Home » » Serat Centhini ~ Pupuh V & VI

Serat Centhini ~ Pupuh V & VI


PUPUH V
DHANDHANGGULA

01

Larapati pan sampun pinasthi, krama pati wus pasthen marganya, tan suwe, prapteng ayune, memedi teka runtuh, nulya ngucap dhuh mambu wangi, wangi-wangi aenak, daya temen ingsun, ana wong mara ing griya, ayu anom roro pra samya pawestri, mangke sira sun mangsa.


02

Sun mangsane mangke depun aglis, mandahane karo dening renyah, amoh
tekan ing balunge, angerik swaranepun, jatha gimbal rema angirid, netra
abang sunirat, lwir sarya dinulu, mijil saking kayu gurda, rengih-rengih
cawete dinulu jrihi, sarwya ngucap mangkana.


03

Adhuh mati sira wong kekalih, pan sun mangsa sira Ni Turida, lumayua
depun asru, sun arani ta sira iki, gagecek nantang lalab, kaya sira iku
bosen mangan sega iwak, Ni Turida gumeter denira angling, lan bage
untapena.


04

Ni Ken Raras gumeter kepati, sumengeran mangke kadya pejah, kateteg
tan kena rereh, tambuh paraning dulu, pan kewuhan tan kena usik,
angetak anggegilani (hlm. 66), gedhene salumbung, rupane roro salewah,
angrerengih swaraning pating kurintih, aenak cengelira.


05

Enak temen gedhene awangi, kehe batur minangsa, pinangan tekeng
balunge, siji bobohaningsun, thinethelan padha binukti, yatena wadon
Turida, amangke baya ingsun, tinekaken ing wekasan, kang sun tedha
syukur matia ing riki, lah ta mangsanen ingwang.


06

Lah mangsanen ingsun depun aglis, teka kena ing sekarepira, urip tan
kajamak akeh, sura denawa muwus, tulusna karepmu iya amateni, syukur
ingsun matia.


07

Nora lamun mengkanaa mami, aywa maras babo atinira, pan sun raksa sira
mangke, langkung wlas atiningsun, aningali ing sira nini, denira kawlasarsa,
jeneng putuningsun, angucap wadon Turida, sinten baya kiyai wasta
dikeki, asih ing awakingwang.


08

Sura denawa mangke sira ngling, sun kineken denira Hyang Sukma,
anglalangi jagad kabeh, marmaningsun tumurun, anuruni ing sira nini,
denira kawalasarsa, paran dera jaluk, sira sah saking sesana, anglampahi
lara patisira nini, angling wadon Turida.

09

Pan ingsun takon kaki sejati, paran maram reke timurunan, apatah baya
wedine, parandening uriptengsun, aneseki ing jagad iki, tan jamak lan
wong kathah, kiyai wakiningsun, baya angur palastra, saman dening tan
draman ingsun lakoni, angling sura denawa.


10

Aywa mengkono babo nak mami, iya ingsun kang amurweng sira, kang
karya lelakon mangke, kang sadya manireku, anglelana amrihing pati,
lumampah kawlasarsa, angger putuningsun, angucap wadon Turida, para iki
tan tan kongang tinilar laki, angur matiyeng wana.



11

Tresna temen sira maring laki, Ni Turida babo putuningwang, arep tah
panggia mangke, bula si kaki ayun, apanggia manira iki, sura denawa (hlm.
67) ngucap, den shabar sireku, babo teka lakonana, aja kondur ing lara
kelawan pati, ingsun nguncanging sira.


12

Sun papoyan ing sira tah nini, bancanane babo lakona, lara pati lelakone
ingsun babo andulur, sedyanira Ni Rarasati, lakinira atapa, marmane tan
mantuk, pan karem brangta maring Hyang, apartapa ing Argasalah puniki,
lah babo lakonana.


13

Ni Turida saure amanis, tah ingendi, kaki Argasalah, ayun wikana parnahe,
sura denawa muwus, kedul wetan saking ing riki, iya sira den pujya,
karanira iku, anglangut atilar wisma, lakinira atapa andon anepi, abrangta
tur tan muna.


14

Taha sira den tilara nini, kewala lagi ambrangta lampah, anedya ing
kasidane, Ni Turida amuwus, yen mangkana manira amit, tuhwa sasabda
tuwan, denawa amuwus, iya babo lah mintara, ya ta mumbul denawa dedel
pertiwi, anggayuh antarriksa.


15

Ni Turida gagetun tan sipi, lawan mangke Ni wadon Ken Raras, tansah ing
wuri parnahe, sarwi gameli pinjung, gegamelan tansah ing wuri, angling
wadon Turida, babo ariningsun, wus mintar sura denawa, Ni Ken Raras
kumeter tan kena angling, lah paran wau ika.



16

Nenggih yayi utusan Hyang Widi, anggagila anyuba ing sira, yen temen
lawan orane, dene rondhun anglampus, amateken raganireki, karanya den
gagila, pan laire iku, lah mintara mumpung ainjang, Ni Ken Raras lampahe
aniba tangi, dhuh kakang mati ingwang.


17

Meh raina semu bang Yang Rawi, mega abang tinon sumemburat, sumorot
padhang cahyane, mega abang sumembur, kintar dening Aruna mijil, ana
abang sumirat, tatas pajar sampun, ginggang saking ing aldaka, surya
mubyar dinulu ngebeki langit, sigra adan lumampah.


18

Ni Turida lampahe lumaris, layan mangke Nibok Raras, nuju pangonan
lampahe, rare ngon ika agung, kanan (hlm. 68) keri samya kepanggih, Kebo
Sapi agelar, Menda mangsa agung, wadon Turida lumampah, rara sedaya
samya marani, kawok samya tumingal.


19

Padha ngucap wong endi puniki, dene ayu medal saking wana, pawestri
roro kathahe baya iki wong langit lunga rangkat pantes won gik, samya na
ing dedalan, lawan kakungepun, lah payo padha pinaran, pinagetan wong
akeh ing arsaneki, lah padha tinakonan.


20

Ana rareng wus baleng sawiji, bok penganten ingsun atatanya, ing pundi
mangke wismane, dhateng pundi wong ayu, sampun lunga ta sira yayi, gusti
sampun idhepan, raden ujar ingsun, balik wong ayu wangsul, Ni Turida
mangke sira anauri, lah edan temen sira.


21

Aja kudu sira bocah iki, suminggaha mangke ingsun liwat, aja sasemon ing
mangke, rare ngon datan pa sung, aja liwat ta sira yayi, balik sira wangsul,
gusti ariningsun, ing binjang sun nanggap wayang, lah wangsul isun tuku
limar pathi, mesem wadon Turida.


22

Pinter temen rare angon iki, aja juwet sira anjajawat, lah padha mireya
mangke, rare angon gumuyu, daya temen rare puniki, rabine atut wuntat,
weneh kang sumaur, ing pundi margane pasar, aneng wuri amindha
kakungireki, padha gumuyu suka.


23

Guyu ginuyu asemu wedi, semu-semu samya atut wuntat, wus lepas
mangke lampahe, rare angon tumutur, asrang-srangan padha nututi, cili
lah ta balia, babo ariningsun, sapisan kapindho kena, lah ta cili idhepan
ujarku iki, dhuh emboke si rara.


24

Lepas lampahe wau lumaris, Ni Turtida lawan Ni Ken Raras, tan kandheg
mangke lampahe, rare angon kabeh wangsul, kang saweneh ana tut wuri,
Kebo Sapine iolang, Wedhus Banyakepun, pan rare angon srang-srangan,
Kebo Sapi ngon-ngonane ting salebrang, rare ngon samya (hlm. 69) nolak.


25

Samya nulak tur paling gulintang, sarya nangis edi maring bapa, aramya
mangke tangise, ana ngalor angedul angedul, Ni Turida sampun lumaris,
prapta ing pringgabaya, awang-uwung iku, anuju ing padhukuhan, asri
tinon pomahan asri angrawit, tegale lurah-lurah.


26

Kang adarbe samya andhedhangir, tandurane pan asri kawuryan, Bekatal
Sumangka Gudhe, Lambon lan Kacang wulung, Balungka asri lan Tales
wangi, samya ramya neng tegal, adhedhangir Timun, darbe karang kang
tumingal, samya cingak tumingal ana pawestri, kekalih yu lumampah.


27

Kae batur wong endi puniku, semu anyar mangke katingalan, Ki Lengar
mangke wuwuse, agi tumoning wau, dhadhayuhan sapa puniki, semune
maring wisma, santri Kobar muwus, dhedhayuhan sapa ika, santri Ketur
sujmaur anggegerehi, samya mantuk sedaya.


28

Ni Turida lampahe lumaris, sampun manjing mangke korinira, arsa araryan
ing mangke, anjujug bale kedul, teka linggih mangke ing panti, semene
wong kangelan, pasamohan agung, dhukuhe Ki Syeh Parajan, Ki Parajan
ambalik mungkur tan uning, santrine padha teka.


29

Pagenira mulih injing-injing, padha mesem semunira, ki santri umatur age,
wonten mangke tetamu, wong kekalih samya pawestri, Ki Perajan angucap,
nora wikan ingsun, gupuh sira tiningalan, panti agung lah nyata ana tetami,
mangke alinggih sira.


30

Lah bagya mangke kang tetami, pan ing pundi pinakanira, muwah kang
jinujung mangke, lintang panujuningsun, pantes temen wong dadi nyai, Ni
Turida angucap, wong ideran tengsun, arsa dhateng Argasalah, atataken
marmane ingsun mampir, arsa ataken marga.


31

Syeh Perajan mangke anauri, aywa lunga emboke si rara, lah sun aku nyai
dhewe, yen sira arsa meringsun, alah sira kaesi-esi, lamun sira tulusa,
dadi nyai ingsun, lag karo padha sun alap, lah lungguha ing pati (hlm. 70)
dadi nyai, satrinira agelar.


32

Lah ta nyai iki, anglelana cili kawlasarsa, leheng akramaa mangke, oliha
lawan ingsun, alinggiha dadia nyai, sandhang pangan tan kurang, babo
ariningsun, lah sirama mumpung injang, gagandaa asalin sinjang cangkring,
kakemben, sarasah.


33

Lah ta mara ariningsun cili, lah adusa nulya gaganda, anulya muliha age,
mara ing wismaningsun, Ni Turida angling ing ati, wong iki nora waras, pan
saya delurung, Ken Raras mangke angucap, kurang syethan edane,
anglamong iki, pendah lakiyang sira.


34

Ni Turida angling jro ati, katuwoning babo raganingwang, tan draman ing
lelakone, wijile manah segul, waspa mijil lantara pipi, tresnaningsun
krama, katuwan wakingsun, saenggon kasia-sia, yen mangke angur matia
sun iki, anjerit Ni wadon Raras.


35

Syeh Perajan mangke muwus aris, lah menega cili yun idhepan, lah yayi
muliha age, Ni Turida amuwus, iya ranesun anauri, angucap lan wong
lanang, paman wetingsun, kapingin bisa agama, kaya ngipi alaki jumeneng
nyai, Syeh Perajan asuka.


36

Ki Jungkarang gumuyu kepati, juga kena padha giyak-giyak, santri Kobar
suka mangke, santri Kentrung angedung, santri Lengar anenabuhi,
adhumprang-dhumprang kenang-kening lenggak-lenggik, samya gumuyu
suka.


37

Ni Turida mangke angling aris, lah jawaben reke sual ingwang, sira arsa
temune, yen estu arsa maringsun, pan jawaben padha tumuli, raga kasrah
ngawula, Syeh Perajan muwus, lah ta cili wedalana, bage temen yen sira
atakon ilmi, lah payo wedalana.


38

Sadurunge ana bumi langit, sira ingsun paman dok semana, ana ingendi
dununge, jawaben sual ingsun, lamun mati paman (hlm. 71) sireki, ingendi
paranira, Perajan amuwus, sun senggih nora mengkana, manthuk-manthuk
santrine padha tinari, meneng tan ana mujar.



39

Santri Lengar mangke angaturi, yen andika mangke datan tresna, nedha
dhateng amba mangke, banggi sampun aguru, sualepun teka ngiwuhi, Ki
Perajan angucap, tembene angrungu, masalah ingkang mangkana, sun
batange masalahe ni bok nyai, manira miarsa.


40

Sadurunge ana bumi langit, sira ingsun babo dok semana, ana ing cahya
enggone, yen matiya sireku, mulih-mulih ing bumi yayi, mulih dok kaya ora,
iku sun angrungu, kaya pa ing karsanira, iya iku jawaben sualireki, lah
payo lunga nikah.


41

Ni Tirida mangke muwus aris, ewuh paman ing panjawabira, asimpar lawan
tegese, suwe panggya tengsun, nora sotah panggih wong iki, panggiha lan
wong sasar, Ken Raras amuwus, nora liyok ujaringwang, Syeh Perajan
dudu wong warasan iki, edane anggaruntal.


42

Ni Turida mangke muwus aris, lah kantun paman ingsun kesah, kariya
nglamong ing akeh, Ki Perajan amuwus, aja lunga ta sira yayi, nginepa den
alawas, babo ariningsun, Perajan cuwa kang manah, angedumel santrine
den uring-uring, santri tambuh dayanya.

43

Ni Turida kawuwusa malih, sampun prapta sira ngalas wana, lewanglewung 
lor kidule, prapta ing wana agung, liyep twase tan ana kesthi,
tansah widang-widingan, lawan ariningsun, lumampah sarwi karuna, Ni
Turida lakine den ucap malih, lah ingendi genira.


44

Ni Ken Raras anangis kepati, amiarsa kakange karuna, saya kagagas
tresnane, kakangepun den wuwus, Jayengraga ta sira gusti, lara pati
larira, kakang gustiningsun, papegen kawulanira, Jayengraga yen asih
mara ing kami, dhuh kakang ingsun pejah.


45

Teka dhimpuk aneng sor waringin, Ni Turida akon arinira, den tenggektenggek

eluhe, sesambatnya (hlm. 72) mlas ayun, panangise anglir
sundari, lwir pulung kapipitan, swaranepun arum, pangrintih ning kang
bremara, sesambate sakecap angredhet ati, sasambat leir taluktak.


46

Jyengsmara kakang gusti mami, ing pundi kae ing pamahira, manira
papagen age, baya tan angempelo, Jayengsmara ta sira gusti, lah ta endi
jarira, asih maringsun, anusup angayam alas, rabinira nora etang lara pati
ing sira.


47

Delap temen manira urip, Jyengsmara sun laki mring sira, sira meled
kapacilu mangke, lah kakang gustiningsun, yen tan sudi maringsun iki, den
wehana sasmita, bapa lakiningsun, lara sapatilarira, Dewi Raras tangise
anjerit kepati, dhuh kakang gustiningwang.

48

Ni Ken Raras asambat ing laki, mangkeneya kakang garwanira, tan wande
pejah ing akeh, lah kakang gustiningsun, lah ta endi ubayeng uni, baya
nora swapena, mati temen ingsun, sasambat lir calapita, saya lepas
tangise angundang lining, kagyat kang aneng guwa.


49

Ni bok Indhang Rarasati, kang atapa ambetar sarira, wus sapta warsa
lamine, kagyat amedal gupuh, saking guwa mangkya ningali, kagyat ana
karuna, was tingalepun, saksana mangke tumingal, wong kakalih anangis
soring waringin, anulya pinaranan.


50

Rema panjang pan kinarya tapih, Ni Bok Indhang mangke Raras driya, pan
maksih anom warnane, sampun prapta ing nguyun, Ni Turida datan ningali,
tuwin Ni Dewi Raras, Ni Indhang amuwus, kagyat Ni wadon Turida,
amiarsa ing swara kadya papekil, nora na katingalan.


51

Ni Turida mangke atur aris, sapa sinten mangke asung swara, nora na
katingal mangke, Ni Bok Indhang amuwus, iya ingsun babo puniki, langkung
tan welasingwang, babo anakingsun, tumingal ing brangtinira, iya ingsun Ni
Bok Indhang Rarasati, kagyat wadon Turida.

52

Ni Turida mangke muwus aris, lamun tulus sihira maringwang, ayun wruha
(hlm. 73) ing warnane, Ni Indhang mangke muwus, estu sira yen wikan
nini, jatining rupaningwang, saksana kadulu, warnane Bok Indhang, Ni
Turida wau kagyat aningali, tumoning warnanira.

53

Sampun awas Ni Turida angling, paran karsa mangke pakanira, Ni Indhang
alon wuwuse, paran marmaningsun dangu, padha nangis ana ing riki, lah
paran karsanira, anangis pan kawlasarsa, yen sun rungu kaya sinendhal
kang ati, lah babo pepoyana.


54

Ni Turida mangke muwus aris, pan wawarta ing sapolahira, wong ilang
manira mangke, tinilar dening kakung, anging ingsun bingung ngulati, mara
ing lakiningwang, dening tan asung wruh, awisma ing Wanamarta, dok ing
uni manira tan etang pati, angling Ni Indhang Raras.


55

Nora kaya babo sira nini, nora ketang lara patinira, atilar mukteng
wismane, baya kurang wong kakung, baya-baya lakinira, bagus temen
warnanya, babo anakingsun, liwat wlasingsun tumingal, Ni Turida alon
denira nauri, bibi kadya punapa.


56

Arep panggih temen sireki, lawan kakungira akaliyan, Tirida alon wuwuse,
bola bibi sihepun, apanggiha lan laki mami, Ni Bok Indhang angucap, babo
anakingsun, kalingan bata sarimbag, lakinira atapa andon anepi, ana ing
Argasalah.


57

Ni Turida mangke amuwus aris, yen mangkana bibi nedha parnah, Ni
Indhang alon wuwus, iya babo sun jurung, kedul wetan pan saking riki,
dhukuhe lakinira, babo anakingsun, nanging ingsun apepoyan, bencanane
awakira ana kari, lah babo lakonana.

58

Yeng mangkana bibi manira amit, anglampahi bibi wartanira, Ni Indhang
alon wuwuse, den yatna anakingsun, lakinira amitambuhi, tapane meneng
ika, tan mujar ambisu, den bisa sira ngawula, lah tedhanen ing sukma
mulya kang asih, aywa tungkul abrangta.


PUPUH VI
ASMARANDANA

01

Sigra lampahe (hlm. 74) lumaris, Ni Indhanng sampun murcita, pan
sampun prapteng wismane, Ken Turida kang kocapa, prapta ing jurang
pringga, parang munya sumarung, kadya atuduh ing marga.


02

Wuluh wungwang lwir sundari, sumarawang aneng tawang, kadya ken
gancang lampahe, prapteng geger lampahira, ing jurang wingit muwah,
saksana tumulya rawuh, jurang munya sumarawang.


03

Parang munya kadya gendhing, parang pereng samya munya, udan awor
barat gedhe, gardha rebah kapraharan, gelape asauran, udan peteng
sumaput, kagyat Ni wadon Turida.


04

Ken Turida mangke angling, arine kinon yatnaa, depun wruh ing
bencanane, udan adres kaywan sempal, gurba munya agalak, ing jurang
pating saruwung, saweneh munya angakak.

05

Peteng mendhung jagadneki, pating jalerit swaranya, kagyat Ni Ken Raras
manko, gumeter kepatisira, uwangsa lit menga, angucap ing kakungepun,
niba tangi lampahira.


06

Ana ngalor ngidul iki, bengung tan wuninga marga, kasadhung kuntal
tibane, adhuh mati ingsun kakang, aglis wadon Turida, anyandhak
arinireku, adhuh mati ariningsun.


07

Rinangkul Ken Raras aglis, adhuh mati ariningwang, baya mati sira
mengko, Ni Turida lon angucap, mangsa wurunga pejah, katuwone awak
ingsun, angur matiya dok jabang.


08

Tan wande ingsun ngemasi, angur baya palastraa, apa kang peranti,
mangke lah jasad sira, matinya ing akeh marga, pejah adelap urip,
wakingsun paran deranti jasad.


09

Dadining ana sireki, dok ana ing wong atuwa, ing kuna wong tuwa mengko,
saenggenku kawlasarsa, alit mila tan dreman, lelakuning awakingsun,
dadining apa dok kina.


10

Lagi sirna udan angin, bencana gung akeh prapta, tan ana lan alit mangko,
sumyar sumirat tejane, sumawur ririsira, pethak tejane sumunu, sumirat
neleni jagad (hlm. 76).


11

Maletuk kang riris alit, Ni Turida sampun dandan, Ken Raras kang tinon
mangko, kadya rare alit sira, muni kang pringgabaya, anut lebak
lampahepun, wus lumaris lampahira.


12

Lepas lampahe lumaris, prapta ing jajahanira, Ken Turida mujar alon,
kelawan Ni Dewi Raras, anon ing padhukuhan, pucuking arga kadalu,
babature babanjaran.


13

Waspada denya ningali, banjaran asri kawuryan, angling Ni Turida
mangko, angucap ing arinira, ika dhukuh araras, lah yayi mampir ing riku,
yayi padha atatanya.


14

Menawi yayi puniki, ingkang aran Argasalah, Ken /raras winingsit alon, lah
ta yayi adandana, aja kaya wong apa, mesem yayi yen su dulu, manis lamun
asayaga.


 
Support : Red Point Akupunktur | Prigi Tirta Wisata
Copyright © 2013 SEKAR LARAS - All Rights Reserved
Template Created by Creating Website Published by Mas Template
-->