rubuh, ajaga sañjata kang saka wetan. Sira Panglet mati denira Sora, sira Kebo rubuh mati denira Nambi, sira Kebo mundarang apagut lawan sira Rangga lawe, kapalayu sira Kebo mundarang, katututan ing lurah Trinipanti, mati denira Rangga lawe. Angucap sira Kebo mundarang ring sira Rangga lawe: “Ki Rangga lawe, hana anakingsun wadon, den-alapa dene ki Sora, gañjarane wani”. Siraji Jaya katong anempuh mangalor asikep dadap karebut dening wong Tatar,

[24]

apuhara kasikep, sira kapañjara dening wong Tatar. Raden Wijaya agelis mañjing ing jero kadatoning Daha, amalayoken ing raden yayistri sira sang anom. Anuli bhinakta maring Majapahit, satekanira ring Majhapahit teka wong Tatar amalaku rajaputri, apan sanggupira Wiraraja, yan huwus kalah ring Daha, angaturakena putri kang saking Tumapel kalih pisan. Ya ta kemengan sang mantra kabeh, angulati sanggupa manih. Angucap sira Sora: “Lah isun uga si angamukana ring wong Tatar yen maririki”. Sumahur sang arya Wiraraja: “Singgih, kaki Sora, hana upayanisun manih”. Mangkin ta angulati sanggupa. Punika kang pinagunemakening mantri. Sanggupira Sora: “Pira antukaning angamukana wong Tatar”. Ring sore masa yan lingsir kulon wong Tatar teka amalaku rajaputri. Sahurira Wiraraja: “Sawong Tatar, hayo uga sira age-age, sang rajaputri lagi prihatin, apan kawus tumon ing sañjata duk kalahing Tumapel, makadi duk kalahing Daha, awedi temen yen aninghali sarwa lalandep; embesuk ta sinrahaken ing sira, winadahan pasagi pinikul ingupacara ring wastra, ingateraken maring parahunira; sangkaning winadahan pasagi denira alumuh tumona ring lalandep, kalawan ta kang ananggapi ring sang rajaputri, aja wong Tatar kang alaalane, wong kang becike, ajamawa sahaya, apan sanggupira sang rajaputri yen tumona ring sarwa lalandep, yadyan tekaha ring parahu, alabuh er sira; nora ta para hilang denira atoh pati yan sang rajaputri alabuha toya”. Ahidep wong Tatar ingapus. Ujaring wong Tatar: “Abener dahat sabdanira puniku.” Tekaning samaya aserah rajaputri, dateng agebagan kang wong Tatar amalaku rajaputri, sama tan amawa lalandep. Teka ring jeroning lawang Bhayangkara, wong Tatar ingineban lawang kinuñcen ing jaba ring jero. Krisira Sora den-wulang ing pupune. Samangka den-amuk wong Tatar, denira Sora, telas padem. Sira Rangga lawe angamuki kang ing jabaning panangkilan, tinut tekeng dunungane malayu maring sohaning Canggu, tinut pinaten. Akara sapuluh dina teka kang andon saking Malayu, olih putri roro, kang sawiji ginawe binihaji denira raden Wijaya, aran raden Dara petak; kang atuha aran Dara jingga, alaki dewa apuputra ratu ring Malayu, aran tuhan Janaka, kasirkasir çri Marmadewa, bhiseka siraji Mantrolot. Tunggal pamalayu lan patumapel i çaka resi-sanga-samadhi, 1197. Pangadeg aji Katong ratu ring Daha i çaka naga-muka-dara-tunggal, 1198. Teka ring Jung galuh aji Katong angapus kidung Wukir polaman, wusing angapus kidung moksa.

=============== 

IV. Kemudian Ranggawuni menjadi raja, ia dengan Mahisa Campaka dapat diumpamakan seperti dua ular naga didalam satu liang. Ranggawuni bernama nobatan Wisnuwardana, demikanlah namanya sebagai raja, Mahisa Campaka menjadi Ratu Angabhaya, bernama nobatan Batara Narasinga. Sangat rukunlah mereka, tak pernah berpisah. Batara Wisnuwardana mendirikan benteng di Canggu sebelah utara pada tahun Saka 1193. Ia berangkat menyerang Mahibit, untuk melenyapkan Sang Lingganing Pati. Adapun sebabnya Mahibit kalah, karena kemasukkan orang yang bernama Mahisa Bungalan. Sri Ranggawuni menjadi raja lamanya 14 tahun, ia wafat pada tahun 1194, dicandikan di Jajagu. Mahisa Campaka wafat, dicandikan di Kumeper, sebagian abunya dicandikan di Wudi Kuncir.

V. Sri Ranggawuni meninggalkan seorang anak laki laki, bernama Sri Kertanegara, Mahisa Campaka meninggalkan seorang anak laki laki juga, bernama Raden Wijaya. Kertanegara menjadi Raja, bernama nobatan Batara Siwabuda.

Adalah seorang hambanya, keturunan orang tertua di Nangka, bernama Banyak Wide, diberi sebutan Arya Wiraraja, rupa rupanya tidak dipercaya, dijatuhkan, disuruh menjadi Adipati di Sungeneb, bertempat tinggal di Madura sebelah timur. Ada Patihnya, pada waktu ia baru saja naik keatas tahta kerajaan, bernama Mpu Raganata, ini selalu memberi nasehat untuk keselamatan raja, ia tidak dihiraukan oleh Sri Kertanegara, karenanya itu Mpu Raganata lalu meletakkan jabatan tak lagi menjadi Patih, diganti oleh Kebo Tengah Sang Apanji Aragani. Mpu Raganata lalu menjadi Adiyaksa di Tumapel.

Sri Kertanegara pada waktu memerintah, melenyapkan seorang kelana bernama Baya. Sesudah kelana itu mati, ia memberi perintah kepada hamba rakyatnya, untuk pergi menyerang Melayu. Apanji Aragani menghantarkan, sampai di Tuban ia kembali, sedatangnya di Tumapel Sang Apanji Aragani mempersembahkan makanan tiap tiap hari, raja Kertanegara bersenang senang. Ada perselisihannya dengan raja Jaya Katong, raja di Daha, ini menjadi musuh raja Kertanegara, karena lengah terhadap usaha musuh yang sedang mencari kesempatan dan ketepatan waktu, ia tidak memikir kesalahannya. Banyak Wide berumur 40 tahun pada peristiwa penyerangan Melayu itu, ia berteman dengan raja Jaya Katong, Banyak Wide yang bergelar Arya Wiraraja itu dari Madura, mengadakan hubungan dan berkirim utusan. Demikian juga raja Jaya Katong berkirim utusan ke Madura. Wiraraja berkirim surat kepada raja Jaya Katong, bunyi surat: "Tuanku, patik baginda bersembah kepada paduka raja, jika paduka raja bermaksud akan berburu di tanah lapang lama, hendaknyalah paduka raja sekarang pergi berburu, ketepatan dan kesempatan adalah baik sekali, tak ada bahaya, tak ada harimau, tak ada banteng, dan ularnya, durinya, ada harimau, tetapi tak bergigi." Patih tua Raganata itu yang dinamakan harimau tak bergigi, karena sudah tua. Sekarang raja Jaya Katong berangkat menyerang Tumapel. Tentaranya yang datang dari sebelah utara Tumapel terdiri dari orang orang yang tidak baik, bendera dan bunyi bunyian penuh, rusaklah daerah sebelah utara Tumapel, mereka yang melawan banyak yang menderita luka. Tentara Daha yang melalui jalan utara itu berhenti di Memeling.

Batara Siwa Buda senantiasa minum minuman keras, diberi tahu bahwa diserang dari Daha, ia tidak percaya, selalu mengucapkan kata: "Bagaimana dapat raja Jaya Katong demikian terhadap kami, bukanlah ia telah baik dengan kami." Setelah orang membawa yang menderita luka, barulah ia percaya. Sekarang Raden Wijaya ditunjuk untuk berperang melawan tentara yang datang dari sebelah utara Tumapel, disertai oleh para arya terkemuka: Banyak Kapuk, Rangga Lawe, Pedang Sora, Dangdi Gajah Pangon, anak Wiraraja yang bernama Nambi, Peteng dan Wirot, semua prajurit baik, melawan tentara Daha di bagian utara itu, dikejar diburu oleh Raden Wijaya.Kemudian turunlah tentara besar besar dari Daha yang datang dari tepi sungai Aksa, menuju ke Lawor, mereka ini tak diperbolehkan membikin gaduh, tidak membawa bendera, apalagi bunyi bunyian, sedatangnya di Sidabawana langsung menuju Singasari. Yang menjadi prajurit utama dari tentara Daha sebelah selatan ini, yalah: Patih Daha Kebo Mundarang, Pudot dan Bowong. Ketika Batara Siwa Buda sedang minum minuman keras bersama sama dengan patih, maka pada waktu itu ia dikalahkan, semua gugur, Kebo Tengah yang melakukan pembalasan, meninggal di Manguntur.

VI. Raden Wijaya yang diceritakan ke utara tersebut diberi tahu, bahwa Batara Siwa Buda wafat, karena tentara Daha turun dari selatan, patih tua juga telah gugur, semua mengikuti jejak batara. Segera Raden Wijaya kembali, beserta hamba hambanya, berlari lari ke Tumapel, melakukan pembalasan, tidak berhasil, bahkan terbalik, dikejar, diburu oleh Kebo Mundarang, Raden Wijaya naik keatas, mengungsi di Sawah Miring, maksud Kebo Mundarang akan menusuknya dengan tombak, Raden Wijaya menyepak tanah bekas di tenggala, dada Kebo Mundarang sampai mulanya penuh lumpur, ia mundur sambil berkata: "Aduh, memang sungguh dewalah tuanku ini." Sekarang Raden Wijaya membagi bagi cawat kain ikat berwarna merah, diberikan kepada hamba hambanya, masing masing orang mendapat sehelai, ia bertekad untuk mengamuk. Yang mendapat bagian, yalah: Sora, Rangga Lawe, Pedang, Dangdi dan Gajah Sora, segera menyerang, banyak orang Daha yang mati. Kata Sora: "Sekarang ini, tuan, hendaknyalah menyerang, sekarang baik kesempatan dan saatnya."


Raden Wijaya lekas lekas menyerang, semakin banyak orang Daha yang mati, mereka lalu mundur, diliputi malam, akhirnya berkubu. Pada waktu sunyi orang telah tidur, dikejar dan diamuk lagi oleh Raden Wijaya, sekarang orang orang Daha bubar, banyak yang tertusuk oleh tombak temannya sendiri, repotlah orang prang Daha itu larinya. Batara Siwa Buda mempunyai dua orang anak perempuan, mereka ini akan dikawinkan dengan Raden Wijaya, demikianlah maksud Batara Siwa Buda itu, kedua duanya ditawan oleh orang Daha, puteri yang muda berpisah dengan puteri yang tua, tidak menjadi satu arah larinya, berhubung dengan kerepotan orang Daha, disebabkan Raden Wijaya mengamuk itu. Pada waktu malam tampak api unggun orang Daha bernyala dan oleh Raden Wijaya, yang segera dikenal, bahwa itu adalah puteri yang tua. Lekas lekaslah diambil oleh Raden Wijaya, lalu berkata: "Nah, Sora, marilah mendesak mengamuk lagi, agar dapat bertemu dengan puteri muda." Sora berkata: "Janganlah tuan, bukankah adik tuan yang tua sudah tuan temukan, berapakah jumlah hamba tuanku sekarang ini." Jawab Raden Wijaya: "Justru karena itu."

Maka Sora berkata lagi: "Lebih baik tuanku mundur saja, karena kalau memaksa mengamuk, seandainya berhasil itu baik, kalau adik tuanku yang muda dapat ditemukan, kalau tidak dapat ditemukan, kita akan seperti anai anai menyentuh pelita." Sekarang mereka mundur, puteri bangsawan didukung, semalam malaman mereka berjalan ke utara, keesokan harinya dikejar oleh orang Daha, terkejar disebelah selatan Talaga Pager. Orang orangnya ganti berganti tinggal dibelakang, untuk berperang, menghentikan orang Daha.

Gajah Pagon kena tombak tembus pahanya, tetapi masih dapat berjalan.Kata Raden Wijaya: "Gajah Pagon, masih dapatkah kamu berjalan, kalau tidak dapat, mari kita bersama sama mengamuk." "masih dapatlah hamba, tuanku, hanya saja hendaknya perlahan lahan." Orang orang Daha tidak begitu giat mengejarnya, kemudian mereka kembali di Talaga Pager. Raden Wijaya masuk belukar, keluar belukar seperti ayam hutan, dan hamba hambanya yang mengiring semua, ganti berganti mendukung puteri bangsawan. Akhirnya hamba hambanya bermusyawarah, membicarakan tentang keadaan Raden Wijaya. Setelah putus pembicaraannya, semuanya bersama sama berkata: "Tuanku, sembah hamba hamba tuanku semua ini, bagaimana akhir tuanku yang masuk belukar dan keluar belukar seperti ayam hutan itu, pendapat hamba semua, lebih baik tuanku pergi ke Madura Timur, hendaknyalah tuanku mengungsi kepada Wiraraja, dengan
pengharapan agar ia dapat dimintai bantuan, mustahil ia tidak menaruh belas kasihan, bukankah ia dapat menjadi besar itu karena ayah tuanku almarhum yang menjadi lantarannya."


Kata Raden: "Itu baik, kalau ia menaruh belas kasihan, kalau tidak, saya akan sangat malu." Jawab Sora, Rangga Lawe dan Nambi serentak dengan suara bersama: "Bagaimana dapat Wiraraja melengos terhadap tuanku."Itulah sebabnya Raden Wijaya menurut kata kata hambanya. Mereka keluar dari dalam hutan, datang di Pandakan, menuju ke orang tertua di Pandakan, bernama Macankuping.Raden Wijaya minta diberi kelapa muda, setelah diberi, diminum airnya, ketika dibelah, ternyata berisi nasi putih. Heranlah yang melihat itu. Kata orang: "Ajaib benar, memang belum pernah ada kelapa muda berisi nasi."

Gajah Pagon tak dapat berjalan lagi, kata Raden Wijaya: "Orang tua di Pandakan, saya menitipkan satu orang, Gajah Pagon ini tidak dapat berjalan, hendaknyalah ia tinggal di tempatmu."Kata orang Pandakan: " Aduh, tuanku. itu akan tidak baik kalau sampai terjadi Gajah Pagon didapati disini, mustahil akan ada hamba yang menyetujui di Pandakan, kehendak hamba, biarlah ia berada di dalam pondok di hutan saja, di ladang tempat orang menyabit ilalang, di tengah tengahnya setelah dibersihkan, dibuatkan sebuah dangau, sunyi, tad ada seorang hamba yang mengetahui, hamba di Pandakan nanti yang akan memberi makan tiap tiap hari." Gajah Pagon lalu ditinggalkan, Raden Wijaya selanjutnya menuju ke Datar, pada waktu malam hari. Sesampainya di Datar, lalu naik perahu. Tentara Daha lalu kembali pulang. Puteri yang muda masih terus ditawan, dibawa ke Daha, dipersembahkan kepada raja Jaya Katong. Ia senang diberi tahu tentang Batara Siwa Buda wafat. Raden Wijaya menyeberang ke Utara, turun di daerah perbatasan Sungeneb, bermalam di tengah tengah sawah yang baru saja habis disikat, pematangnya tipis. Sora lalu berbaring meniarap, Raden Wijaya dan puteri bangsawan itu duduk diatasnya.


Pagi harinya melanjutkan perjalanannya ke Sungeneb, beristirahat di dalam sebuah balai panjang. hamba hamba disuruh melihat lihat, kalau kalau Wiraraja sedang duduk dihadap hamba hambanya. Kembalilah mereka yang disuruh itu, memang Wiraraja sedang dihadap. Berangkatlah raden Wijaya menuju tempat Wiraraja dihadap, terperanjatlah Wiraraja melihat Raden itu, Wiraraja turun, lalu masuk kedalam rumah, bubarlah yang menghadap. Terhenti hati Raden Wijaya, berkata kepada Sora dan Ranggalawe: "nah, apakah kataku, saya sangat malu, lebih baik aku mati pada waktu aku mengamuk dahulu itu." Maka ia kembali ke balai panjang, kemudian Wiraraja datang menghadap, berbondong bondong dengan seisi rumah, terutama isterinya, bersama sama membawa sirih dan pinang. Kata Ranggalawe: "Nah, tuanku, bukankah itu Wiraraja yang datang menghadap kemari." Maka senanglah hati Raden Wijaya. Isteri Adipati mempersembahkan sirih kepada Raden Wijaya. Wiraraja itu meminta, agar Raden Wijaya masuk di perumahan Adipati. Sang puteri bangsawan naik kereta, isteri Wiraraja semua berjalan kaki, mengiring puteri bangsawan itu, dan Wiraraja mengiring Raden Wijaya. Setelah datang di rumah tempat Wiraraja tidur. Raden Wijaya dihadap didalam balai nomor dua sebelah luar, ia menceriterakan riwayat bagaimana sang batara yang gugur ditengah tengah minum minuman keras itu meninggal dunia, juga menceriterakan bagaimana ia mengamuk orang Daha.


Berkatalah Wiraraja: "Sekarang ini, apakah yang menjadi kehendak tuan." Raden Wijaya menjawab: "Saya minta persekutuanmu, jika sekiranya ada belas kasihanmu." Sembah Wiraraja: "Janganlah tuanku khawatir, hanya saja hendaknya tuan bertindak perlahan lahan." Selanjutnya Wiraraja mempersembahkan kain, sabuk dan kain bawah, semuanya dibawa oleh isteri isterinya, terutama isteri pertamanya. Kata Raden: "Bapa Wiraraja, sangat besar hutangku kepadamu, jika tercapailah tujuanku, akan kubagi menjadi dua tanah Jawa nanti, hendaknyalah kamu menikmati seperduanya, saya seperdua." Kata Wiraraja: "bagaimana saja, tuanku, asal tuanku dapat menjadi raja saja." Demikianlah janji Raden Wijaya kepada Wiraraja. Luar biasa pelayanan Wiraraja terhadap Raden Wijaya, tiap tiap hari mempersembahkan makanan, tak usah dikatakan tentang ia mempersembahkan minuman keras. Lamalah Raden Wijaya bertempat tinggal di Sungeneb. Disitu Arya Wiraraja berkata: "Tuanku hamba mengambil muslihat, hendaknya tuanku pergi menghamba kepada raja Jaya Katong, hendaknyalah tuan seakan akan minta maaf dengan kata kata yang mengandung arti tunduk, kalau sekiranya raja Jaya Katong tak berkeberatan, tuan menghamba itu, hendaknyalah tuan lekas lekas pindah bertempat tinggal di Daha, kalau rupanya sudah dipercaya, hendaknyalah tuan memohon hutan orang Terik kepada raja Jaya Katong, hendaknyalah tuan membuat desa disitu, hamba hamba Maduralah yang akan menebang hutan untuk dijadikan desa, tempat hamba hamba Madura yang menghadap tuanku dekat. Adapun maksud tuanku menghamba itu, agar supaya tuan dapat melihat lihat orang orang raja Jaya Katong, siapa yang setia, yang berani, yang penakut, yang pandai, terutama juga hendaknyalah tuan ketahui sifat sifat Kebo Mundarang, sesudah itu semua dapat diukur, hendaknyalah tuanku memohon diri pindah ke hutan orang Terik yang sudah dirubah menjadi desa oleh hamba hamba Madura itu, masih ada perlunya lagi, yalah: "Jika ada hamba hamba tuanku yang berasal dari Tumapel ingin kembali menghamba lagi kepada tuan, hendaknyalah tuan terima, meskipun hamba hamba dari Daha juga, jika mereka ingin mencari perlindungan kepada tuan, hendaknyalah tuan lindungi, jika semua itu sudah, maka tentara Daha tentu terkuasai oleh tuanku. Sekarang hamba akan berkirim surat kepada raja Jaya Katong."


Berangkatlah orang yang disuruh mengantarkan surat, menyeberang ke selatan, menghadap raja Jaya Katong, mempersembahkan surat itu. Adapun bunyi surat: "Tuanku, patik baginda memberi tahu, bahwa cucu paduka baginda mohon ampun, ingin takluk kepada paduka baginda, hendaknyalah paduka baginda maklum, terserah apakah itu diperkenankan atau tidak diperkenankan oleh paduka tuan." Kata Raja Jaya Katong: "Mengapa kami tidak senang, kalau buyung Arsa Wijaya akan menghamba kepada kami." Selanjutnya disuruh kembalilah utusan itu untuk menyampaikan kata katanya. Setelah utusan datang lalu menyampaikan perintah. Surat telah dibaca dimuka Raden Wijaya dan dimuka dimuka Wiraraja. Wiraraja senang. Segera Raden Wijaya kembali ke Pulau Jawa, diiring oleh hamba hambanya, dihantarkan oleh orang orang Madura, dan Wiraraja juga enghantarkan kembali di Terung. Setelah datang di Daha, ia dengan tenteram dapat menghadap raja Jaya Katong, sangat dicintai.

Ketika ia datang di Daha, kebetulan tepat pada hari raya Galungan, hamba hambanya disuruh oleh raja untuk mengambil bagian didalam pertandingan, menteri menteri Daha sangat heran, karena orang orang itu baik semua, terutama Sora, Rangga Lawe, Nambi, Pedang dan Dangdi, mereka bersama sama lari ketempat pertandingan di Manguntur negara Daha.Bergantilah menteri menteri Daha lari, diantaranya yang merupakan perjurit utama, yalah: Panglet, Mahisa Rubuh dan Patih Kebo Mundarang, mereka ketiga tiganya kalah cepat larinya dengan Rangga Lawe dan Sora. Lama kelamaan Raja Jaya Katong mengadakan pertandingan tusuk menusuk, "Puteraku Arsa Wijaya, hendaknyalah kamu ikut bermain tusuk menusuk, kami ingin melihat, menteri menteri kamilah yang akan menjadi lawanmu."

Jawab Raden Wijaya: "Baiklah tuanku." Bertandinglah mereka tusuk menusuk itu, riuh rendah suara bunyi bunyian, orang yang melihat penuh tak ada selatnya, orang orang raja Jaya Katong sering kali terpaksa lari.
Kata raja Jaya Katong: "Pintalah buyung Arsa Wijaya, jangan ikut serta, siapakah yang berani melawan tuannya." Raden Wijaya berhenti, kini sepadanlah pertandingan tusuk menusuk itu, kejar mengejar, kemudian
Sora menuju ke arah Kebo Mundarang, Rangga Lawe menuju Panglet dan Nambi menuju ke Mahisa Rubuh, akhirnya terpaksa lari menteri menteri Daha itu menghadapi orang orang Raden Wijaya, tak ada yang
mengadakan pembalasan, lalu bubar. Sekarang Raden Wijaya telah melihat, bahwa menteri menteri Daha dikalahkan oleh orang orangnya. Lalu ia berkirim surat kepada Wiraraja, selanjutnya Wiraraja menyampaikan pesan, agar Raden Wijaya memohon hutan orang Terik.


Raja Jaya Katong memperkenankan. Inilah asal usul orang mendirikan desa di hutan orang Terik. Ketika desa sedang dibuat oleh orang orang Madura, ada orang yang lapar karena kurang bekalnya pada waktu ia menebang hutan, ia makan buah maja, merasa pahit, semua dibuanglah buah maja yang diambilnya itu, terkenal ada buah maja pahit rasanya, tempat itu lalu diberi nama Majapahit. Raden Wijaya telah dapat memperhitungkan keadaan Daha. Majapahit telah berupa desa. Orang orang Wiraraja yang mengadakan hubungan dengan Daha, beristirahat di Majapahit. Wiraraja berkirim pesan kepada Raden Wijaya, bagaimana caranya memohon diri kepada raja Jaya Katong. Sekarang Raden Wijaya meminta ijin pindah ke Majapahit. Raja Jaya Katong memperkenankannya, lengah karena rasa sayang dan karena kepandaian Raden Wijaya menghamba itu, seperti sungguh sungguh.

Setelah Raden Wijaya pindah ke Majapahit, lalu memberi tahu kepada Wiraraja, bahwa menteri menteri Daha telah dapat dikuasai olehnya dan oleh hamba hambanya semua. Raden Wijaya mengajak Wiraraja menyerang Daha, Wiraraja menahan, berkata kepada utusannya: "Jangan tergesa gesa, masih ada muslihat saya lagi, hendaknyalah kamu wahai utusan, bersembah kepada tuanmu, saya ini berteman dengan raja Tatar, itu akan kutawari puteri bangsawan, hendaknyalah kamu utusan, pulang ke Majapahit sekarang. Sepergimu saya akan berkirim surat ke Tatar. Ada perahuku, itu akan saya suruh ikut serta ke Tatar, agar supaya menyampaikan ajakan menyerang Daha. Jika raja Daha telah kalah, maka seluruh pulau Jawa tak ada yang menyamai, itu nanti dapat dimiliki oleh raja Tatar, demikian itu penipuanku terhadap raja Tatar. Hendaknyalah kamu memberi tahu kepada Sang Pangeran, bahwasanya ini agar supaya raja itu mau ikut serta mengalahkan Daha."

Utusan pulang kembali ke Majapahit, Raden Wijaya senang diberi tahu semua pesan Wiraraja itu. Sesudah utusan kembali, Wiraraja lalu berkirim utusan ke Tatar. Wiraraja pindah ke Majapahit, seisi rumah dan membawa tentara dari Madura, yalah semua orang Madura yang baik dibawa beserta senjatanya. Setelah utusan datang dari Tatar, lalu menyerang Daha. Tentara Tatar keluar dari sebelah utara, tentara Madura dan Majapahit keluar dari timur, Raja Katong bingung, tak tahu mana yang harus dijaga. Kemudian diserang dengan hebat dari utara oleh tentara Tatar. Kebo Mundarang, Panglet dan Mahisa Rubuh menjaga tentara dari timur. Panglet mati oleh Sora, Kebo rubuh mati oleh Nambi, Kebo Mundarang bertemu dengan Rangga Lawe, terpaksa larilah Kebo Mundarang, dapat dikejar di lembah Trinipati, akhirnya mati oleh Rangga Lawe, Kebo Mundarang berpesan kepada Rangga Lawe: "Wahai Rangga Lawe, saya mempunyai seorang anak perempuan, hendaknyalah itu diambil oleh Ki Sora sebagai anugerah atas keberaniannya." Raja Jaya Katong yang bertempur ke Utara, bersenjatakan perisai, diserang bersama sama oleh orang orang Tatar, akhirnya tertangkap dan dipenjara oleh orang Tatar.


Raden Wijaya lekas lekas masuk kedalam istana Daha, untuk melarikan puteri bangsawan yang muda, lalu dibawa ke Majapahit, sedatangnya di Majapahit orang orang Tatar datang untuk meminta puteri puteri bangsawan, karena Wiraraja telah menyanggupkan itu, jika Daha telah kalah, akan memberikan dua orang puteri bangsawan yang berasal dari Tumapel, kedua duanya semua. Maka bingunglah para menteri semua, mencari cari kesanggupan lain, Sora berkata: "Nah, saya saja yang akan mengamuk bilamana orang orang Tatar datang kemari." Arya Wiraraja menjawab: "Sesungguhnya, wahai buyung Sora, masih ada muslihatku lagi." Maka dicari dicarilah kesanggupan kesanggupan. Itulah yang dimusyawarahkan oleh menteri menteri. Sora menyatakan kesanggupannya: " Tak seberapa kalau saya mengamuk orang orang Tatar." Pada waktu sore hari, waktu matahari sudah condong ke barat, orang orang Tatar datang meminta puteri puteri bangsawan. Wiraraja menjawab: "Wahai, orang orang Tatar semua, janganlah kamu kalian tergesa gesa, puteri puteri raja itu sedang sedih, karena telah cemas melihat tentara tentara pada waktu Tumapel kalah, lebih lebih ketika Daha kalah, sangat takut melihat segala yang serba tajam. Besok pagi saja mereka akan diserahkan kepada kamu, ditempatkan kedalam kotak, diusung, dihias dengan kain kain, dihantarkan ke perahumu, sebabnya mereka ditempatkan didalam peti itu, karena mereka segan melihat barang barang yang tajam, dan yang menerimanya puteri puteri bangsawan itu, hendaknyalah jangan orang Tatar yang jelek, tetapi orang orang yang bagus jangan membawa teman, karena janji puteri puteri bangsawan itu, kalau sampai terjadi melihat yang serba tajam, meskipun sudah tiba diatas perahu, mereka akan terjun kedalam air, bukankah akan sia sia saja, bahwasanya kalian telah mempertaruhkan jiwa itu, jika puteri puteri bangsawan ini sampai terjadi terjun kedalam air."


Percayalah orang orang Tatar, ditipu itu. Kata seorang Tatar: "Sangat betul perkataan tuan." Sesudah datang saat perjanjian menyerahkan puteri puteri bangsawan itu, orang orang Tatar datang berbondong bondong meminta puteri puteri bangsawan, semua tak ada yang membawa senjata tajam.Setelah mereka masuk kedalam pintu Bayangkara, orang orang Tatar itu ditutupi pintu, dikunci dari luar dan dari dalam, Sora telah menyisipkan keris pada pahanya. Sekonyong konyong orang orang Tatar diamuk oleh Sora, habis, mati semua. Ranggalawe mengamuk kepada mereka yang berada di luar balai tempat orang menghadap, dikejar sampai ketempat kemana saja mereka lari, kemuara Canggu, diikuti dan dibunuh. Kira kira sepuluh hari kemudian, mereka yang pergi berperang, datang dari Malayu, mendapat dua orang puteri, yang seorang dikawin oleh Raden Wijaya, yalah yang bernama Raden Dara Pethak, adapun yang tua bernama Dara Jingga, kawin dengan seorang Dewa, melahirkan seorang anak laki laki menjadi raja di Malayu, bernama Tuhan Janaka, nama nobatannya: Sri Warmadewa alias Raja Mantrolot. Peristiwa Malayu dan Tumapel itu bersamaan waktunya pada tahun Saka: Pendeta Sembilan Bersamadi atau 1197. Raja Katong naik diatas tahta kerajaan di Daha pada tahun Saka: Ular Muka Dara Tunggal atau 1198. Setelah Raka Katong datang di Junggaluh ia mengarang kidung: Wukir Polaman, selesai mengarang kidung ia wafat.










 
Support : Red Point Akupunktur | Prigi Tirta Wisata
Copyright © 2013 SEKAR LARAS - All Rights Reserved
Template Created by Creating Website Published by Mas Template
-->