Home » » Serat Centhini - Pupuh VII

Serat Centhini - Pupuh VII

PUPUH VII
- DHANDHANGGULA -



01

Sampun dandan Ni Ken Raras angling, sarwi sira mangke awiraga, mesem Ken Turida mangke, adan aowah gelung, wastanira kang den waoni, sarta lan sinjangira, kakemben den kukuh, sesinome amadhapa, wong akuning satibane karya brangti, aglis samya lumampah.

02

Ki Syeh Rasmi sampun angawruhi, yen kang garwa wau ingkang prapta, mesem sajrone kalbune, angesthi pati sampun, tingal kang lyan kang den alapi, den srahaken mring sukma, amusthi pandulu, alinggih ing sela
gagilang, Ki Syeh Rasmi alinggih ing sela kelir, lwir dewaning asmara.

03

Kalih siki pandhita kinawi, kusuma dwi wijiling atapa, digdaya wani larane, uwus prapta ing suwung, surengrana wani ing pati, sakti kanthi lan sukma, tan kundur ing laku, kawasa awasing sukma, maha bara bisa sira ngesthi pati, angandel patinira.

04

Tan asuwe kang garwa dan prapti, Ni Turida layan Dewi Raras, gupuh rinangkul lakine, anjerit nulya kantu, sanglilire sasambatneki, dhuh kakang nora nyana, panggih lan sireku, sedalan tan nyipta gesang, amung sira dina latri kang kaesthi, dhuh kakang gustiningwang.

05

Saya waspada denya ningali, Ni Ken Raras lakine tan pejah, sangsaya asru tangise, lakinepun den rangkul, pagenira meneng tan angling, sun senggih nora pejah, katuwon wakingsun, anglelana ingsun tebah, nora ketang ing lara kelawan pati, tresnaningsun ing sira.

06

Tekeng paran kepanggih alalis, lah ta endi kakang ujarira, anglilira kakang raden pageira anglampus, mati paran teka alinggih, Ni Ken Raras angucap, maring kakangepun, sira iku kaya paran, Ni Turida sumaur sarwya anangis, wus mati kakangira.

07

Pagenira kakang sira iki, sun ulati anjajah paningal, tan ketang wadonku, mangke tan bisa ingsun kantun, lara pati ingsun lampahi, trenaningsun kaliwat, kakang gustiningsun, anglilira tah pangeran, lah sapanen sakecap sun panageni, dhuh kakang gustiningwang.

08

Amlas ati wong roro anangis, kadya barung munya asauran, apatut lawan sambate, sasambat kanti kantu, sang dyah kalih lwir amenyanyi, sarywa angronag rema, adhuh gustiningsun, kae Raden Jayengsmara, sun ulati anglaya katemu mati, kakang gawanen ingwang.

09

Kakang paran polahingsun kari, Jayengsmara lah gawanen ingwang, aywa ganti dina Raden, Dewi Raras amuwus, nora mati baya wong iki, anglampusaken tapa, sun batang wong iku, kaketege sumamburat, Ni Turida lakine depun jiwiti, lah kakang rerasana.

10

Iya bener yayi ujar iki, ing pasthine ing tapa, ketara semu tejane, iling ing wingi tengsun, wawekasane Ni Indhang uni, kang asih ing manira, Ni Turida Muwus, sun bencanane si kakang, Ni Turida kakunge depun geruti, kakang rerasana.

11

Ni Ken Raras angling ing jro ati, iya kakang payo binancana, dadimen gugur tapane, akeh tenaganepun, wawekase si kaki uni, kang asih ing manira, Dewi Raras muwus, sun bencanane si kakang, Ni Ken Raras lakine depun geruti, lah kakang ngandikaa.

12

Ngandikaa kae gusti mami, sun tukonesakecap sareyal, rong kecap rong reyal mangke, anglilira sun bangun, wong bentoyeng kae puniki, bagus bisa atapa, wong anglengkang-lengkung, lakiku iki wong wignya, aserangga lalewane wong ambenthing, sakramanen manira.

13

Lah mara kakang ingsun lisahi, ujar para kae jaluk wida, pantes para yen mangkene, dhadhanepun den gerut, samandene tan kena angling, kewran Ni Dewi Raras, Ni Turida muwus, wong lanang dinama-nama. Sakehane wong bagus akeh ngerasani, pan sarwi cinakaran.

14

Ki Syeh Raras lawan Ki Syeh Rasmi, enti wlase sireng rabinira, aningali ing polahe, arsa sira amuwus, ki syeh Raras de kujiwati, dening arsa angucap, welas manahepun, Ki Syeh Raras wus atapa, sasemune kakange ika den liring, mangke sira angucap.

15

Nulya rinangkul garwanireku, Ki Syeh Rasmi lawan Ki Syeh Raras, pan samya jola garawane, mangke samya sasugun, tiningalan lakine angling, glis anglukar rema, gelunge den wuwur, padanira ingusapan, Ni Turida lakine sungkemi, angling sarywa karuna.

16

Ki Syeh Rasmi angrangkul saryengling, mas ingsun cili pan ora nyana, yen sirayayi mring akeh, garwanepun den rum-rum, jiwaningsun kusuma gusti, ingembanan denrarempah, binekta ing pungkur, kakebonan parnahira, Ni Turida lakine depun garuti, kakang menawa tiba.

17

Sapraptane ing kebon alinggih, Ki Syeh Rasmi kelayan kang garwa, Ni Turida suka twase, tansah unjungan semu, Ni turida mangke sira ngling, kang rga ingujaran, dene tan asung wruh, dening atilar maringwang, paran
baya dosaningsun kakang uni, den tilar tan awarta.

18

Ki Syeh Rasmi (hlm. 78) mangke anauri, wancanane mangke rabinira, sinamur-samur garwane, wancana manis arum, nora sedya ingsun mas yayi, tilara maring sira, gusti mirah ingsun, atapa amegat tresna, amateni raga sadurunge mati, akarya kelakohan.

19

Ni Turida mangke anauri, wencanane mangke lakinira, tur sarwi gitel pupune, kadya bara wong bagus, ujar lamis ingsun arani, lah kakang papoyana, denira anglangut, atilar maring manira, nora suka tinilar lan cidra mami, tur sarwi cinakaran.

20

Cinakaran jajane Syeh Rasmi, belur-belur tapake kanaka, pan rencem akeh tatune, cili sampun tah asru, lah menenga ta sira yayi, pan bener saking sira, manira kang dudu, ingsun yayi nora sadya, atilar sing sira manira yayi, pan bener saking sira manira kang dudu, ingsun yayi nora sadya, atilar ing sira manira yayi, lah payo yayi nindra.

21

Adelap kakang ingsun mring sireki, Ni Turida tur sarwi karuna, kisek-kisek  panangise, tan etang patiningsun, anglelana tresna ing laki, delap maring wong priya, meh mati katengsun, anusup angayam alas, angulati kakang mung sira kaesthi, dhuh mirah ariningwang.

22

Sapa duwe bendara sih ing laki, ayu anom satya maring priya, wong abaud rarasane, Ni turida amuwus, kadya bara nagucap asih asih, wong lanang nora wirang, ningali maringsun, wong lanang pantes pinancal, Ki Syeh Rasmi garwane den arih-arih, ingemban sarwi ngrarempah.

23

Ki Syeh Rasmi mangke kang winardi, sedhatenge mangke garwanira, tansah apulang sih mangke, Ni Ken Raras zmuwus, lakinira tansah tinagih, winastan amaleca, sira kakungepun, dening ana tah wong teka, nora nganti rerh angantiya wengi, mesem kae Syeh Raras.

24

Ki Syeh Raras mangke anauri, wancanane mangke rabinira, tur sarwi ingaras mangke, madyanepun rinangkul, payodara tansah ing pipi, sang dyah sira lelewa, tansah adus luh, wong lanang baya tan wirang, pan kakemben tansah ingkang den uculi, baya aisi apa.

25

Anelek mangke kang apulang rasmi, Ki Syeh Raras lang Syeh Rasmi ika, lir madu manis rerasane, wonten gantining wuwus, kusuma di winuwus, malih sira Syeh Amongraga, lawan garwanepun, saicale wangsanira, medermider anglelana griyaneki, lawan Ni Tambangraras.

26

Kala mangke dunung Puluwesi, amongraga lawan garwanira, sapasa mangke lamine, adoh lor lawan kedul, ing samodra parnahireki, sampun araga sukma, Amongraga iku, tan awarnaa ing marga, sakesahe ing Wanantaka inguni, nulya prapteng samodra.

27

Adhedhukuh samodra sireki, saking sihe Hyang Kang Maha Mulya, tetiban asri wuryane, tinon lir swarga mudhun, toya mijil asri awening, saking ing wrasaganda, gandanepun arum, amadhapa sastra tunggal, sekar mirah asalaga sasutya di, sarining sari sukma.

28

Antya muncar lwir woh widadari, pan kencana godhongepun sutra, sutra bang lan wilis mangke, sutra pethak lan dadu, sutra jingga lan sutra kuning, lwir swarga katingalan, cengeng kang andulu, wedine ratna kumala, maligane sesaka sinilih asih, emas lawan selaka.

29

Papajangane sinilih asih, selaka mangke sasisih emas, kumala pan patagane, papethetane agung, padha munya kintir ing angin, swarane lir gamelan, munya kadya barung, tegane mungguh ing natar, yasa kambang ing taman ulame asri, sekar ngebaki jagad.

30

Wus kaloka kanan lawan keri, ing segar yen ana wong tapa, dhukuhe antyan warnane, iku wiyosing catur, karsanira Syeh Amongraga, anenedha jro tapa, anedha sireku, ing sukma kang Maha Mulya, tan pantara sakathahe dunya prapti, nyata pitulunging Hyang.

31

Cengeng Ni Selabrangta ningali, tumingal maring Syeh amongraga, lengleng tumingal manahe, mangke saya kadulu, yen lakine luwih ing janmi, ya ta mangke Hyang Sukma, kang asung puniku, kaluwihaning kawula, Amograga nyata tumeka ing Widi, dening luwih ngakathah.

32

Amongraga mangke sira angling, lah ta yayi akarya dadana, karyaa dalem ing akeh, saking nugrahan agung, karsaning Hyang ingkang sejati, lsh ksrys pedadaran, kelakohan tengsun, saksana keh prau layar, kana keri jung alayar angenasi, samya amupu dana.

33

Kang alayar wus prapti ing tepi, ageng alit baita alayar, den cangcang aneng tepine, tan ana surudepun, dunya mintir samya ngusungi, weneh kang lunga teka, juragan aselur, samya prapta mupu dana, sarwa sarwi
sawarnane dunya adi, ramya samya amet dana.

34

Lunga teka juragan ngentasi, mupu dana emas lah selaka, picis lan pangangge akeh, lungsir sinjang lan kampuh, datan pegat lir banyu mili, janture Amongraga, alinggih sireku, ing made kambang-kambangan, Selabrangta ciptane kadya neng swargi.

35

Wonten malih pandhita winardi, saking sabrang mider angejawa, Ki ragarunting arane, amiarsa wartenepun, ing segar parnahireki, midermider segara, sebatepun agung, Ki Ragarunting angucap, mring santrine pan kabeh samya tinari, kayangapa ing sira.

36

Kabeh-kabeh anakingsun iki, sun takoni ana amiarsa, wartane pandhita mangke, saking parengeningsun, kang atapa ing Puluwesi, nenggih anggelar dana, ing pangrunguningsun, matur shabate sadaya, kasinggihan kyai wartanereki, kawula amiarsa.

37

Shabate samya wau ngaturi, iya poya padha pinaranan, amupu dana ing binjing, ingsun mangke yun wruh, ing warnane sang wau tapi, nenggih ahlul dadana, manira yun weruh, Ki Ragarunting angucap, kaya paran amupu dana sireki, kadanan padha-padha.

38

Paran pedahe jebeng sireki, mupu dana ing padha lumampah, kabotan brhala mangke, nora wikan sireku, den titipi (hlm. 81) arane kaki, tuwas sira kabotan, ing prelambinepun, lah padha rakita layar, tiyangira rakiten depun abecik, babaren layarira.

39

Ora ingsun tah jebeng puniki, apanggiha lawan kang dedana, arah sun jaluk danane, yen uga nora ewuh, nyata tulus tapane luwih, lah ta poya dandana, kitab aywa kantun, binakta ing sabatira, santri kumerab saweneh angrakit kelir, dan alayar.

40

Nulya layar sira Ragarunting, kedhap-kedhap layare kanginan, kadya sanjata lampahe, temur adres tumurun, mendhung-mendhung layare alone kitiring angin, ombake lilimbungan.

41

Kang mina teri gajah umujil, lelumbungan katempuh ing umbak, lwir gunung tinon warnane, umbaknya pan gumuruh, akun ageng lwir bedhil muni, toya jangkar alit surak, swaranya kumrusuk, katerajang dening palwa, sumarung adresing toya kang prapti, wus prapteng tepinira.

42

Amongraga sampun ngudaneni, lamun ana pandhita kang prapta, papanggya mangke, mocoreng jrone kalbu, nora suci pandhita ini, atine kaniaya, sadyaning maringsun, sukur ta sira yen ala, kapanggiha ing sadyanira pribadi, mugi ulihan salah.

43

Sanalika mapuwan kang prapti, udan angin awor lan prhara, gumer swarane umbake, barat mubeng lan lisus, segara rob umbake angerik, mumbul ing awang-awang, tibane jumegur, lir gunung swaranya, kumarusuk  umbaknya anempuh curing, wenenh kadya gumita.

44

Lelumbungan umbake lir wukir, alun gung gedhene sak omah, lir gerah mangke swaranw, swara pating jelegur, Ragarunting kagyat tan sipi, palwa muluk wus sigar, katempuh ing alun, kitabe pating palesat, layarepun tiyange pating salebring, kitabe dadi sarah.

45

Ragarunting gugup denira angling, santrinepun samya gagandholan, aja na atilar mangke, aywa tingal perahu, amatiga sigareki, santrine ting kulayab, adhuh mati ingsun, angadhuh asambat biyang, wus kasileb kang muncul kasileb malih, ramya agugulungan.

46

Santri kathah tur pating jalerit, ngaduh-adhuh babo ingsun pejah, Ki Ragarunting ujare, aja na amimesuh, nora ilok ta kae santri, balikan den atampa, cobaning Hyang Agung, santrine pating kurangkang, papisuhe santri kabeh ganti muni, santri pating kurambang.

47

Sampun mentas wau saking warih, sakesahe palwa kang sigar, Ki Ragarunting wuwuse, lawas ingsun lelaku, durung nemu kang kadya iki, yenaran pancaroba, santrine sumaur, kadi pundi ing karsa, shahabat agung sedya aganti angling, mangko sih ulih dana.

48

Ragarunting angesthi Hyang Widi, karsanira anedha nyang Hyang Sukma, dening kalangkung sakire, amicara jro kalbu, baya sakti pandhita iki, semu mawi bencana, tan pantara rawuh, sun tedha muga panggiha, wus rumasa kadayaningsun iki, asru panangisira.

49

Baitane tan kintir ing angin, limbak-limbak akambang-kambang, asru mangke panangise, sesambatepun agung, ya ta ana juragan prapti, aglis nulya pinaran, awlas manahepun, tan  antara nulya prapta, ing arsane Ki
Ragarunting mangke ngling, lah jeeng tulungana.

50

Gupuh lampahe juragan prapti, sadyanira mangke atulunga, awelas tumingal mangke, sampun samya sinambut, Ragarunting sampun alinggih, kalawan santrinira, tan an kang kantun, santrinira padha mentas, ageng alit santrine samya rep mati, muring-muring sadaya.

51

Ki Juragan mangke anakoni, dhateng pundi mangke sadyanira, atemahan tah mangke, Ragarunting sumaur, sadyaningsun mring Puluwesi, sun senggih lastaria, nora nyana tengsun, ing lampah yen kabencana, ki nakodha sumaur wencana manis, sampun kirang prayatna.

52

Manira mangkin atutur jati, sampun kirang mangke panarima, yen sedayaa panggih mangke, awingit semunepun, kang partapa ing Puluwesi, tan kena sembrana, manira angrungu, punika ahlul dadana, ragasukma tekane nora na uning, kadya dhukuh tatiban.

53

Ragarunting mangkya anauri, marmaningsun jebeng ayun wikan, ing warta iku jatine, lah bapa anakingsun, untapena ingsun puniki, den dadi kelakohan, nakodha amuwus, pirang bara lamun kongang, adan mintar lampahe kasereg ing angin, lir pindah jong angerap.

54

Sampun prapta ing pinggiran mangkin, ki nokodha denira alayar, Ki Ragarunting wuwus, lah bapa anakingsun, nora nyana yen ingsun urip, baya mangke agesang, santrine sumaur, meh mati pan ingsun paman, aja naa sihira andut ajurit, mesem kae nakodha.

55

Ki nakodha mangkya sirangling, manirarsa amiyasa ulam, ana jaring manira mangke, Ki Ragarunting muwus, sun tarima jebeng sireki, mangke sira lumampah, kulambine alus, den iring ing santrinira, dhastar alus asemu
wulung angrawit, seserete toya mas.

56

Sampun prapta ing banjaran asri, santri kathah tumon padha cingak, gawok katon pepadone, eong amet dana agung, lanang wadon samya ngusungi, dnya tanpa pegatan, lwir sumber dinulu, sutra bang lan sutra jenar, sutra wilis selaka emas lan picis, tuwin raja kaputren.

57

Santrine ika pating kalesik, lah ta payo batur mupu dana, sadya salina mangke, nulya samya amupu, mupu dana samya salin, samya agiranggirang, bathik cangkring agung, tuwin sarasah lan imar, cindhe sekar pethala lan natar wilis, tuwin wiyosan jawa.

58

Ragrunting lengleng aningali, ena jumblang pan jenger amulat, satindhak mangu lampahe, kalintang tusthanepun, aningali kang sarwi sari, tingal sampun kalingan, dening dunya agung, paningal sampun kaboyong, tandhane wong tingale durung patitis, tingal dadi warana.

59

Ki Syeh Amongraga ika alinggih, sampun wikan yen sira dhatengan, pandhita ala sedyane, pan kinawruhan sampun, ing sadyane nora sayakti, pinarek lan kang garwa, anyipta sireku, Amograga tan katingal, sing karsane dinulur dening Hyang Widi, cihnane yen sinihan.

60

Ki Ragarunting ika ngulati, ana ngendi baya kang awisma, ragane wus lunga mangke, tejanepun wus suwung, santrinira samya nauri, ragane wus anuksma, pandhita amuwus, santri padha ngulatana, Amongraga sira mesem aningali, tumoning polahira.

61

Ragarunting wau dhahem iki, mapan akeh ing sasmitanira, den prih mantuk karsane, awor lan cengengepun, aningali ing dhukuh adi, lir aningali swarga, pan luwih dinulu, emane kang wisma sunya, karsaningsun senggih kepanggih ngeriki, Aongraga angucap.

62

Lah bagea kang dhatengan prapti, alinggiha depun inggal, den tulus sihira mangke, Ragarunting anjumbul, jolalatan sarywa awedi, ulate pandirangan, santrine den uwuh, kabeh padha marenea, apa iki ana pa memedeni, santrine padha prapta.

63

Sampun para salah tampa yayi, alinggiha dira depun inggal, baya tan uninga mangke, yen andhika wong luhung, Ragarunting mangkya nauri, manira nora wikan, ing parnahireku, anedha sinungan wikan, Amongraga
mangke sira wuwus aris, estu sira wikana.

64

Kagyat sira aningali, Ragarunting mangke tejanira, lwir pindah lalidhah mangke, adan mangke alungguh, ing mendhapa saking Hyang Widi, arsa anjawat tangan, mangke karsanepun, Amongraga mangke ngucap, lah ta
aywa den wawa-wawa wong ngarbi,mangu pandhita sabrang.

65

Paran karsa prapta sireng riki, lan ing pundi kae wismanira, Ki Ragarunting saure, ing sabrang wismaningsun, arsa panggih ing jenengneki, kasusra yen kawas, amongraga muwus, idhepan ujaring jana, akeh kang wong idhepan ujar tan yakti, manira wong duraka.

66

Amongraga mangkya muwus aris, lah ta babo sira sesajia, rehining wong wirya mring akeh, rabinira amuwus, tan adarbe kawula iki, saking pundi pinaka, kawula anuhun, Ki Amongraga angucap, muga estu sinungana de
Hyang Widi, yen mangsa adhatengan.

67

Sanalika woh lan sedhah prapti, nanyamikan sagunging dhaharan, tembako sarta genine, tuwin ing sekulepun, wus samaji ing arsaneki, lawan kendhi perthala, pangududan wuluh, ulame asri in pinggan, tan pantara dhatengan den acarani, lah mangke amucanga.

68

Ragarunting kagyat aningali, tumingal mangke sakehing boga, tambuh dok aneng arsane, cengeng denya andulu, apertuwin sakehe santri, parnyata yen kawasa, Amongraga iku, tandhane yen wliyullah, sakarsane tan angel denya angesthi, pinasthi saking sukma.

69

Amongraga mangkya sira angling, lah anedha mangke sami dhahar, lawan santrinira kabeh, Ragarunting amuwus, sampun waneh mangke ningali, Amongraga angucap, pamusthi pandulu, sasajen kabeh wus ilang, wus kapojok Ki Ragarunting tan angling, krasa yen tan uman.

70

Ragarunting meneng datan angling, pan kewuhan ing wancananira, angrasa tan pandon mangke, tandhane yen kawulu, Amongraga nulya nauri, menawi mupu dana, samangsa sireku, amupu dana kang nulya, sampun kandheg aja siyang nadyan latri, Ragrunting angucap.

71

Kad pundi ing karsanireki, datan arsa mangke jawat tangan, punapa mangke hukume, raosing atiningsun, hukum surat manira manggih, mesem Ki Amongraga, kaselek gumuyu, ujare kang durung (hlm. 86) wikan, wus kalahar lampahe ahlul surambi, lampahe ahlul iman.

72

Punapa tegese sunat iki, lamun sira mangke jawat tangan, paran dera cekel mangke, lan paran kang kadulu, yen tan wruha jatine yayi, lir wedhus tingkahira, ing prelambinepun, sasalaman yen wruha, tuwas wungkuk tan dadi selamireki, ewuh rake agesang.

73

Ki Ragarunting mangke nauri, inggih kakang ingukuman sunat, tsawab kalampahan, kocap ing dalil iku, awit saking andika nabi, iku tata sarengat, lampah kang wus masyhur, lampahe nabi panutan, ing pasthine kawula nora udani, kadi saujarira.

74

Amongraga sira muwus aris, dhehin endi sunat lawan tsawab, kang sunat paran tegese, aywa tunggal ing laku, etang tsawab ganjaran singgih, Ragarunting angucap, kayapa puniku, pan iku ujaring sastra, pundi tinut
yen dedeha sastra luwih tingkahe wong lumampah.

75

Amongraga mangke muwus aris, marganingwang reke akeh saar, ngandelaken sastrane, nora kelawan guru, yen kadhega ujaring tulis, pan iku tatakrama, lampahe wong luhung, tan katungkul tatakrama, tingal tunggal kalinglingan raina wengi, ewuh reke lumampah.

76

Ki Ragarunting datan anuri, dhat kepyan ing panjawabira, dede tan pethuk kawruhe, punapa marmanepun, karsa tuwan ingkang sejati, Ragarunting tinembang, tinug kawruhepun, neggih yayi ananira, Ragarunting mangkya sira anauri, manira amiarsa.

77

Ananingsun ingaran puniki, kanyatan kudrating pangeran, manira miarsa mangke, amongraga amuwus, durung rena manira yayi, iku ujaring akal, adoh dungkapepun, lah tuha endi lan ingwang, lawan sira jawaben depun patitis, yen parawruhing sukma.

78

Ragarunting mangkya anauri, yen ing zhahir tuh apakanira, ing batin anom jatine, pasthi anom sireku, Amongraga mangkya nauri, paran tegese tuha, kayapa puniku, Ragarunting mangkya ngucap, ing atuha atuduhu mangke kang jati, manira miarsa.

79

Kadi pundi ing karsanireki, ing tegese kang tuha punika, atuduh ing bener mangke, tan kena aran dudu, ing tuduh manira iki, Amongraga angucap, wus zhahir puniku, endi kang bener punika, wong lumampah lawan ilmi kang sejati, lah kae ucapena.

80

Nenggih reke ilmi bener iki, tan sawala lawan dalil, ika ingaran jati tah mangke, wong tuha kang satuhu, datan gingsir ing amarnahi, amnira amiarsa, yen masalah iku, angucap Ki Amongraga, durung rena manira ujar puniki, maksih ujar kalahar.

81

Undhage mangke kadi puniki, ingwang tuha wau kang wus iya, Ki Ragarunting saure, udhage ujar iku, kang wus nyata maring Hyang Widi, iku ujaring warta, Amongraga muwus, lah ta paran ujuding Hyang, endi gone ananing Hyang ari kaki, Ragarunting angucap.

82

Nora kena mangke sang Hyang Widi, enggon warna muhal yen rupaa, sapa ngaran kupur mangke, Amongraga gumuyu, kalingane kang awas iki, ingaranan wong sasar, wong awas puniku, yen mangkana pan duraka, Ragarunting mangke sira anauri, wikan lamun mangkana.

83

Amongraga mangkya muwus aris, kayangapa karsa pakanira, ana ngucap mangkene, endi sukma satuhu, padha mengko Allah sejati, kagyat pandhita sabrang, angrengen pamuwus, kayapa ing karsanira, dudu ujar
atakon Allah sejati, pan nora warna rupa.

84

Sing sapa takon Allah sejati, padha mengko wenang ingukuman, wenang sinambeleng mangke, Amongraga gumuyu, latah-latah mangkya sarya ngling, nyata saujarira, ing wang ahlul hukum alungguh ahlul sarengat, pangawrune tan liyan ing papan tulis, lumaku tunggu sastra.

85

Ki Ragarunting nauri aris (hlm. 88), sampun dinawa ujar punika, menawa kokum temahe, Amongraga amuwus, nadyan mangke dhateng ing pati, mangsa wong gumingsira, ing panemuningsun, lah endi ananing Hyang, padha menkon jawaben den amatitis, aywa rasa rumasa.

86

Ki Ragarunting muwus ing santri, mara kabeh cekelen den inggal, lah ingukumaken age, kelawan rabinepun, lah wis ana aywana kari, santri kumrab sedaya, Ragarunting muwus, lah ta cekelen den inggal, labuwan ing segara ta depun aglis, dosane morang syara.

87

Santrine mangke tan akena usik, tabetira ayun wruh tumandanga, pan kena syerik atine, Ragarunting wus lumpuh. Lempe-lempe tan kena angling, mesem Syeh Amongraga, tumon polahepun, tuwin Ni Ken Selabrangta, aningali santri pejah keneng syerik, Ragarunting kacurnan.

88

Amongraga welas aningali, para santri ingkang samya pejah, Ki ragarunting semune, angrasa yen kaduwung, mingser-mingser denya alinggih, anedha pangapura, iku karsanepun, Amongraga pan wus wikan, tan pantara anedha maring Hyang Widi, muga waluya kena.

89

Ki Ragarunting tumulya angling, lah anedha mangke pangapura, anedha sih tuwan mangke, kalih panedhaningsun, uripena sakehe santri, sapa rowang manira, yen tan wulya iku, angucapa Ki Amongraga, punaa manira anenulahi, luwih karsaning sukma.

90

Punika wau karsanireki, dudu ingsun kang akarya ala, tan adoh lan sarirane, pan ala becik iku, pasthinira saking pribadi, pan iku karsanira, yayi ujaringsun, Ki Ragarunting angucap, lah ing mangke manira anedha idzin, lah mangke uripena.

91

Sanalika santri samya ngelilir, Amongraga angucap mangkana, ki santri uripa kabeh, santri samya papungun, padha wulya sakehe santri, Ragarunting asuka, tumon santrinepun, liwat ing panedhaningwang, Ragarunting pan arsa kundhur (hlm. 89) tumuli, anging karsa panedha.

92

Sun jaluke kae rabinereki, manira reka arsa akrama, lawan rabinira mangke, tresna ing manahingsun, aningali rabinireki, Amograga angucap, nora dana tengsun, ana kang aduwe awak, Ragarunting anereng wuwuse singgih, mangsa tan nglampahana.

93

Amongraga angucap ing rabi, kayangapa yayi karsanira, jinaluk dening dhayohe, Selabrangta anuhun, pan kewuhan karsanireki, kakang sakarsanira, kawula anuhun, yen kenging pasthi lenggana, kang sun tedha matiyeng astaning gusti, punika kang tinedha.

94

Amongraga mangke muwus aris, datan arsa iku nglampahana, Ki ragarunting wuwuse, luwih ing tuwan iku, wong pawetri darma nglampahi, yen tulus adedana, Amongraga muwus, nora sadya dana garwa, lamun uga adana dunya sun iki, anut sakarsanira.

95

Ragarunting mangke nauri, lah ta kaki endi ujarira, akarya dana jatine, Amongraga amuwus, ingkang rayi den pituturi, yayi aywa lenggana, den wruh ing pandulu, idhepun pituturingwang, Selabrangta waspane depun usapi, kakang nora lenggana.

96

Iya iku yayi sihing Widi, den atampa yayi manahira, sihe Hyang dulunen angger, Selabrangta muwus, waspa mijil lantaran pipi, anging nora lenggana, Amongraga amuwus, lah yayi sira melua, maring sabrang akrama pandhita ngarbi, prandening luwih ing Hyang.

97

Selabrangta sira nulya mijil, atur pamit dhateng ingkang raka, tansah dinulu kakunge, Amongraga sung semu, garwanira tansah den lingling, Selabrangta wus tampa, wirasaning semu, Ragarunting wus pamitan, santri kumrab sabature samya ngiring, sampun numpak ing palwa.

98

Amongraga pan kari alinggih, amusthi sira ing tingalira, anyipta tan katon mangke, pan sukma jatinepun , dhukuh ilang tan ana kari, kabeh dadi segara, dening karsanepun, garwane muksa sing palwa, Ragarunting kagyat denira ningali, muksane Selabrangta.

99

Wus sinambut dening kakangneki, Selabrangta binakta ngumbara, ing madya gantang parnahe, Ragrunting winuwus, sampun kalep palwanireki nora na kari, lebur aneng samodra.

100

Ragarunting ika pan wus mati, katerajang dening umbak ika, muksa pan tambuh parane, swara pating jelegur, lwir kang gunung guntur swareki, wenenh kang kadya gerah, udan awor lesusu, derajate Amongraga,
sakarsane dinulur dening Hyang Widi, tandhane wong sampurna.

101

Amongraga kawarnaa malih, sasirnane saking dhukuhira, tansah ngumbara lampahe, Selabrangta tan kantun, pan ingemban tansah liningling, kakang pundi sinedya, nora nyana ingsun, kakang kapanggih lan sira, Amongraga nauri wencana manis, pirang sihing Hyang.

102

Sampun tumedhak sira mring siti, Amongraga kalih ingkang garwa, ing guwa parnahe reren, ing guwa Langse iku, parnahepun denya alinggih, tulus amangun tapa, kalih garwanepun, wonten mangke wong tapa, jrone guwa awasta Ki Durmengbudi, sawindu laminira.

103

Kagyat tumingal Ki darmengbudi, dening murub cakraning gilingan, den dalih bencana mangke, Amongraga amuwus, sampun wikan sajrine ati, yen ana wong atapa, ing jro guwa iku, angucap sajrone nala, baya iki wong tapa asrah ing pati, tapane wus tumeka.

104

Amongraga asung salam aris, sampun sira wus sinauran, ngalekum salam saure, Durmengbudi amuwus, lah anedha mangke kiyai, dunga saking andika, kawula anuhun, angucap Ki Amongraga, pira baya yen ana sihe Hyang Widi, luwih nugrahaning Hyang.

105

Sanalika guwa pan asalin, satkalane Amongraga, lir kadya dalem warnane, Durmengbudi papungun, aningali wismanireki, lali yen aneng guwa, dene warnanepun, babature tundha-tundha, wawijilan toyane mijil awening,
gandanepun araras.

106

Ki Durmengbudi nuksmeng jro ati, wong iki asmu abadan sukma, katoreng teja semune, semunepun wus luhung, sakarsane iku lastari, tandhane badan sukma, angrasa ye kantun, tan purun angungkulana, guwa salin kang warna.

107

Ki Durmengbudi micoreng ati, mangke baya ana sihing sukma, katekan wong luhung mangke, pumika karsanepun, ulih guru ingkang sejati, kaya bisa nyangkinga, maring awakingsun, ing dunya raweng akhirat, Durmengbudi aguru sadyanireki, Amongraga wus wikan.

108

Kaya apa karsanira iki, kae jebeng manira atanya, yen sira ayun ing mangke, aguru maringsun, pan kesasar karsanireki, aguru maraningwang, kalurung sireki, Ki Durmengbudi angucap, nadyan sasar kawula nadya tut wuri, apataya yen mangkana.

109

Pundi jebeng lah ta sun yaktera, lah mijil mangke saking guwa, miyanga segara age, yen uga sira purun, nyata sira yen anak mami, iku margane teka, manira angrungu, Ki Durmengbudi angucap, pan sandika kawula mangke nglampahi, sigra mijil sing guwa.

110

Sawedalira sing guwa wingit, amongraga mangke sira ngucap, pan asung  sipta anake, lah jebeng anakingsun, tampanana sihing Hyang Widi, iku bagya cilaka, pawarah ngong iku, sida tampa wurung tampa, lah ta payo ki jebeng depun atampi, iku nugrahaning Hyang.

111

Mangkana mengke Ki Durmengbudi, tan pantara malbeng samodra lwirpindah sawat lampahe, tan katon dening alun, mung wuruke Mongraga kesthi, ana kambang-kambangan, awor lawan alun, kadya alinggih ning taman, Durmengbudi ciptane kadya wong ngipi, lwir pindah aneng swarga.

112

Amongraga mesem aningali, ing anake yen sampu tumka, ingawe ping tiga mangke, prapta ing ngarsanepun, Durmengbudi nulya ngabakti, amongraga lingira, bapa anakingsun, wus muliha denira andon anetepi, mantuka wismanira.

113

Ki Durmengbudi mangkya nauri, yen kinginga kawula lenggana, kawula ngelebur tapane, dening tan wisma tengsun, yen mantuka kawula mangkin, ing pundi wismaningwang, Amongraga muwus, lah jebeng sakarsanira, wus tumeka denira andon anepi, lungguha aneng praja.

114

Perandeningsun lawan sireki, wis atunggal saking karsaning Hyang, aywa pindho gawe mangke, mapan ujaring ilmu, nora beda karsaning Widi, luwih ing tampanira, sejatining pangawruh, tan ana lyan amolah, Durmengbudi mangkya sira anauri, rama kawula nedha.

115

Lah ta poma anakingsun kaki, depun wikan paraning paningal, sampun samat wekasane, pan ananing Hyang Agung, nora esah lan sira kaki, lwir kadya wewayangan, lawan kang angilo, polahe tansah pinolah, tan pra beda eneng usikira kaki, iku saking Hyang Sukma.

116

Kabeh-kabeh jebeng janma iki, pan sawiji mangke jatinira, kang amurba sakabehe, purbane ana iku, rong parkara asalireki, iku sira den awas, Adam purwanepun, iku wiwitane jasad, pan rohira roh idhapi wijilneki, iku sira den awas.

117

Ana dene solahira kaki, sipat wau reke kawruhana, kang manjing ing dasih mangke, dok pinanjingken iku, ngeroh idhapi wiwitaneki, pinanjingen ing rasa, rarasing Hyang Agung, iku pan baboning eroh, nabi Adam pinaka nyawaning jisim, iku pinangkanira.

118

Sesampune winejangan jati, tan pantara anulya tur sembah, mundur saking ayunane, ingiden lampahepun, nulya muksa saking ardi, lwir miber tanpa elar, dening sihe guru, bisa ngambah gagana, tan asuwe
anulya prapta sireki, dhukuh segara sabrang.

119

Ing Palimbang denira alinggih, sapraptane geger sanagar, nulya linggih ing masjide, lanan wadon andulu, samya cingak kang aningali, praja sedhenge rusak, wawelekpan agung, karusakan sanegara, sapraptane Ki Durmengbudi basuki, wulya kadya tinamban.

120

Kang agering sore waras enjing, kang agering injing sore waras, samya pakenak atine, pan asru ta’dhimepun, sanegara mring Durmengbudi, sinegeg tan ingucap, liyan kang tinutur, wonten janma kang winayang, Nusa Jawa parnahe anglaya bumi, aran Ki Ragasmara.

121

Anglelana anganteni pati, kaya bosen aneng dunya, tan arsa mukim enggene, sing tanah wus dinunung, sorengrana tan ajrih pati, satya tuhu ing lampah, awas tingalepun waspada jatining lampah, lampahepun tan kandeg ing papan tulis, nastiti tur lumampah.

122

Kang saweneh ana atetaki, tilar pangan turunira, den eber kalakohane, tan wikan yen kalurung, amartamu tan den owahi, akeh wong kung gung lampah, akeh paksa luhung, angangge tambal tinambal, paksa iya kulambi mayit den irid, tan wikan yen duraka.

123

Wanci tengangi kang Candrageni, Ragasmara denira lumampah, kumedhap-kedhap tejane, Amongraga kawuwus, aneng guwa ngesahi, mintar saking jro guwa, mancur tejanepun, sinenggih dede manusa, Ragasmara garjita sira ningali, esmunira kapranan.

124

Selamine pan dereng ningali, wong lumampah kang kadya punika, luwih mungguh pangerane, Ragasmara amuwus, saking pundi tuwan puniki, Amongraga angucap, tanpa wisma tengsun, aywa sira salah tampa, iya ingsun aparab Ki Amongraga, pan sadya anglelana.

125

Lah anedha mangke samya linggih, karsaningwang arsa pawong sanak, yen tuwan sotaha mangke, pan awon sirnanepun, nulya sira sami alinggih, sasoring wreksa gurda, linggih wong tatelu, satengahe wana wasa, pinggir marga ing riku gening pepanggih, aliru pangawikan.

126

Ni Selabrangta ika neng wuri, tan atebah kelawan kang raka, ika pinaka sabate, Ragasmara andulu, pan kapincut manhireki, tuhu luwih ngakathah, pan ingsun andulu, begjane Ki Amongraga, pawestrine ayu anom bekteng laki, gumawang tejanira.

127

Ragasmara mangkya angling aris, manira mangke arsa atanya, estri punapa parnahe, Amongraga amuwus, rabiningsun ponang pawestri, rowang sun kawlas arsa, lakung nisthaningsun, sun gawa ajajah desa, dadi banda sedalan angrarebedi, pasthi yen dadi bandha.

128

Nenggih pangrungu manira iki, pepaesan reke wong lumampah, yen sarta kundhang rabine, baguse wong lumaku, yen atampa cobaning Widi, kabeh dadi nugraha, manira angrungu, dedalan saking wanudya, bencanane mijil sing estri, sarta lawan nugraha.

129

Ki Amongraga mangkya nauri, anuhun sih mangke tutur tuwan, yen mujahadat nepsune, mapan wong wadon iku, rong parkara panarineki, akeh dadi duraka, marga pawestreku, kaping kalih mring kaswargan, anging akeh laku kundur sing pawestri, nenggih pangrungungningwang.

130

Amongraga reke angling malih, lah nedha linggih ing mendhapa, wong tetiga samya rereh, awon inggih ing lebu, sarwi udud baguse linggih, sarwi mangke amucang, Ragasmara muwus, inggih manira nedha, Ragasmar ciptane kadya angipi, tustha ing manahira.

131

Sampunira reke pareng linggih, Amongraga mangkya lon angucap, manira atanya mangke, apa arane iku, aranana den amatitis, aywa na kumalamar, ing kawruh puniku, aywa na mawi warana, sira ingsun pan tunggal
jatinireki, lah mangke aranana.

132

Ragasmara mangke muwus aris, kang pundi reke kang ingaranan, ing karsa andika mangke, Amongraga amuwus, aranan mandhapa iki, dening tah teka ana, iku karsanepun, kabeh iki kabeh ika, aranana sedhah woh tembako iki, lah samya aranana.

133

Nenggih reke manira amanggih, ingaranan mangke kudratullah tandhane sih iku mangke, iku manira ngerungu, kayangapa karsanireki, Amongraga angucap, autu ujar iku, endi tah enggone Allah, padha mangko jawaben den amatitis, aja rasa rumasa.

134

Nenggih reke ananing Hyang Widi, pan parnahe ana gedong ratna, tigang parkara jatine, iku ingsun angrungu, Amongraga angucap ari, nyata ing sabdanira, endi tuduhepun, lah tegese gedong ratna, Ragasmara mangke sira anauri, manira miarsa.

135

Gih punikku sasutyaning mukmin, ingaranan kakembanging jagad, kekasihe sukma reke, Amongraga gumuyu, kapetukan karsanireki, rena panjawabira, pan larangan iku, larangan ingsun lan sira, pan pinaka padadaraning pangesthi, pilih ingwang wikana.

136

Tuhuwa endi sira lawan mami, lah jawaben mangke den apadhang, den kena lawan tartibe, den kena jatinepun, zhahir bathin lan sira mami, aywa tah sira tunggal, aywa pisah iku, sakuthu yen tah awora, Ragasmara mangke sira anauri, manira amiarsa.

137

Ragasmara angucap sireki, pan ing jagad tuha pakanira, yen pinet mangke zhahire, jatinepun puniku, nora beda lan mami, tunggal yen padha sukma, ananira iku, ing idhep tuha andika, ilmu kawruh manira nututi, mesem Ki Amongraga.

138

Ragasmara pan tinembang malih (hlm. 96), kadya pundi karsa pakanira, ana angucap mangkene, ilmu lan kawruh iku, kaya apa bedane kaki, muwah lamung tunggala, paran karsanepun, angucap Ki Ragasmara, nenggih mangke bebane kawruh lan ilmi, manira amiarsa.

139

Nenggih rekekang ingaran ilmi, ingkang manjing maring jiwaraga, kang endi rasa jatine, nugraha jatinepun, pan manira mangke amanggih, iku jatining sastra, manira angurungu, kayapa ing pakanira, Amongraga mangke sira anauri, atut lamun mangkana.

140

Amongraga tusta manahneki, tansah mesem jrone parmana, den entrogentrog pupune, balik tuwan puniku, pan alama manira iki, mider anjajah negara, pan durung anemu, janma kadya andika, Ragasmara mangke anauri aris, mugi welasaning Hyang.

141

Basa kawruh lan punendi, manira mangke ayun wikana, ajtine punika mangke, Ragasmara amuwus, pan ing kawruh lampah sejati, tingale ika tan lwar, maring kang aluhur, wiyosing kang nama Allah, ilmu kawruh jatine
nora kekalih, manira amiarsa.

142

Prelambine ingkang ilmu iki, kadya sekul mangke semunira, kang pinangan saanane, lawan kwruh puniku, kang duweni sakehe bukti, amongraga lingira, bapa ariningsun, rinangkul Ki Ragasmara, sanakingsun sadulur yayi sireki, kakang manira anedha.

143

Ki Ragasmara mangke sira ngling, manira kakang pan nora beda, pan kadya andika mangke, lawas ingsun anglangut, dereng manggih kadya sireki, kakang kadi andika, Amongraga muwus, pan ingsun kadya andika, banggi belih tunggala zhahir lan batin, dunya roweng akhirat.

144

Anging tah yayi emani iki, engenira areren lan ingwang, nora na sangune mangke, resebe manah ingsung, nora kadya sarwya ambukti, rehe amuji ing Hyang, babaguse iku, sawabe kuwat angucap, Ragasmara tumulya wau nauri, kakang pundi pinaka.

145

Ingsun iki pan ayun ambukti (hlm. 97), kaya priye yayi karsanira, Ki Ragasmara muwuse, kakang atut pukulun, nora kongang manira iki, akarya padadaran, pan dereng dinunung, angucap Ki Amongraga, nora beda ing sira kelawan mami, lah sira angucapa.

146

Ragasmara mangke sira angling, wus atampa idzining kang raka, dinulur ing sakarsane, moga wontena iku, kamurahan saking Hyang Widi, si kakang arsa dhahar, sanalikar rawuh, sarwane kang dhaharan, sekul pethak sumakta ulame asri, semadya aneng arsa.

147

Ki Amongraga wau sirangling, iya iku yayi karsaningwang, payo same bukti mangke, Ragasmara amuwus, lah anedha kawula wingking, nulya samya adhahar, kalih rencangepun, sigra adan ajang-ajang, Selabrangta wau sira angladeni, nulya adan adhahar.

148

Eca manahe Amongraga, lawan mangke sira Ragasmara, pan sarwya amuji mangke, Amongraga amuwus, Ragasmara dinoking liring, nanging sampun atampa, Ragasmara iku, yayi sampu kesamaran, tingkah iki den wikan jatining napi, kabeh anging pangeran.

149

Yen langgenga mangkene iki, tingkahira andadaring lampah, pasthi duraka temahe, kewala kongangepun, tatkalane kaluwen yayi, yen sampu istipara, iku bagusepun, sampun denira dhaharan, Selabrangta adan tinembang ing laki, kinon ambukti sira.

150

Sampun dhahar Ni Ken Selabrangta, saya wuwuh wau tingalira, kadulur Hyang Sukma mangke, Amongraga amuwus, karsaning wong ngalapan bukti, sirna kabeh wus ilang, datan ana kantun, sapolahe Ragasukma, waliyullah kakasihira, Hyang Widi tan kena tirokena.

151

Ki Ragasmara mangkya lingnya ris, kawula kakang anedha warta, sunat lawan pardhu mangke, kawula pan dereng wruh, dhihin pundi sunat lan wajib, lawan tegese pisan, kang sunat puniku, lan tegese pardhu ika, Amongraga garwane donoking liring, lah yayi saurana.

152

Aywa sira yayi salah tampi, saurana yayi arinira, pan ingsun asaryan mangke, Selabrangta amuwus, singgih kakang anedha idzin, sarta pangaja tuwan, kawula anuhun, angucap Ni Selabrangta, patakenan Ragasmara den sauri, lan panjawabira.

153

Selabrangta wuwuse amanis, manira yayi miarsa warta, wonten wirayat mangkene, sanakira sadulur, zhahir watin tunggal sireki, ajar rasa arumasa, Selabrangta muwus, nedha halal rakanira, lah ta mara sun adu ajurit, lan yayi Ragasmara.

154

Ragasmara anauri aris, lan anedha kawula wawenang, den agung pangapurane, Amongraga amuwus, pindho karya yayi sireki, Ragasmara angucap, kawula anuhun, Ni Selabrangta angucap, nenggih reke kang pardhu jumeneng dhihin, gumanti sunat ika.

155

Ragasmara mangkya anauri, ing tegese tah kakang punapa, kang pardhu ika tegese, Selanbrangta amuwus, ing jatine mangke puniki, kang aran pardhu ika, langgeng jatinepun, mapan nora kena owah, kang wus teka ing jatine ika yai, manira amiarsa.

156

Karanepun syarengat puniki, pinugeran tan kena lenggana, anglamapahi amar mangke, pan pedhadepun agung, ingkang teka ing antep yayi, iku bakaling lampah, manira angrungu, margane ngaran ganjaran, sasemune nastiteken amamahi, mulane antuk tsawab.

157

Sadurunge teka lampah iki, nora ana basa hukum tsawab, kang sunat iku tegesa, margane langgeng iku, ananira ayayi puniki, sampune tekeng paran, ing laku puniku, tandhane yen antuk tsawab, tansah mangasinung padhang kalbuneki, awas jatining lampah.

158

Ragasmara mangke muwus aris, kasinggihan kakang ujarira, manira ataken mangke, sunat lawan pardhu iku, kadi pundi karsanereki, len ayun tunggalena, ing temah puniku, angucap Ni Selabrangti, dening apa kang sampun tumeka jati, alon Ki Amongraga.

159

Yen uga yayi ingkang wus jati, ing pasthine kena tunggalena, sampun telase pardhune, nora aetang pardhu, lampahepun kang sampun jati, tansah anunggal karsa, manira angrungu, tansah mangke ingayunan, ing kawruhe nora no daluwang mangsi, dening wus olih tsawab.

160

Dadi tan etang waktu puniki, dening waktu wus anunggal, tansah papaesan mangke, Ragasmara amuwus, ayu temen bok kakang iki, luwih saking akathah, pan dereng anemu, pawestri kaya si kakang, Amongraga gumuyu tur sarya angling, yayi adaya pisan.

161

Lah ta mara yayi aywa gingsir, depun mara sira mring ayunan, perang rame iki mangke, Selabrangta amuwus, lah ta yayi andika iki, amundur wong punapa, Amongraga muwus, semana denira aprang, mara-mara den padha mara sireki, yayi sira den awas.

162

Wong adagang padha ting saleri, padha mampir tumon dhukuh anyar, pan samya kagyat manahe, lanang wadon aselur, tuha anom samya ningali, dhukuhe Amongraga, pan samya papungun, dok kapan ana pagirywan, nora nyana manira kadya wong ngipi, anglir dhukuh tatiban.

163

Selabrangta mangkya sira angling, kayangapa yayi karsanira, sira angucap mangkene, sapa aranireku, lah jawaben depun patitis, Ki Ragasmara ngucap, manira angrungu, kanugrahan araningwang, Selabrangta mangke anauri aris, yayi manira tanya.

164

Apa karane ananireki, ingaran mangke kanugrahan, lan tegese mangke, Ragasmara amuwus, nenggih kakang manira manggih, karane ingarana, kanugrhan iku, jatine yen wewayangan, ing tegese kanyatahaning Hyang Widi, iku pamiarsengwang.

165

Selabrangta mangke takon malih, kadya pundi ing karsa andika, wonten masalah mangkene, sajrone kakung iku, tur pawestri jatine yayi, sajrone wanita, wonten kakungepun, lah yayi den padhangena, anauri Ki Ragasmara amanis, kakang manira nedha.

166

Ing pasthine ing wong lanang iki, ing jasade ingaranan lanang, dening amurba estrine, sarta lan tandhanepun, nanging mangke maksih pawestri, dening maksih kapurba, dening erohepun, iku tah estri jasad, lir kurungan ananing jasad puniki, kakang manira ngrengwa.

167

Sejatine ingkang lanang iki, ananing roh mangke ingkang purba, amurba ing jasad mangke, prandening nyawa iku, ingaranan maksih pawestri, dening sira kapurba, ing estrine iku, dede satuhune lanang, satuhune kang lanang ananing widi, arah dening amurba.

168

Wong pawestri tah kadi punendi, ing jatine karsa pakanira, Ki Ragasmara saure, nora beda puniku, ing jatine kang wong pawestri, tan beda lan wong lanang, manira angrungu, manira kakang atanya, sapa sira pangeranira sejati, lah kakang ucapena.

169

Lah jawaben kakang den patitis, padha mengko aywa kumalamar, aywa atatebeng mangke, Selabrangta amuwus, iya ingsun pangeran jati, dudu mangke manira, pangeran puniku, ingsun sira tan pra beda, ing jatine pan nora nana kakalih, suka Ki Amongraga.

170

Suka temen ingsun yayi, anenonton yayi yudanira, perang gedhe iki mangke, sarwi sira guyu, suka-suka sarwi ngeploki, padha wong surengrana, digbya ing laku, mara-mara bendanana, sanegara wong aprang kadi iki, mangsa ingsun manggiha.

171

Ragasmara gumuyu sarwi ngling, samya suka lan sarowangira, tuwin Selabrangta mangke, Ragsmara amuwus, lah ta sampun kakang puniki, punapa rinasanan, Amongraga muwus, lah yayi padha mulimbang, Ragasmara sira mangke anauri, kakang manira nedha.

172

Wonten mangke winama ing kawi, wong anglangut mangke anglelana, ing Nusa Jawa parnahe, si tanah wus dinunung, Lombok Patani mwang Kuti, Pasir Bali prang Pelimbang, Madura dumunung, Surawesthi, Sedayu ing Giri lawan Gresik, Galegang Pranaraga.

173

Pajang Mataram wus den jajahi, ing Tambayat lawan ing Kajoran, Kudus lawan Demak mangke, padha dumunung, ing Carebon sampun kawingking, tuwin mangke Jepara, Ampeldenta iku, pradata wus den jajah, ing tategal Betawi Banten lan Pathi, tuwin tanah saberang.

174

Jatiswara peparabe mangkin, pan linuwih lalana tan wisma, pandhita taruna wancine, tur satya tah ing laku, kalih sanakreki ing uni, iku samya pandhita, laksana ing laku, dinulur dening Hyang Sukma, tan kawarna wonten satengahe margi, tengahe wana wasa.

175

Madya latri lampahe kinawi, Jatiswara denira lumampah ing brangti, dening angrengen swara, marmane anglangut, nenggih wonten sanakira, anglelana aparab Syeh Amongraga, iku ujaringswara.

176

Den ulati nora kepanggih, kapan baya iku katemu, Ki Amongraga wastane, Amongraga winuwus, natkalane liwat ing margi, katingal tejanira, Amongraga mancur, kelawan Ki Ragasmara, jatiswara kagyat sira aningali,
sinenggih dede janma.

177

Amongraga tejane nelehi, murub katong cakraning gilingan, gebyargebyar paulune, Jatiswara tumanduk, saya awas tingalireki, adoh pan pinaranan, aglis lampahepun, waspada lamun manusa, Jatiswara mangke sira nulya angling, sampun auluk salam.

 
Support : Red Point Akupunktur | Prigi Tirta Wisata
Copyright © 2013 SEKAR LARAS - All Rights Reserved
Template Created by Creating Website Published by Mas Template
-->