PUPUH VIII
01
Amongraga anauri, mangke ngalekumussalam, sinungana rahmat mangke, adan apepanggih sira, sigra anjawat tangan, ing marga parnaheriku, kelawan Ki Amongraga.
02
Kalih Ragasmara iki, Ki amongraga angucap, sapa sinten wewangine,
Ki Jatiswara angucap, manira Jatiswara, wong ideran andon nglangut,
sedya angulati wangsa.
03
Aparab Ki Amongraga, ujare tutur punika, Ki Amongraga wuwuse, sapa kang awarteng sira, Jatiswara angucap, anenggih ujaring tutur,
manusa winong dening Hyang.
04
Syeh amongraga sirangling, ing pundi ta wismanira, muwah kang
anedha kaki, Ki Jatiswara angucap, tanpa wisma manira, Ki Amongraga
gumuyu, katambetan yayi sira.
05
Nyata ujar puniki, nyata kelamun manira, Ki Jatiswara wuwuse, tan
wikan yen pakanira, kekasihing Hyang Sukma, Ki Amongraga amuwus, yayi
ingsun wong duraka.
06
Muhal iki tutur yayi, yen uliha sih Hyang Sukma, wong kesasar
ingsun mangko, lumakwa tan wruh jatinya, manira mbek welaka, wus temu
sira lan ingsun, lah ta paran karsanira.
07
Ki Jatiswara nauri, lamun tulus karsa tuwan, anedha sinampar
mangko, wong kasihan mindha ina, nora wikan ing krama, Syeh Amongraga
amuwus, arum amanis sabdanya.
PUPUH IX
- DHANDHANGGULA -
01
Tan kawasa mangke ingsun iki, angakua babu maring sira, larangan
puniku mangke, sapa atuha iku, kang ingaku sapa puniki, anging Hyang Kang Wisesa, polahira iku, kawula darma punapa, Jatiswara mangkya sira
anauri, atut lamun mangkana.
02
Anging tah mangke manira iki, yen sembada lawan karsa tuwan, pasthi
tan samar ing mangke, anut ujaring tutur, lamun tuwan sanak sejati,
nadyan nora ngakua, manira tan kundur, angucap Ki Amongraga, aneng sira
manira darma punapi, kadya lumbung pinanah.
03
Lah ta raryana mangke ing riki, lamun sira arsa pawong sanak, kelawan manira mangke, eca ganti pamuwus, sapaguywan sira lan mami, sigra
sira sumimpang, saking marga agung, sanalika wonten taman, pinggir
margi
ingarsa asri angrawit, kagyat Ki jatiswra.
04
Taman adi saking Hyang Widi, pinggir marga tinwan asri raras,
banjaran sangkep warnane (hlm. 103), tinon asri anglangut, puspa mekar
tepining beji, gapurane araras, murub warnanepun, bata bang lan bata
petahk, sela ireng reneka buron angrawit. Lwir gambar tiningalan.
05
Wrta sarine samya babar gadhing, puspa jenar gandanya mrik sumyar, Gambir Melathi Rowange, Menur lawan pring Kencur, Nagasari lawan Warsiki, Pucangnya babar mayang, gandanya mrik arum, rinubung
dening jarahan, amrik minging Kumbangnya lwir gendhing muni, ambengengeng swaranya.
06
Toyanya mijil ngayengi panti, puspa mekar gandanya araras, kintar samirana mangke, Jatiswara papungu, sampunira samya alinggih,
wonten ing made kambang, Jatiswara muwus, saktine Ki Amongraga, Ragasmara
sampun sira samya linggih, muwah Ni Selabrangta.
07
Jatiswara angrasa yen kari, aningali ing anane taman, tandhane yen
luwih mangke, anging tah karsaningsun, atatanya ujar sejati, lamun
mangke kajawab, estu yen wong luhung, Amongraga pan tinembang, kadi kiyai
karsanireki, tuwan winastan paran.
08
Amongraga gumuu saryangling, nora wikan mangke manira, beda yen
wong idhep mangke, tulus ingsun balilu, Ragasmara wau tinari, yayi
menawi wikan, sira ujar iku, Ki Ragasmara angucap, yen wikan menawi
kakang bokpaksi, mesem Ni Selabrangta.
09
Amongraga mangkya anauri, lah tapayo yayi saurana, yen sira wruh
jatine, Selabrangta amuwus, tan lenggana karsaning laki, selabrangta
angucap, manira angrungu, nenggih mangke mangke kanugrahan, araningwang sejatine janma iki, manira amiarsa.
10
Jatiswara angling ing jro ati, wong puniki semune utama, katoreng
semu basane, alungit semunepun, wancanane akarya sandi, bisa karya
prasanda, cihnane wong luhung, masalah tibeng wanudya (hlm. 104), mundur
ewuh wanacana ulih nauri, menggah Ki Jatiswara.
11
Amongraga mangkya sira angling, lah ta payo mangke saurana,
wencanane estri mangke, sampun kandheg sireku, awencana lan lestari iki,
sampun rasa rumasa, yayi sampun ewuh, bulata bisa manira, lah ta yayi
sampun sampun warana kajatin, Jatiswara angucap.
12
anging mangke manira puniki, lah anedha mangke pangapura, karoseng dede kramane, Amongraga amuwus, pindho karya pakanereki, kawilang wong agama, ing karsanireku, bali paran karsanira, panjawabe wong
estri kadya puniku, atut wau mangkana.
13
Apa karane mangke puniki, winastan wau kanugrahan, jatine manusa mangke, Selabrangta amuwus, nenggih manira nenggih, karane
ingaranan, kanugrahan iku, jenenge yen wewayangan, Jatiswara mangkya sira
anauri,
atut lamun mangkana.
14
Jatiswara mangke tanya aris, kadi pundi mangke karsanira, wonten masalah mangkene, wekasing Islam iku, kadi pundi karsanireki,
tegese kupur ika, kayapa puniku, angucap sajrone nala, Jatiswara yan uga anjawab sireki, nyata luwih ngakathah.
15
Selabrangta mangkya angling aris, nenggih mangke manira amiarsa, tegese kang Islam mangke, tegese Islam iku, pasthi ka[ir manira manggih, tegese kapir ika, ika Islam jatine, angucap Ki Jatiswara,
kadi pundi Islame mwang kapirneki, lah mangke angucapna.
16
Selabrangta mangke anauri, nenggih mangke Islam punika, dening wus temu jatine, iku manira ngrungu, ing kapire dene tan iling, lemut
tan ana wikan, dening sih Hyang Agung, kawibuwan sihing Sukma, upamane lir
katrapan api, sirna tan ana ngucap.
17
Jatiswara mangkya takon malih, ing ungguhe manusa kang sirna, yen
ilang endi parane, Selabrangta amuwus , nenggih mangke manira manggih, ananing kanugrahan, kang purba puniku, jenenge yen wewayangan, dadya ananing dasih puniki, mulih ing jatinira.
18
Ana dene enggene puniki, sapa wruha sajrone panunggal, kang
tunggal dhewene, iku manira ngrungu, anging iya wikan pribadi, wikan ing dhewekira, tan kena winuwus, prandene kang sampun nyata, ing
lampahe tan kandheg ing papan tulis, tan etang tatakrama.
19
Jatiswara anuksmeng jro ati, mandahane kae Amongraga, rabine iki sehene, luwih ing wong lumaku, ingakathah ahlul surambi, nyata
lamun sampurna, amongraga iku, ingsun mider anglelana, durung manggih
ing
wong kang kadya puniki, nyata sinisihan ing Hyang.
20
Selabrangta mangkya sira angling, pan manira kae amiarsa, wonten masalah mangkene, tegese nabi iku, kadi pundi karsanereki, tegese
isbat ika, paran karsanepun, jawaben depun tetela, anauri Ki Jatiswara
amanis, manira amiarsa.
21
Nenggih mangke tegese kang napi, nyata reke sajrone kang isbat,
kang jro napi tah reke, iku manira ngrungu, pan tegese napi puniki,
mesem Selabrangta, kayapa puniku, lah anedha padhangena, Jatiswara
anulya sira nauri, manira amiarsa.
22
Ingkang napi anenggih puniki, sejatine kang aneng paesan, kang
isbat tunggal jatine, nora liyan puniku, ing anane kang isbat jati, napi
reke mangkana, manira angrungu, sida tampa wurung tampa, kang atanggap sejatine napi iki, tan kena ucapena.
23
Selabrangta mangkya muwus aris, asung sipta maring kakungira,
manira asryan mangke, Amongraga amuwus, Ragasmara mangke tinuding, lah
yayi gantenana, kakangira iku, manira darma miarsa, Ragasmara mangya
sira anauri, kakang manira nedha.
24
Ragasmara mangke amedali, masalahe reke pan larangan, papasthine masalahe, Jatiswara (hlm. 106) tinembang, kaya priye karsanereki, wonten kang pawarta, manira angrungu, sapa wong atuwanira, pira
kehe
wong atuha kang sejati, lan mangke ucapena.
25
Jatiswara mangke anauri, nenggih mangke wong atuwaningwang, tigang parkara kathahe, yen ingkang zhahir iku, kang istoken raga puniki,
kang awal Nabi Adam, manira angrungu, ing batin Nabi Mushthagha, sampun
kandheg ing kahanan ari kaki, iku jatining sukma.
26
Wonten ujaring semu puniki, sira ingsun anaking Cemara, pan
putuning Asu mangke, iku pangrunguningwang, kabeh-kabeh anaking Anjing,
mesem Ki Amongraga, Ragasmara muwus, sampun tah mangke winejang, Amongraga gumuyu tur sarya angling, anake Asu belang.
27
Marganing ana sira puniki, dening Asu belang pan tetiga, Ki
Jatiswara wuwuse, atut ujar puniku, sapa tampa semune wadi, dadi wadaning
lampah, janma luhung, lir kadya landheping pedhang, kang atanggap ing jati jatining ilmi, iku pagurukena.
28
Sapa maca lalungit puniki, depun kena kae tampanira, yen luput
sasar temahe, angel ujar puniku, nora nana ing papan tulis, iku bagya
cilaka, pawarah ngong iku, dudu ilmuning syarengat, Jatiswara mangkya sira angling aris, Amongraga tinembang.
29
Manira mangke ataken jati, lah anedha mangke sih pawarta, wonten masalah mangkene, punapa, nyatanepun, ing anake Asu puniki, lamun
nyata punapa, endi nyatanepun, angucap Ki Amongraga, dening apa yen ora nyataa iki, Jatiswara angucap.
30
Apa karane katon puniki, lamun nyata anaking Cemara, Amongraga tah saure, apa kang katon iku, dudu iku ananing Anjing, kewala sih
kurungan, ananira iku, yen sira ayun wikana, ulatana sejatining Asu iki, lah payo tututana.
31
Payo-payo rowang ingsun iki, aja kari mapan sami muksa, anuksma
tambuh parane, Jatiswara pan mangu, anggraita sajrone ati (hlm. 107),
nyata yen badan sukma, anane dinulur, Jatiswara pan angucap, kari paran yen
ana sihing Hyang Widi, Jatiswara wus muksa.
32
Amongraga punika kinawi, angumbara aneng Madegantang, awor
jaladara mangke, Jatiswara wus mumbul, lah ingendi parnahireki, ana
layanglayang, awor lawan mendhung, kang mendhung-mendhung ing sukma, gebyar-gebyar tejane kawula luwih, awor padhanging andra.
33
Amongraga mesem aningali, ana linggih saluhuring mega, kalawan sarorowange, Jatiswara cinatur, ampun wikan parnahe mangkin, sigra nulya pinaran, Amongraga muwus, saktine Ki Jatiswara, sampun
prapta ing sapadha wong luwih, mesem Ki Jatiswara.
34
Jatiswara mangkya sira angling, lah ta payo ingsun ulatana, wus
murca saking arsane, Amongraga tan kantun, sareng muksa sarowangneki, Jatiswara neng guwa, mancur tejanepun, Amongraga sampun wikan,
nulya prapta ing arsa tumulya linggih, angapa ujarira.
35
Jatiswara angling ing jro ati, nyata sakti kae Amongraga, nora
nana sasambate, anging sih karsaningsun, sumbalinga dadi prajurit,
mengke sun dadi toya, yen uga sireku, wikan maring raganingwang, nyata luwih
dudu rowange ajurit, mundur dadi samodra.
PUPUH X
- D U R M A -
01
Amongraga ing mangke sampun uninga, solahe den kawruhi, Amongraga sira, tambuh tekaning palwa, suka-suka manahneki, kadya cangkrama, mangke Ki Amongraga.
02
Selabrangta kagyat ningali samodra, Ragasmara sira ngling, duk
kapan neng palwa, teka nunggal baita, gawok ing manahireki, Ki
Amongraga, wuwuh sukanireki.
03
Tahu ta tengsun ana ing sagara, Jitiswara mangkya ngling, kewuhan
ing yuda, Amongraga punika, sun senggih kundura mangkin, Ki Amongraga anuging jurit.
04
Sagara rob umbake awor prahara, umbak agung (hlm. 108) kang
prapti, umbake limbungan, genge sagunung ana, kadya kerah swaraneki,
umbaknya piyak, Amongraga ningali.
05
Tansah mesem ing ati Ki Amongraga, polahe den tingali, mring Ki Jatiswara, angaben yudanira, sanalika wonten geni, amolar-molar,
saomah angengneki.
06
Pan saya ageng sagunung mangke gengnika, karsaning Amongraga,
angesat sagara, sun aduning kang toya, kelawan geni punika, geni wus
mumbal, swara lwir gereh muni.
07
Mumbal-mumbal kang geni amangsa toya, mumbul ing luhur warih, endi
ta anaa, geni amangsa toya, luwihe Ki Amongraga, datan ginanthi dhandanggendhis.
PUPUH XI
- DHANDHANGGULA -
01
Wonten masasyeh wau ginupit, ahlul sastra amangun syarengat, ing Wanacandra wismane, kalintang mantanepun, wong alinggih ahlun
surambi, kinepun sinaroja, sabatepun agung, amupu ing wong kasihan, bagus
anom jatmika asih ing santri lumaku lawan kundhang.
02
Asung pangan wong kang luwe iki, asung sandhang maring wong
kawudan, adana weweh lampahe, tur ambek wakca sadu, nora gingsir ing pangabakti, nora kibir ing lampah, nora nggungken ilmu, lakone
tansah ing karsa, den srahaken tingale nyata yen napi, iku tuten ing lampah.
03
Pan Islam tansah den simpen, ing kapire sadina den sebar, den
jereng nistha lampahe, kalawan miskinepun, cela ina kang den ranggwani,
shabar lawan tawakkal, alinggih ing kahyun, yugya tinuta ing lampah,
sakathahe
kang akarsa taki-taki, iku lampah kang padhang.
04
Masjide ika ageng ainggil, panatarane ika araras, mendhapa radin
lepane, tinon asri anglangut, jambangane soreng Warsiki, balungbange
ajembar, puspane mrik arum, sekare abebanjaran, marbuk wangi gandane arum manis, lir gandane kasuwargan.
05
Rare santri akeh padha ngaji, ageng alit , samya
atillawat, swarane umyang arame, wenenh amaca suluk, kang asangir
aganti-ganti, weneh kang aterbangan, ana turun guyu, saweneh amaca kitab, rebutlapadh maksude kitabireki, rame arebut akal.
06
Gumer swarane kang wong angaji, papantese wong ahlul syarengat, saweneh sembayang mangke, wenenh aganti metu, manjing medal saba surambi, weneh ana ambakta, kitab maring guru, anedha wadining
kitab, kang saweneh amasuh sabakireki, weneh ingkang nanurat.
07
Wong ngangsu ika pating saleri, tuha anom perawan wulanjar,
rangdha somahan rowange, liwat ing masjid selur, teka wong maring kali,
akeh lalewanira, amedhak apupur, samya agelung pendhokan, kae santri karsane den kulenjari, semune anjawat.
08
Kang saweneh sasubrah sasumping, sangkang bapang sekare Cempaka,
tur sarwi ngujiwat mangke, sasolahe asemu, kaya ana marjaka alit, rara sampun dewasa, ki santri andulu, maring kang wong alelewa,
dalahane karsane arep alaki, padha gumuyu suka.
09
Samya gumuyu sakehe santri, aningali ing sapolahira, sampun wikan
ing semune, Jatiswara winuwus, sampun prapta jawining masjid, arsa atetakena, wau karsanepun, anuju ana wong medal, Ki Marebut
karsane dhateng ing kali, arsa adus karamas.
10
Denya lumampah andhengkul iki, nora wikan yen ana wong prapta, katungkul dhelug lakune, Jatiswara amuwus, Ki Marebut kagyat
ningali, kaketegepun sumyar, wong endi kandulu, dening nora asaraba, nora
wikan ing soba sela wong iki, mesem Ki Jatiswara.
11
Lah anedha paman sapureki, depun agung paman suka dika, pasthi kadadeyan mangke, singgih wikana wau, pakanira paman puniki, Ki Marebut angucap, ulate marengut, tur sarwi ambakta landha, depun cangking ing beruk wandhahireki , arsa adus karanas.
12
Pan ing pundi wastane punika, kae paman manira atanya, den agung pangapurane, atut saking sireku, Ki Marebut mangkya anauri,
nenggih ing Wanacandra, wastane puniku, ing pundi pinangkanira, Jatiswara
mangke sira anauri, sadya wang anglelana.
13
Tampa wisma manira puniki, mider-mider lwir pindah wong moyang,
karsa tetakena mangke, maring kang sampun luhung, yen anaa kang asih
iki, mara ing awakingwang, ika karsanepun, wingi ingsun amiarsa,
nanggih mangke ing riki wonten wong ngarib, manira yun wikana.
14
Ki Marebut mau anauri, kalingane sadya puruhita, karsanira tah ing mangke, lah ta dhaweg tumanduk, maring masjid mangke alinggih,
mangke manira warta, maring guruningsun, lah ta mangke tumanduka,
Jatiswara nulya sira anauri, paman lah karuhuna.
15
Ki Marebut sigra-sigra mulih, arsa matur maring gustinira, sampun dhateng ing wismane, yen dhatengan anom apekik, gurune lagya
nindra, nyaine sumaur, baya ana karyanira, sigra-sigra teka memanasi nati,
lah age wewartaa.
16
Ki Marebut nulya matur aglis, nenggih nyai andika dhatengan,
ataken kiyai mangke, ing riki keng jinujug, bagus anom brangteng Hyang Widi,
nyainira angucap, shabarena iku kiyai lagra anindra, Ragamana tumulya
kagyat anglilir, alinggih sarya dhaham.
17
Lah undangen kaki depun aglis, aturana alinggih ing wisma, yen
arsa wong sanak mangke, Jatiswara winuwus, aneng masjid denira linggih,
santrine padha cingak, tumon warnanepun, Ki Marebut nulya prapta, sarya
angling Jatiswara den aturi, dhaweg malebeng pura.
18
Sigra tumurun saking surambi, sampun kiring sira maring wisma,
sampun manjing ing korine, Syeh Ragamana muwus, anuruni sang wau prapti,
lah mangke tumanduka, den aglis sireku, sampun anggelar kelasa,
Jatiswara
mangke sira nulya linggih, anulya singkrama.
19
Lah bagea mangke sasutya di, saking pundi mangke pakanira, punapa sinedya mangke, Jatiswara amuwus, tanpa wisma manira iki, sadya
marek ing tuwan Ragamana muwus, punapa tah karsa tuwan, wus apanggih kelawan manira iki, angling Ki Jatiswara.
20
Marmanepun kawula maring riki, nenggih tuwan kasusra ulama, tur
sarya murah wartane, kadunung ilmu agung, memarahi ing mudha iki, amupu
ing wong nistha, manira angrungu, Ki Ragamana angucap, kalingane
manira idhep ing ilmi, asawat yen temena.
21
Ki Ragamana aseng-aseng ing rabi, lan asunga mangke panginangan,
den aglis mara ing akeh, rabine nulya metu, sampun kesthi wancananeki,
sigra atur pawohan, munggeng bokor sampun, anulya sira tinapan,
Jatiswara tumulya den ancarani, lah bagus amucangan.
22
Sampunya muncang tumulya angling, Ragamana maring garwanira,
rabine tinembang mangke, lah ta nyawisa sekul, sesajia ta sira yayi, rehe adhedhayohan, den inggal sireku, lawan sira jawadaha, asuguha
sadarbe darbening miskin, iki kekasihe Hyang.
23
Jatiswara mangke wus atampi, wancanane Ki Syeh Ragamana, manira anedha mangke, larangan ujar iku, kang sinihin dening Hyang Widi,
pilih ingkang jatinya, ing ujar puniku, manira iki duraka, aneng dunya
pan dadi satruning Widi, mesem Ki Jatiswara.
24
Kang tinedha siang lawan latri, teka kena mangke ing duraka, den
kadya hewan samine, Jatiswara gumuyu, kadya pundi karsanireki, dening
sedha duraka, kayapa puniku, gumuyu Ki Ragamana, Ki Marebut tan wikan
semune wadi, jege lengleng miarsa.
25
Ragamana mangke (hlm. 112) sira angling, Ki Marebut yayi
undhangana, sowang sanakira kabeh, mungpung dhayohan luhung, kakula warta kang jati, aja tungkul ing sastra, den wruh jatinepun, aywa katungkul sambahyang, Ki Marebut tumulya mintar tumuli, uwar sakaumira.
26
Jatiswara wuwuse amanis, kadya pundi paman karsandika, duraka iku semune, Ragamana amuwus, sampun wonten jebeng sireki, aywa ngangge warana, kaki anakingsun, pan sampun ana ing para, Jatiswara
mangkya sira anauri, paman manira nedha.
27
Paman wonten tah ujar puniki, sing sapa awas maring pangeran, pan agedhe ing dosane, iku ingsun angrungu, Jatiswara mangkya nauri,
atut paman mangkana, manira angrungu, angucap Ki Ragamana, angur para
wus wikan semune wadi, mesem Ki Jatiswara.
28
Ki Marebut pan ingucap malih, kang auwar maring kaumira, pan kabeh tinembang mangke, payo aja na kantun, paman sira ingundang kaki, gurunira dhayohan, ika pan wong luhung, kaume wus padha teka, tuha anom santrine wus padha prapti, pareng linggih ta sira.
29
Ki Ragmana mangke sirangling, karanira sun undang sedya, padha
kakulaka kabeh, wartaning laku iku, mungpung ana kang sampun jati, kang
sampun wruh ing paran, wekasaning laku, padha sira miarsaa, malah mandar mundhaka budinireki, pah padha angadhepa.
30
Samandening bapa ingsun iki, maksih tuna ing pawartaningwang, pan
wikan sejati mangke, santri pan samya matur, lah anedha mangke kiyai,
lawan tah den parsaya, ing kaharsaningsun, padha angakua sanak,
Jatiswara ika anauri, paman manira nedha.
31
Karane bapak tingkah iki, karanepun tan wikan ing paran, dening
tan temen lakune, pilih ingkang wong purun, anerajang larangan iki,
akeh medhot belabar, dadya tan sinung wruh, katungkul oleh aksara,
depun puhung kitabe angaling-alingi, mesem Ki Jatiswara.
32
Jatiswara mangke anauri, kadya pundi paman karsandika, kakang laku
iku mangke, dadining laku ika, lawang paran dadine iki, yen nora lawan
sastra, kang jati puniku, yen nora lawan sembahyang, kadi pundi Ki
Ragamana lingnya ris, Tan won dadi duraka.
33
Upamane kang syarengat iki, prelambine kadya wong sesawah, anggaru miluku mangke, karya lerleranepun, yen wus dadi leleraneki, tumrap
wiji saking Hyang ilmu wastanepun, lamun sampun sawurena, yen wus radin
lelere nira sejati, mangke den banyonana.
34
Jatiswara mangkya muwus aris, kang punendi kang pinakta toya, panguripe wiji mangke, Ragamana amuwus, depun nyata ing rohireki,
ika pinaka toya, ilmuning Hyang Agung, lan asangua rerasan, sampun
kandheng ing sembah kelawan puji, yen ayun wruh ing paran.
35
Yen pinuhung syarengat puniki, ingaranan reke maksih bathal,
dening tan wikan jatine, nyatane maksih kandheg tatan-tatan, pasthi gampang
yen kena ing papan tulis, manira amiarsa.
36
Upamane ing laku puniki, yen kang teka kadya wong mimitra, sarta
lawan jarumane, mapan jaruman iku, pan tetiga kathahireki, dhehin,
kelawan sastra, kapindho puniku, jaruman kalawan badan, ping tigane
jaruman lan
nyawa iki, iku dadining lampah.
37
Jatiswara ika anauri, kasinggihan paman karsandika, sembah lawan tegese, angel ujar puniku, yen tan saking nugraha jati, yaiku
marga sempurna, dumduman ranepun, wonten mangke zakat badan, pira-pira denya nglampahi, coba lawan bencana.
38
Kang duraka tah kadi pundi, ingaranan tah lampah tah lampah
sampurna, punapa mangke tegese, (hlm. 114), Ragamana amuwus, nenggih mangke manira manggih, iku mulane awas, ananing Hyang iku, sawuse teka
ing
coba, iya iku duraka ing Hyang sejati, manira amiarsa.
39
Mapan wonten kocap ing jro dalil, ingkang coba kelawan bencana, damaring wong urip mangke, iku manira ngrungu, Jatiswara mangkya nauri, nyata lamun mangkana, ing wuwus puniku, ki santri padha
angucap, kadi pundi jatining warta puniki, manira yudha wikan.
40
Tamatepun carita puniki, ing wening isinen jam dwi welas,
Rabingulakhir wulane, tanggale kawlas iku, tahun Ha’ Hijratunnabiyyi,
Shallallahu ngalehi wasallama, sewu dwi tus kawlas dasa dwika, kang kumama
rarya
nom bodho hiranti, den agung pangaksama, Wallahu ‘alam yalashshub.