Home » » Serat Centhini - Pupuh III

Serat Centhini - Pupuh III


PUPUH III
DHANDHANGGULA

01

Unggannya linggih ing patiganing, suka kuncara lan arinira, Ki jayengraga wuwuse, kakang pundi dinunung, sakecaning lampah puniki, sampun awirandongan, Jayengsmara muwus, ana wong sanak manira, kang atapa ing ancala olah nepi, aran Syeh Malangkarsa.


02

Punika yayi sun dunung mangke, iku rowangingsun angumbara, dok ingsun
ngaji bangiwen, kaliwat pananepun, ing Paciran dhimin, ing mangke olah
tapa, akeh sisyanepun, menawi yayi miarsa, ing wartane si kakang inguniuni,
lah
kaka
sinengeran.

03

Nora adoh yayi saking riki, nora liwat lampah kalih rina, ing Ardi Palwa
enggone, Ki Jayengraga muwus, lah ta mintar saking riki, lengser Ki
Jayengraga, sumengka mangedul, kongang lurah pagagan, lebak-lebak ing
gunung mujur kapiring, tandur lagya adandan.

04

Sumengkeng gegeran lampahnya nuli, katuju manggih ing panginepan, ing
Sindureja wastane, bale patemon agung, pinggir toya sitinya (hlm. 39)
resik, tinaneman Andong bang, lawan Andong dadu, Kayumas lan Parijata,
Bayem sulah sinelan Mayana wilis, ing natar Kayu neja.


05

Ki Jayengsamara angling ing ati, baya mukti ponang agriya, katoryang
pepatutane, tumanduk karsanepun, arsa raryan Ki Jayengrasmi, kelayan
arinira, tanseng wurinepun, araryan ki Jayengsmara, teka linggih sesaka
depun lendohi, ismune wong kaleswan.


06

Kang manca randha nom tur sugih, ken Tilarsa pan jejulukira, lintang
susila budhine, anyar kepaten kakung, katilaran putra kekalih, estri
samya dewasa, warnanya yu-ayu, awasa Ni Ken Suwarsa, kang wuragil
awawasta NiKen Warsiki, lwir widadari kinddran.


07

Asuwe datan ana wong mijil, Ni Pucangan rasa ngambil toya, katuju medal
angore, lampah kalih pinjung, tandra kagyat anon wong linggih, sira Ni Ken
Pucangan, wangsul tur gumuyu, atakken rangdha Tilarsa, Ni Pucangan
paran kang dera guyoni, teka jaba suka.

08

Ni Pucungan atur poleng uni, kawula medal ing jaba, wonten wong
kepanggih reren, bale patemon agung, wong kekalih pelag suwarni, manira
boya wikan, medal kalih pinjung, tumurun rangdha Tilarsa, depun intip ing
kikis Ki Jayengrasmi, atut wonten dhatengan.


09

Anambut wastra jingga sumampir, karsanira apa dhatengan, asta keri
nyangking jambe, amucang sarya metu, jayengsmara tumurun aglis,
angadeg amadhapa, ni rangdha andhulu, kalintang pandulunira, dinuk liring
semune Ki Jayengrasmi, dulu wong suwahara.


10

Ken Tilarsa den lingiran aris, denya napa ramya manahira, rumaket anak
basane, saking pundi dinunung, anak ingsun nedha lumaris, awon lungguh
ing jaba, anginuma banyu, supados nyawa mucanga, anauri wencana Ki
Jayengrasmi, bibi manira nedha.


11

Den lirik mangke Ki Jayengragi, iku nyawa tah sanak punapa, Ki
jayengrasmi saure, sanak manira dulur, nenggeih rowan kawelas asih,
angres rangdha Tilarsa, ngerengen wuwusepun, wau satekaning wisma,
depun undang rarene nyawisa warih, anggelara kelasa.


12

Ni rangdha tumulnya ngancarani, lah ta nyawa sira alinggiha, sapuranira
den akeh, nora amanggih sekul, bibi nira nyawa wong miskin, tulus
rangdha kasihan, rarane den uwuh, lah anjaluk pamocangan, sampun
sinung anulya depun carani, lah nyawa amucanga.

13

Rarene mangke wangsiti, Ni Pucangan sira jawadaha, lan amencaka
nyarundeng, anambeleha sawung, ana suwap ingsun kekalih, lawan
dhendheng menjangan, kang wewadhah sumbul, lan amathika kelapa, sun
akarya sekul wudhuk lan kabuli, lawan adhanga ketan.


14

Ni rangdha angling ing anakneki, ibunira nyawa atamihan, lah akunen
sanak angger, kakangira wus adus, lah sungana, beboreh nini, sapanen
kakangira, ken Rara mintuhu, tumungkul asemu waspa, sarwi bakta dadah
banten burat wangi, lawan lisah jebadan.


15

Ni Ken Rara wau metweng jawi, karsanira amundhur sekar, wong roro
lawan arinira, asinjang seta alus, kasemekan limar ketangi, awida
jajebadan, arja sengkang luru, akampuh sutra dewangga, anderangi
paesan dhat ngayomi, nenggih Ni Ken Suwarsa.


16

Ni Warsiki sira sinjang wilis, arja kampuh rangdhi angrangrangan, lebeng
kaot kakembene, asumping Anggrek Menur, uleng-uleng sekar Melathi,
asimsim memanisan, jenarnya muda kung, cangget cenggeh paksa lanang,
metweng jaba kalih kakange den iring, byakta kembar lumampah.


17

Ki Jyengraga ika ninggali, angga luka twas tanpa jamuga, amucang runtuh
jambene, kewalik gentalepun, panindane den singgih dhihin, mesem
Jayengsmara, arine dinulu, wikan lamun salah driya, Jayengraga wikan
lamun den kawruhi, yen ambek kamanusan.

18

Ni rangdha Tilarsa papoyan glis, iku nyawa karo (hlm. 41) arinira, lintang
dening pamujine, sing anglamar tanpa yun, sapa baya kang depun anti,
awet dadi pataka, iku karsaningsun yen sih ayun alakiya, wong umbaran
arsaa pan sun turuti, mesem Ki Jayengraga.


19

Olah-olah wus mateng sumaji, sampun surup Sang Yang Dewangkara,
sampun masang sesandine, sesaose wus rawuh, tiningalan tuhwa lep arsi,
sekul mungguh ing panjang, ing sesajenepun, tan ilang takona kena, wus
sumaji sesajyan den ancanari, lah nyawa adhahara.



20

Ken Rara karo angeladeni, tansah ingarsa angraseng padam murub,
wedanane asawang sasi, kala mangsa Kartika, pupure den rembug,
asumpang jabung payudan, Jayengsmara atine den kuranteni, sarya
ngesthi intingpar.


21

Ni Warsiki sireng lulukoni, akampuh jingga sinurat ing mas, sata patra
sasumpinge, saya ngimbu ayu, Ni Warsiki sira ningali, mareng Ki
Jayengraga, lwir thathit ambarung, kena ing asmara nala, Jayengsmara
arine tansah den liring, wikan Ki Jayengraga.


22

Jayengraga celur ulatneki, api nora ameke basaja, tumungkul sarya
angliring, dadya perang andulu, keneng guna kusuma rai, kepyaan Ki
jayengraga, Ni Warsiki kanyut, atine muksa bayangan, aglis manthuk ing
wisma nibeng gaguling, apipuyeng alara.

23

Ni Suwarsa pan wruh nayeng lungit, yen arinira angluh alara, smang
marang tetamune, aris denira muwus, lara paran ta sira yayi, sapa
anambanan, apalih dhedhukun, wikan yen hedhukun lanang, depun cewel
arine anyewel malih, rame agagulaten.


24

Sampunnya dhahar adan aguling, Ki jayengsmara lan aranira, ni rangdha
alon ujare, lah kaki anakingsun wartanan denira kaki, marmanira nglelana,
shaing wisma maskun, sumaur Ki Jayengsmara, angulati wangsa manira
pawestri, ical ing pagugulingan.


25

Ing lungane sadyane ruini, darmanira nora na uninga (hlm. 42), kesah kalih
pawongane, sampun manira susul, sing negara norakepanggih, angres
rangdha Tilarsa, ngerengen waranepun, lah ta nyawa asareya, mene dalu
lah taawungua malih, lah nyawa narebanga.


26

Areman ingsun angrungu sangir, ing kina dok ramanira gesang, remen yen
anggembyong sore, lakinira den tutur, doking kuna dhatengan pekir,
santri aperabatan, Jayengsmara muwus, bibi paran kang rebat, Ni Tilarsa
anutur wencana manis, lah nyawa leresana.


27

Wajib titiga kang den rasani, wijibina Allah lan Rasulullah, lan mukmin iku
wajibe, mwang muhalepun, lawan malih wenanga iki, ramanira angucap,
wajibing Hyang Agung, anane langgeng tan owah, sashipate tetep ing dzat
datan gingsir, iku wajib ing Allah.

28

Muhal ing Allah yen kena mati, pepadha kelawan anak-anak, apesing
Hyang muhal kabeh, mengkana wenangepun, anging Allah nenggih puruki,
purba misesa jagad, angrusak amyangun, akarya sakarsanira,
Jayengsmara wuwusira amisinggih, bibi atut mengkana.


29

Ki santri nyawa anewalani, nenggih iku wajib mungguh ing Hyang,
andadekaken jagad kabeh, muhal iku yen wurung, ing wenange dene
lastari, kedadehaning jagad, Jayengsmara muwus, salah bibi yen
mangkana, wenanging Hyang den arani wajibneki, dadya idhepe salah.


30

Ki Jayengraga amuwus aris, akathah kakang wong kang mangkana, den
ramji pangawikane, karane akeh luput, pangucape tan mawi dalil, dadya
angangka-angka, yayi wancinepun, ing mindha nora kundur, jaman mangkin
akeh kang wong jail ilmi, mider amrih pasilan.


31

Wajibing rasul lah kadi pundi, anakingsun nyawa ucapena, sapuranira den
akeh, mwang kadi pundi muhalepun, lawan malih wenange nabi, lah nedha
ucapena, nyawa anakingsun, lah wajibe mukmin pisan, mwang muhale lan
wenange iki kaki, sira amertanana.


32

Wajibing Rasul nenggih puniki, amertaken sabdaning pangeran, abener
(hlm, 43) ing wartane, puniku kewajibepun, ana dene muhale Nabi,
kelamun agoroha, wartane puniku, muhal yen cidraa, ing jaize wenang
sakit lan mati, bibi pamiarsengwang.

33

Anan dene wajibe wong mukmin, angestaken sabdaning pangeran, wartane
utusan kabeh, pardhu jenenge iku, lampahena ing zahir bathin, saolahe
sarengat, punika den ketung, muhale purba wasesa, ing jaize wenang
rusak lawan mati, manira amiarsa.


34

Ni rangdha ika papoyan aglis, ing kina nyawa ana Rubiyah, wekasan ngucap
mangkene, yen wong amuwus, atanya ing sira tah nini, apatah Islam sira,
para sauringsun, angucapa Islam salah, Ni Rubiyah iku nora amisinggih,
iku kadi punapa.


35

Ki Jayengsmara amuwus aris, atut salah bibi yen mangkana, ingaran syak
ing Islam, ngucap insya’allahu, ing panggawe kang dereng yekti, kadya
wong asembahyang, bibi saminepun, hukum Islam tan mangkana, ing
yektine hukume wus den linggihi, dadya tan wenang syaka.


36

Ing salahe bibi kari wuri, karsaning Hyang bibi nora wikan, ing polah iki
jatine, punika salehepun, Ni Bok rongdha mangkya nauri, nyawa maniran
nedha, utamaning laku, lah ta nyawa agulinga, Jayengsmara aglis, sinungan
gaguling, lah nyawa asareya.


37

Ni Warsiki dalu tanpa guling, Jayengraga kacipta ing nala, katon spari
polahe, tan kena sinalamur, depun samun katon ing ati, kwir driya
pinandam, tan kena aturu, Jayengraga tan asiha, pasthi ingsun mati
sedhih tanpa kanin, yen sira tan asiha.

38

Sireping janmi pra samya guling Jayengraga ika pinaranan, teka linggih
ing sandhinge, aris denira muwus, awungua kang Jayengraga, lah ta
usadanana, kakang laraningsun, sasat anguripi pejah, depun tulus sihira
mara ing kami, Ki Jayengraga.


39

Ki Jayengraga angling ing ati, mangko tah (hlm. 44) baya ana bencana,
mingsar-mingser asung anggen, angling ing kalbuningsun, kaya apa tah
ingsun iki, mandah weruha si kakang, paran polahingsung, sedalan
winarahan, jayengraga den tutuh sariraneki, anging sun kapakena.


40

Dadya karsane mangkya ngecani, lah mintara yayi maring wisma, tan
angrasa yen ig kene, sang rara nulya mantuk, Jyengraga tansah ing wuri,
sarya kakanthen asta, Jayengraga rawuh, sira mangking pagulingan, depun
rangkul sang rara den bisisiki, mangke ingsun papoyan.


41

Karana manira tan arabi, dene manira adarbe lara, tan samnya lan wong
akeh ingsun lama tan payon, wus akrama tinilar estri, dene adarbe lara,
ketang werangingsun, nora jaya ing wanita, Jayengraga bisane sarya
anangis, meneng sangdyah karuna.


42

Sang rara ika amuwus aris, lah ingsun iki wus pisakena, lamaren saking
sukane, lamun binjang wus temu, lah si biyang bisa nambani, yen nora tah
beyaha, suk kawinen besuk, sanadyan nora nukua, Jayengraga anyipta
wuwusira amisinggih, ing binjang lah sun lamar.

43

Jayengraga anuksma ing ati, manira mangke agagujengan, anutur ing
pawartane, kang wus tumakeng laku, nenggih kina ika wong luwih, nora
panggih syah wungga, yen ana den dulu, den cekel astane kiwa,
Jayengraga anyipta tunggaling urip, dadya sang dyah kentaka.


44

Angres manahe Ki Jayeragi, tumingal maring sang dyah kentaka, tan sipi
wau welase, nora panggih salulut, Jayengsmara kang den ajrihi, pan
lintang sungkemira, dhateng rekanipun, anendhal wastra sampiran, den
ulesi ingapit-apit gaguling, kenas Ki Jayengraga.


45

Mangkana malih Ki Jayengrasmi, Ni Suwarsa cinipta ing nala, raras ing jro
supenane, angipi apulang yun, Jayengsmara katon ing wengi, ngerowangi
sacumbana, Ni Suwarsa lulut, kena ing asmara nala, karanepun (hlm. 45)
anglilir-lilir kepati, rarasing jro swapena.


46

Meh raina semu bang Yang Rawi, Jayengsmara lan ki Jayengraga, arsa
lumaris prayane, bibi amit katengsun, muwah yayi katuna kalih, anedha
panembrama, utang manira gung, bibi mangsa kawelasa, anauri ni rangdha
wencana manis, lah sampun age lunga.


47

Anginepa nyawa den alami, arinira karo kunen sanak, malar dadia
kanthine, bibi nedha katengsun, lah ing beijang manira wali, yen prapteng
Ardipalwa, punika yen kontung, dene mangsa alamia, anauri ni rangdha
wancana aris, poma nyawa balia.

48

Lah ni rara atangia kalih, kakangira nyawa mangke lunga, dingaren sira
mangkene, baya lara nakingsun yen alara sun tetambani, kalih samya
ngelong jiwa, paran kang dera nglung, angelung tungtung manira, dera
tangi eh bibi eca aguling, dadya puwara lara.


49

Paran kang den baktaken nini, kakangira nyawa sangonana, sap tangan
sungana jambe, lan dhastar sebe wungu, baktaken kakanta kalih, muwah
dadahe pisan, lawan burat arum, lisah loloh lan kalembak, amintuhu sang
rara asemu tangis, dhuh paran polahingwang.


50

Injang mintar saking wismaneki, sang rara kari kantuk ing tilam, samya
sungkawa polahe, samya kamugeng kahyun, lwir kasebet pengawe sari,
angga muksa bayanga, arine amuwus, si kakang asmu karuna, nora wirang
wong amoyang den tangisi, sira uga pan iya.


51

Ni Tilaras lengleng driyaneki, sing kang den cekel muksa ing tangan,
semang dening tutamune, anakepu den rangkul, Ni Suwarsa asemu tangis,
ramanira tumingal, angres sira dulu katuwon Ki Jayengsmara, kaningaya
tan arsa ginawe kanthi, anggur aja mampir.


52

Muwah sih malih Ni Ken Warsiki, salunganira Ki Jayengraga, lengleng
mangu tanpa gawe, tenunane den pangku, Jayengraga kacipteng ati, lir
melu katenuna, pan sasenteg (hlm. 46) mangu, tumurun aucul tampar,
dedalane kang lunga depun tangisi, kepyan rangdha Tilarsa.

53

Ni Tilarsa waneh kuntrang-kantring, milya semang tan kena ing pangan,
tumon polahe anake, sarirane den tutuh, telase Ki Jayengrasmi, ing wau
sun gubela, sarywa ngusap ing luh, suka cacadening jana, salungane ing
wuri kari prihatin, sun sidhep tan mangkana.


54

Ana parnah sanake sawiji, karsanira mangke pinaranan, dhukun Robaka
wastane, wingi ingsun angrungu, arinira nenggih pan sepi, nora na kang
apajar, yen lunga andhukun, Ni Sukeling apepoyan, Ki Wahuda anenggih
lara kepati, menawi mangke prapta.


55

Ki rubuka ika aglis prapti, tiningalan kakangira prepta, arsa medhuna
karsane, nulya anapa gupuh, kakang rangdha punapa kardi, amemarasi
darya, kakang teka gupuh, lah ta kakang alinggiha, anauri ni rangdha
wencana aris, sarya ngusepi waspa.


56

Ki Rubuka ariningsun kaki, anakira Ni Suwarsa lara, asudanana den age,
lan Ni Warsiki iku, kantakane sadina iki, kaya wong kena guna, teka
lengleng mangu, wingo ongsun dhedhayohan, wong amoyang awasta Ki
Jayengrasmi, lawan Ki Jayengraga.


57

Ki Rubaka semu ujar lungid, kakang rangdha kaya apa sira, denira among
ing rame, saking panarkaningsun, anakira sampun apanggih, lawan
tetamunira, Jayengsmara dangu, anging ingsun nora wikan, sun tarkaa
manawa nora sayekti, mesem Ni Bok Usada.

58

Nanging sih yayi Ki Jayengrasmi, lintang ingsun dening aparcaya, yen sun
dulu zhahire, wikan ing bathinipun, sesolahe wong jatmika, tindak
tandukepun, sumaur dhukun Rubaka, aywa tungkul kabisan dadaya
lingaling, dening amrih kandela.


59

Balike yayi Ki Jayengragi, rare anom tur rada pathelang, katuring ulat
guyune, saking panrakaningsun, anakira Ni Ken Warsiki (hlm. 47), rowange
urip tingal, Rubuka amuwus, nora linyok ujaringwang, Ni Warsiki semune
katoreng wadi, polahe wani priya.


60

Kakange mangke den papoyani, kakang rangdha manira saloka, ing wong
estri wani wong len, wonten salokanepun, anadene pinet pralambi
Srandulu Wikridita, ing salokanepun, asasiwo lawan macan, yen tungkula
temahe den kadhemeki, meneng rangdha Tilarsa.


61

Karane kakang ingwang puniki, den bisa nenger ing nitya, andugeng twas
samune, len sampun semu baluru, semuning wong riningring-ringring, nora
manggya wirang, ing wong satya tuhu, wonten kang pinet saloka, salokane
tirta sira amarasi, awis kang wong mangkana.


62

Wonten anake wadon sasiji, Ni Sukeling pan jajulukira, wus ana
pepacangane, anging ginagat wurung, jejalukan nora nekani, warange salah
tampa, ika karsanepun, menawa den gawe marga, kang den dalih semune
tan den karsani, dadya malih sangsaya.

63

Ki Rubaka angutus ing Rabi, Ni Usada sira anglawada, lawan anakira
mangke, lah mintara rumuhun, ingsun mene kari ing wuri, lawaden anakira,
Ni Warsiki angluh, lan kakange Ni Suwarsa, karo iku anenggih lara kepati,
mintar kang ingujaran.


64

Sapraptane sira nulya linggih, Ni Sukeling alon denya ngucap, uwa paran
wiwitane, kakang Suwarseng dangu, darunane yen lara brangti, Ni Tilarsa
angucap, babo anakingsun, adhatengan wong amoyang, wong kekalih
awasta Ki Jayengrasmi, lawan Ki Jayengraga.


65

Ni Sukeling anglociteng ati, baya wingi wong kang liwat ika, kang asung
semang wirage, sawengi uni ketung, sesolahe kacipteng ati,
penyananingsun ing twas, sun sidhep andarung, weruha yen mampir griya,
sun anginep ing kene teka sawengi, baya lengleng katiga.


66

Kaliru lan wong liwat wingi, lawan kang wong kalak ijo, akol asingkol (hlm.
48) polahe, papacangane ketung, yen ujare Ni Ken Sukeling, ingsun den
paksaa, dening ramaningsun, manira mangsa gelema, den wadiyeng perahu
ingsun lakoni, angur rara wudua.


67

Saya angles larane kepati, Ni Wursiki lawan Ni Suwarsa, wus lesah muksa
cahane, Ni Bok rangdha andhulu, ing anake anjerit kepati, lah babu
anglilira, arinira rawuh, lah ta nyawa suguhana, Ni Sukeling denya anangis
kepati, lah kakang ingsun teka.

68

Tetanggane kabeh samya prapti, wong sakadang samya anglelawad, kang
tangis umyang arame, samya atanya gupuh, bibi paran den angluh iki,
ariningsun alara, ni rangdha amuwus, awirang yen sun tutura, lara mangke
arinira ngluh kepati, meneng atebah jaja.


69

Tandra rawuh ini dhukun langkungi, glis akarya tulak karsanira, gupuh
denya jumput jambe, panadine den puluk, sekabehe nora na kari, lawan
suruhe pisan, wetara sagebung, lambene bintol sakajar, kaltengen ni
dhukun tiga ing siti, sinaut ing cemara.


70

Sapraptane Ki Rubaka angutus ing rabi, Ni Suwarsa wau tiningalan, wus
lesah ilang cahyane, swapane kagugu, marmanira alara brangti, rarasing
jro swapena, Ni Warsikeng dangu, polahe den gugu, ing tilam kantu
ketapil, marmane dadi edan.


71

Ki Rubaka angutus ing rabi, Ni Usada sira marenea, lah ta mantuka den
age, ambilen ladingepun, Ki Wauda asung wejani, pan asung lading waja,
sore sun aturu, wus mintar kang ingujaran, sampun sinung pangrupak
depun tampani, dene dhukun Rubana.


72

Mangkya nambut pawohan tumuli, Jambe anom wus tinulis rajah, lawan
Suruh temu rose, punika karsanepun, Ki Rubaka sira angesthi, sarta
osiking nala, kang muguh ing suruh, Ni Usada semburane, wus den sembur
kang angring nulya anglilir, bungah rangdha Tilarsa.

73

Warnanen mangke Ki Jayengrasmi, anglampahi parang jurang sengkang
(hlm. 49), semu deduga lampahe, sumengkeng gunung-gunung, parang
pringga jurangnya ngerumpil, liyep ponang wratmaka, dening lumut-lumut
sela gung angapit marga, pudhak mure lwir wentis kesisan tapih, amangun
larasmara.


74

Amewehi langening kang margi, padapaning jering kumelab kanginan,
Angsoka sinom rumembe, lwir jinem apulang yun, sekar bana yayahing
tulis, tinon lwir kaswaraga, kelasa baletung, wunya rateng abrang sinang,
palisire jangga mekar amrik mingging, tinon lir pakasutan.


75

Angsana sekarnya wra ing siti, Mandhalika awok awilaten, arja Katirah
warnane, padma Angrek sitangsu, munggeng kanan anggulilingi, lawan
Angrek setata, ing pinggire enuh, pupusing lirang ambabar, jangga lumung
lwir priya angol panepi, jinem angklar sinjang.


76

Aer tambang tinalangan Pring gadhing, sumyak swaraning tumibeng
jurang, Kongkang munya ngerong arane, kadya wong apengayun, awruhan
kadya ngaruhi, yen wonga anambrama, ing pangidhepepun, kagyat kang
Pakung malesat, minangsa ing Pakis amilat mudiding, mingser angungsi
sela.


77

Sela sayana tepining beji, sasoring angsana bra kang kembang, rum-rum
sumawur sekare, angurambang ing ranu, puspanya wra kintir ing warih,
kampir ing sata patra, genggeng-genggeng lumut-lumut, arjuna atur
araras, sarya mangku sedhih ika den kemuli, awedhak lumut antya.


78

Jangkung tumeling-teling iang warih, anganti-anti surude toya, mina lit
den prih silibe, Kuntul mincok ing wetu, Pencuk ika ena miranti, mencok
ing tahen ragas, tumiling ing banyu, Cangak angancik ing tunggak, amrih
angungak deleg gimingsir, mina lit sumemburat.


79

Kitiran munya ing pang aganti, awurahan paksi ingkang munya, derkuku
ngungkung swarane, sinerenging paksi Siung, Prenjak Cucak Umung
gumanti, ramya anacar wohan, paksi serang aselur, Gedhawa mencok ing
epang, asasiwo angondhok (hlm. 50) arebut bukti, kasidan ramya ing pang.


80

Poh Bembem ika jajar lan Wuni, Poh Denta lawan Poh Mandhalika, Poh Ijo
ika rowange, Jangkung awur lan Kuntul, munggeng tengen arebut bukti,
swaranya tambang-tambang, mandra pan karungu, swaranya malu
daluwang, anggurantal lawan swaraning sundari, lwir mardangganing
wayang.


81

Lamat-lamat kawuryan arasmi, ing Ardipalwa kadugeng tingal, kaoton
angungkul masjide, mari panarganing tingal, kedhap-kedhap ngawe-awe
ing sang prapti, kadya den tumanduka.


82

Inggar manahe Ki Jayengrasmi, tumingal mangke ing tetanduran, kitri
asangkep warnane, kitri ing pinggir ranu, morang dalan kang mujang ranti,
perang ambabar mayang, gandarnya mrik arum, pamedharing mayang
mekar, kadya gelung lukar sedhenge karasmin, ing jrone pakasutan.


83

Palagantung uwohnya adadi, Manggis Pijaten kelawan Duren, Dresyana
guyu rowange, Salak lawan Kedhangsu, Nangka wulan Kecapi, angkatan
abra sinang, sakare sumawur, anggrek lawan puspa Japa, andho-adho arok
lawan Gandasuli, Jambu wer isi sata.


84

Alon-alon lampahe lumaris, Jayengsmara lawan Jayengraga, wus prapti
ing banjarane, kalangenan dening dulu, upacaranipun aradin, warnane kang
kusuma, winuryan alangu, arjuna lawan Jamirah, Parijata awor lan Jangga
kasturi, amilet kamileten.


85

Patani antyan tuwha ngerawit, atirab gambar kederan toya, kayu
Cendhana watune, bata bang benturepun, pinalisir Jangga kasturi,
Jayengraga garjita, tumon tulisepun, atulis khabar naraka, kang kasisih
atulis kgabar suwargi, Jayengraga kacaryan.


86

Masjid ageng linepaangrawit, tundha tiga pinanjangan sirap, sela
Cendhani banture, kinikisan Pring wulung, ginelaran sayana ngerawit (hlm.
51), winancak Suji kembang, resik natarepun, kasongan bujanggga puspa,
apadhapa sekara asenan asri, tinon kadya udayana.


87

Kaume kathah samya nginderi, pan samya amangun tapa, Syeh Pariminta
ing Bang Lor, Syeh Modang munggeng Kedul, Unggyan Wetan Syeh
Amongsari, Kilene Syeh Amongkarsa, samya mangun laku, asru brangta
nireng sukma, anom-anom padha mangun sela murti, tan asih ing kadunyan.


88

Syeh Malangkarsa wonten ing masjid, wikan lamun wong sanake prapta,
sasungun bungah manahe, denya sung salam asru, Malangkarsa sira
ngaturi, sigra anjawat tangan, arine den rangkul, sung bakti Ki
Jayengsmara, asagata Syeh Malangkarsa lingnya ris, daweg yayi katuran.


89

Alama yayi datan kapanggih, sun sidhep yayi sira palastra, dening nora na
wartane, lawas nora ketemu, kaya na tri dasa warsi, dok anan ing Paciran,
sring sun ucap dalu, kangen ingsun maring sira, anauri wencana Ki
Jayengrasmi, kakang manira nedha.


90

Binakta mantuk Ki Jayengrasmi, Ni Ulengan arinira prapta, kang sun
cipteng twas lamine, Ni Ulengan agupuh denya napa bagea yayi, aglis gelar
kelasa, wus kinwan alungguh, wus acaos pamucangan, sampun sinung
manampan den acarani, lah yayi amucanga.


91

Gupuh-gupuh arsa anemani, Ni Ulengan arsa olah-olah, nora nganti ing
rowange, marang pawon agupuh, karsanira angambil kwali, dangdang
kesandhung pecah, tugel buyungepun, titiyange katrajang, cangkok
kewang ginecek senggih kemiri, Tales den dalih Bawang.


92

Aglis mulih angambil reragi, Ni Ulengan ika garegelan, tandran merucul
kopeke, bedhah kakembenepun, kakopeke moler saguling, kaget Nimbok
Uwaran, melayu kasokan werak, angrarintih den antep ing Kalajengking,
mesem (hlm. 52) Ki Jayengraga.


93

Tetanggane samya nguningani, yen arinira apan dhatengan, kakang abagus
warnane, perawan samya rawuh, lingsenira angrarewangi, sigra aucul
tampar, Ni Wulanjar kedul, raramanira atanya, endi Ni Wulanjar sira nini,
si kakang adhatengan.


94

Rarase amrih wau kuntrang-kantring, metweng jaba dadak sangga uwang,
kapincal iku polahe, tan pegat manjing metu, Jayengraga den kulenceri,
lelewa atanaga, lingisnya angungsu, metwang jaba ragan-ragan, buyung
wuluh den tabuh pinatut gendhing, atembang samirana.


95

Olah-olahan sampun sumaji, Ni Ulengan asru denya ngucap, angutus kenca
bature, denya asaji sakul, Ni ulengan asaji warih, sigra pra samya dhadar,
sangkep ulamepun, mangkana Ki Malangkarsa, tetamune nulya den acarani,
lah yayi adhahara.


96

Syeh Malangkarsa ika ngecani, selaminira amangun tapa, angirangi buka
sare, tulus amangun kahyun, anging lamn dhatengan prapti, ika ngecani
manah, denya nyamar laku, waged denya lamur lampah, ujub rija’ kibir
sum’ah kang den jrihi, asru wedining sukma.


97

Ki Jayengsmara angling ing ati, si kakang iki ngecani manah, den
singidaken lampahe, tindak katoryang semu, sumenga ingkang den kiringi,
yen tuhwane wikan, denya muksmeng laku, tanpa yun kawantaraa, kang
sawaneh lampahe kerana rai, sampun denya adhahar.


98

Suruping arka samya ngabakti, Syeh malangkarsa lan arinira ashalat
maghrib watune, sampunya shalat metu, Malangkarsa munggeng surambi,
lawan Ki jayengsamara, Malangkarsa muwus, yayi paran sadyanira,
Jayengsmara sumaur wencara manis, kakang karsamanira.


99

Deningsun kaka sumengkeng angriki, angulati kakang sanakingwang, estri
tan wikan parane, anis kalaning dulu, pawongane kakang pawestri, ika
rowange kenas, wus manira ruruh, kedran (hlm. 53) luruh Jenggala, ing
Kedhiri kakang wus ulati, muwah ing Lebuasta.



100

Parandene kakang tan kepanggih, karan manira dhateng ing tuwan, menawi
wikan warnane, ingwong dinal dinuk, Malangkarsa nulya nauri, yayengsun
apapoyan, kina sun angrungu, Rubiyah anom lumampah, kalih estri aparab
Ken Selabrangti, sangka aing Wanamarta.


101

Ing wanantaka unggyaning mangkin, Syeh Mangunarsa wastane ika,
anenggih kangken ipene, kang apajar maringsun, Ki Syeh Modang wastane
yayi, mangke uga pun teka, wus sun undang wau, sun wartani yen
dhatengan, Jayengsmara amuwus anggegerehi, lan kakang pinaran.


102

Syeh Malangkarsa anuwalani, injang-injang yayi pinaranan, pun kakang
milwa andherek, ayun wikana ingsun, ingyaktine warnane yayi, nengih
lakine prapta, Rubiyah puniku, awawasta Syeh Amongraga, nenggih kokum
linabuh nora wikati, dok aneng Akisganda.


103

Tan kena tirunen iku yayi, polah iku sampun dumduman, tan gigndir
kadadehane, mapan ing laku ku, alayara segara keni, amegata arongan
ngekepa Jayengku, yaktine maksa padhaa, Jayengsmara tumungkul,
angguwu wedi, kakang manira nedha.


104

Nadyan layara segara keni, panggih puniku mangsa mangkiya, kang ora hal
iku dene, ewuh ingsun angrungu, kang ora hal tah iku yayi, lwir
lelandhiping pedhang, nugrahaning kawruh, mapan kang aran nugraha,
kanugrahan iku yayi anampani, kang tinampan nugraha.



105

Mapan kanugrahan iku malih, dadu rasanira kang awenyah, kaloka arsa ing
akeh, kanugrahan puniku, nenggih uga welasaning sih kacane yen nugraha,
ing pralambinepun, kadya ngilo paesan, wewayangan kanugrahan
sukmaneki, kang angila nugraha.


106

Mapan semune angilo yayi, asung wikan yayi kang sinihan, anjateni
kakasihe, semune ngilo, sinung wikan dera Hyang Widi, denya ngestoken
niya, ing pangangkenepun, angucapa (hlm. 54) kina, kinarsaken ora
purbaneki, jenengeka dadora.


107

Patemun nenggih iya syara yayi, kadyanggane toya sing ing tawa, akimpul
uga karone, ing pakumpule iku, nora kena ngaran jeladri, muwah ra nana
tawa, anta aranepun, anta yeku kanugrahan, Jayengsmara tumungkul
anuksmeng ati, kakang manira nedha.


108

Yen wus sirna anging toya asin, kawinuhan asine segara, tawa sirna
kajatene, asin jeladri iku, kang jumeneng nora kekalih, nanging ingkang
segara, kang sedya purba agung, iku yayi depun awas, kang ingaran segara
datanpa tepi, iku yayi den awas.


109

Mangkana yayi cihnane cermin, rupa jro paesan sampun sirna, mantep
rupane dheweke, kang sinihin kalimput, dadya jeneng rupa pribadi, limput
tan nana wikan, kedya doking dangu, samya wruh pribadinira,
Jayengsmara sumungkem ing pada kalih, lawan Ki Jayengraga.


110

Kalangening Ki Syeh Modang prapti, wacananira, Syeh Malangkarsa,
rawuh kabeh sakaume, Syeh Pariminta rawuh, sakaume Syeh Amongsari,
wikan lamun dhatengan, ingacaran gapuh, yayi den mara ingarsa, asung
bakti Syeh Modang Syeh Amongsari, lawan Syeh Paraminta.


111

Syeh Modang mangke lingira aris, manira kakang nenggih miarsa, ing
Wanantaka wartamne, wonten rubiyah rawuh, wastanepun Ken
Selabrangti, anom yu lumampah, lan titiyangepun, pra samya anandhang
bawa, pawongane awasta nimbok Cwnthini, wismane Wanamarta.


112

Ki Jayengsmara amuwus aris, puniku kakang nenggih miarsa, ing
Wanantaka wartane, wonten rubiyah rawuh, wastane singgih, menawa
ngalih aran, Selabrangta iku, amuwus Ki Jayengraga, sabda gugul kakange
den gagorohi, lah kakang pinaranan.


113

Syeh Modang sira amuwus aris, boya lawan manira miarsa, wonten kalih
rina mengke, anggeningsun arunggu, santri Munthel ingkang awerti,
kangken sisihanira, dening ipe (hlm. 55) nepun, awasta Syeh Mangunarsa,
apepoyan yen arsa akirim tulis, mara ing Wanamarta.


114

Syeh Malangkarsa amuwus aris, lah ta yayi padha pinaranan, sitangsu
sampun sumare, Ki Jayengsmara muwus, lah anedha kakang sun iki, arsa
tummut sedya, mangke kaumepun, wus adan Syeh Malangkarsa, tandra
rawuh Ki Munthel angemban tulis, mara auluk salam.


115

Wus sinauran salamira ris, denira mangke Syeh Malangkarsa, Syeh
Modang ika wuwuse, inggih tiyang puniku, kang ing uni, pan gepah
sinambrama, wus samya alungguh, ing ngarsane Malangkarsa, asagata
Syeh Malangkarsa amanis, lah bagya kang dhatengan.


116

Punapa yayi wontena akardi, agung toya wismeng Wanantaka, prapta
kalimbak ing kene, santri Munthel sumaur, lah ki reke manira nenggih,
dhateng ing Wanamarta, ngemban tulisepun, anenggih Ken Selabrangta,
asung warta ing wangsa mring yaya bibi, ika wiyosing layang.


117

Lawas kinon mampir ing riki, asung salam dhateng pakanira, kang pinanta
penedhane, tuwan kajana kasub, lamun tuwan amangsun singgih, putus
awicaksana, nastiti ing laku, nastiti ing laku, lah tuwan nedhakena,
amongraga ina reke kasewa sih, tuwan tuwan tatedha kena.


118

Syeh Malangkara ngociteng ati, ingulatan sajrone wardaya, punapa baya
samune, Syeh Amongraga iku, santri Munthel mangke mring riki,
angemban salam dunga, pan ingsun dereng wruh, maring Ki Syeh
Amongraga, Jayengsmara tagane wus den kawruhi, yen aneng Ardipalwa.


119

Syeh Malangkarsa amuwus aris, wong punapa kang kadya manira, yen den
priha ing sababe, apungguh kurang ilmu, yen angucap nora sayekti, lwir
yen lulut ing deyah, ing waktu pan suwung, amung napsune sadina, aneng
pawon angadhep kopat Serabi, Lepet kelawan Jenang.


120

Balik Syeh amongraga wong luwih, sampun antuk (hlm. 56) jatining
lumampah, pan wus wukma sapolahe, ika manira ngerungu, Amongraga kina
ngelebeti, dok aneng Akisganda, linabuh tumimbul ing lampah singgih,
lamun asih amitra.


121

Syeh Pariminta den kujiwati, iki sih tandhane wong kawasa, den alingi
karamate, tan kandheging riku, tanpa yus wiwaling, swarga, ing kramate
kabotan angrarebedi, yen selaya kangelan.


122

Karanepun ingkang wong linuwih, datanpa yun kandheging karamat,
anenggih laku silibe, wonten pralambinepun, kadya liman sinung kesaktin,
manjing mring wriwara, ning jeromat alus, wus lega awake ika. Kari-kari
sesek dening buntutneki, manira amiarsa.


123

Lan tan manira iki ki santri, ayun wikan tanduking nawala, ki Munthel ika
saure, tan wonten bangginepun, mangke sinung dera tampani, dening Syeh
Malangkarsa, nawalanira wus, den lirik Ki Jayengraga, sampun wikan
anulya dera tampani, dera Ki Jayengraga.


124

Wicana dening Ki jayengraga, nawalanira Syeh amongraga, anyahi ati
tanduke, punika layangepun, suta tuwan pan Tambangraras, punika tur
upiksa, ngerama kalihepun, Tambangraras agesang, putra tuwan
Amongraga sampun prapti, wonten ing Wanantaka.


125

Muwah ariku Ki Jayengraga, den agung pangapurane, sun lunga tan asung
wruh, kakangira Ki Amongraga, rarasing jro swapena, marmaningsun
kaswapena, Jayengsmara yen asih aywa tetuwi, lawan Ki Jayengraga.


126

Angrus manahe Ki Jayengrasmi, amiarsa tanduking nawala, tan wruh dok
mijil waspena, wiyosing manah segul, waspanira tan pegal mijil, muwah Ki
Jayengraga, tan kena amuwus, sihira mring Selabrangta, layang tiba ing
siti tan den kawruhi, kantu Ki Jayengraga (hlm. 57).


127

Mangkana malih Ki Jayengrasmi, kapotangan manah tanpa ngucap,
tuminggal kantu arine, anglilir denya kantu, Jayengraga rinangkul aglis,
dening Ki Jayengsmara, kalih manah segul, arsa sira nandhang bawa, arsa
tapa aparab Syeh Amongsari, lawan Syeh Amongraga.


128

Syeh Malangkarsa angling ing ati, iki sih iwuhing wong lumampah, kewuhan
dening tresnane, tapane akeh kundur, Ki Syeh Modang den kujiwati, iki
musuh digjaya, Syeh Modang anuhun, wuwuse Syeh Pariminta, kang
tinedha sih pitulunge Hyang Widi, muga tulusa kena.


129

Wus sinambrama Ki Munthel amit, Jayengsmara ika lon angucap, paman
manira ataken, manira wekas atur, aturena ing rama kalih, pan aneng
Ardipalwa, dening boya mantuk, wus amit anjawat tangan, santri Munthel
karsane ika anuli, lampahnya majang wulan.


130

Enengana Ki Syeh Malangkapti, lan arinira Syeh Amongraras, Ki Munthel
ika lampahe, samarga kapirungu, atut lebak-lebak kapiraning, atut mujar
acala, denira lumaku kanginan kang wuluh wungwang, angulawang kadya
pujining birai, Ki Munthel anggrahita.


131

Wus raina mijil Sang Yang Rawi, santri Munthel denira lumampah,
angenak-enak lampahe, kongang pradesanepun, atut lebek sabin kapiring,
kongang ing Wanamarta, masjide angungkul, kelawukan ampak-ampak,
Pakis karendha lumarap kaduking liring, kadya totonen ulat.


132

Warnanen mangke Ni Ken Malarsih, saluganira Ki Jayengsmara de tutuh
dening priyane, yen dalu tanpa turu, yen raina aanggeng prihatin, lungane
Jayengraga, angrasa kaduhung, kadya ngemasana teka, Ki Panurta rabine
den pituturi, lah edan temahira.


133

Tambangraras wus karuhun mati, Jayengrasmi lan si Jayengraga, mung
sira tingali mangke, nora sira pintuhu, ujaringsun ing sira nini, mangke
nora angrasa, yen sira kaluwung , matia Ki Jayengsmara, den abecik sun
lunga sira ing wuri, tan wung sira edan.


134

Balikan sira den anampani, semuning Hyang yayi (hlm. 58) maring sira,
ingalapan kekasihe, iku sira den wruh, aywa tungkul ing renes yayi,
tingalira den ana, aja wit kalurung, den wikan kang amisesa, awakira
sorena kelawan bakti, malar kasatmataa.


135

Balik den rena titahing Widi, rumasa yen kapiutangan, pinelenging
kadadyane, pelagira puniku, sinung budi amilih, nora sami lan hewan, yayi
depun weruh, ingkang amisesa jagad manusa sinung budi antya luwih,
cihnane yen sinihan.


136

Balik sira den asih ing nabi, mertaken sabdaning pangeran, asung wruh ala
becike, mapan manusa iku, sinung kama dera Hyang Widi, kinon amiarsaa,
pituturing Rasul, sing tan aidhep ing warta, jinangjeken dadi isining
Yomani, aneng jrone naraka.


137

Tekaning budi nimaken budi, amilih mangke kang sia-sia, ania-nia
dheweke, paniku marmanepun, yen manusa milih budi, wikana ing akhirat,
agung siksanepun, tumpa-tumpa ponang siksa, siksa kubur ping kalih siksa
Yamani, aneng jro neraka.


138

Balik sira den anglampahi, yen sinung lara dening pangeran, renahe ing
satitahe, iku ingsun angrungu, singgih ana sabdaning Widi, sing sapa
sinung lara, ing sadina iku, wawalese siksanera, anglampahi ing dhuh
setahun iki, iku sun amiarsa.


139

Karane nini ika wong luwih, belai ingkang nyiwane margi, saya wuwuh
biraine, punikasun angrungu, ingkang mungguh sunate wali, ika anedha
lara, nora yun katungkul, ing renes lawan pakenak, yen katungkul minak
aduh mring Hyang Widi, tingalira warana.


140

Anadene sunate wong mukmin, yen sinung lara dening pangeran, aywa
apepoyan geme, asimpen laranepun, ing sadina lawan sawengi, agung
paganjarira, wikalane agung sapa amartaken lara, ingaranan awewadul ing
Hyang Widi, tan kapitujan ing Hyang.


141

Nenggih sunat kang mungguh ing Nabi, asih ing sajrone sengit ika, asengit
sajrone sihe (hlm. 59), ewuh ujar puniku, depun kena marinci, wuwuse Ki
Panurta, ika den katemu, tan kena yen pamesana, wuwus iku den kena
dera nampani, menawi temah sasar.


142

Marma ngres manahe angrungwa ngling, Ni Malarsih tan ken anagucap,
amiarsa pituture, adan aucul gelung, padanira ngesapan weni, dahat
kapiutangan, anarimeng wuwus, nangis sauripun sembah, Ki Panurta bisa
denya angeres twase aningali, ing rabi anut karsa.


143

Winenehi linus tur den ririh, Ki Panurta bisa denya nabda, sarwaya anglus
ing remane, Ni Malarsih anuhun, dahat asih mule tur wedi, tan arsa
lenggahana, anarimeng wuwus, dadya asrah jiwaraga, Ni Malarsih kadya
tanpa darbe kapti, anut karsaning priya.


144

Ni Malarsih wuwuse amanis, santri lungsir bapa marenea, anjaluk suka
den akeh, ulatana nak ingsun, yen kepanggih Ki Jayengrasmi, lah
mardikaa, ki santri Lungsir amuwus, singgih kawula anedha, santri Lungsir
teka ing jaba anangis, kaetang kakangira.


145

Warnanen mangke ki santri Lungsir, lampahira wus prapta ing awan,
sampun kawingking desane, lampahira andarung, anut lebak sabin kapiring,
wratmaka geng ajembar, anut ing marga gung, Ki Munthel katemeng
liring, ana lingggih ing lirang den lelendhehi, sarwa tumengeng lirang.


146

Satingalira Ki Lungsir prapti, santri Munthel kepanggih ing marga,
alinggih ing sela gene, kangelan gen lumaku, asasendhen kasongan sari,
dangune abra mekar, langit kang dinulu, katon kang mubeng jagad, santri
Munthel enenga awetu puji, lwir rengihing bramara.


147

Ki Lungsir prapta den takoni, kang pundi desa wanamarta, Ki Lungsir alon
wuwuse, nenggih desa kahayun, santri Munthel amardi malih, lah bapa sira
wikan, pundi parnahipun, wismane gueti Panurta, anauri Ki Lungsir
Wencana (hlm. 60) aris, nenggih gusti manira.


148

Suka manahe Ki Munthel angling, yen mangkana bapa tuduhena, manira iki
kiningken, ambakta suratepun, Tambangraras atur upaksi, lamun wonten
agesang, Amongraga rawuh, ing mangke kirim nawala, asung warta ing
sanak mwang yaya bibi, yen wonten ing Wanantaka.



149

Suka manahe Ki Lungsir angling, manira iki malih tetiyange, punika
wangsanepun, wastanepun nimbok Centhini, wonten baya agesang, Ki
Munthel sumaur, kangken rubiyah manira, santri Lungsir gupuh denya
asung bakti, dhuh kakang sanakingwang.


150

Binakta mantuk Ki Munthel aglis, age matur ing gusti Panurta, samya gita
sarawuhe, tumon Ki Lungsir rawuh, tiningalan ambakta tulis, Ki Panurta
anabda, surat paran iku, Ki Lungsir nulya wot sekar, putra tuwan punika
atur upaksi, wonten ing wanantaka.


151

Kang kineken nenggih womten jawi, singgih kangken sisiyan kawula, ing
wau dening iene, Ki Panurta amuwus, lah undangen bapa den aglis, mangke
wus ingacaran, santri Munthel rawuh, gupuh sira sinambrama, jawat
tangan Ki Munthel nulya alinggih, ngarsane Ki Panurta.


152

Winaca mangke dening ki gusti, nawalanira Syeh Amongraga, singgih
punika tanduke, punika seratepun, suta tuwan sung salam bakti, katur ing
bibi rama, kawula sung weruh, yen atmaja tuwan gesang, putra tuwan
Amongraga sampun prapti, wonten ing Wanantaka.


153

Muwah ariku Ki Jayengrasmi, lawan ariningsun Jayengraga, den agung
pangapurane, dok lunga tan asung wruh, kakangira katameng brangti,
twasnya ing kakangira, marmaningsun ngelampus, ing dalu ngong
aswapena, Jayengsmara yen asih aywa tetuwi, mara ing Wanantaka.


154

Enti bungahe Ni Ken Malarsih, uwa bibi kabeh samya prapta, muwah
jajahane kabeh, antya samya nenungsung, rayi kaka mwang para wargi,
paman mwang mitra kadang, Ni Sumbaling (hlm. 61) rawuh, sesugun
angrengen warta, Ken Turida kelawan Ken Rarasati, lwir wraksa akingkingan.





155



Ki

Munthel ika amuwus aris, anenggih tah suta tuwan, Ki Jayengsmara
wastane, kelawan, Jayengraga punika uni, wonten ing

Ardipalwa, kinaweling atur, maring tuwan lawan ing garwa, anglampahi
aparab Syeh Amongsari, lawan Syeh Amongkarsa.


156

Ken Tunda lan Ken Rarasati, sampunnya ngrengen swara mangkana, kalih
samya ngembang luhe, anom tinilar tengsun, muwah malih Ken Malarsih,
kelawan Ki Panurta, kalih samya segul, ketang inaning sarira, ingkang rare
nom-noman amangun brangti, isun tuwanggeng mendra.

157

Anulya jerit Ni Ken Malarsih, tan bisa ngregep tresna alara, akeh kang
dadi trenane, Ki Panurta lingepun, lah kantuna yayi Malrsaih, sun lunga
anglelana, arsa tilar dhukuh, malarta yen kepanggia, Jayengsmara
kelawan Jayengragi, sira agawe brangta.


158

Ni Malrsih wuwuse amanis, sun melu kakang saparanira, tan bisa kariyeng
akeh, tan wurung mati lutut, yen kantuna manireng riki, tan bisa
angawula, kari awakingsun, sun melu saparanira, den wadya ing paran
ingsun emasi, kakang sakarsanira.


159

Wus sinambrama Ki Munthel amit, lampahira wus prapta ing awan, tan
kawarnaa lampahe, Ki Panurta kawuwus, akaliyanh Ni Ken Malarsih, tansah
ing arsanira, tan pegat amuhun, ketang ing wakeka sira, Ki Panurta
amuwus sabdanya manis, lah yayi age lunga.


160

Adan mintar Ki Panurta aglis, Ni Malarsih lumampah ing arsa, sampun
kawingking desane, aglis denya lumaku, lampahira mangke anuli, Ki
Panurta angucap, maring garwanepun, lah yayi sesilioh aran, wastanepun
Ki Syeh angrundhayajati, punika wastaningwang.


161

Anadene wastanira yayi, Ken Prihatin yayi parabira, aywa lali kamulane,
arsa sumengkeng gunung, karsaningsun yayi Prihatin (hlm. 62), ing wukir
Muncar ika, ana kang sun ruruh, ingsun aduwe wong sanak, kalih siki dok
ingsun amethelangi, duk lumaku angental.

162

Ken Prihatin wuwuse amanis, lah anedha mangke pinaranan, manira yun
wruh jatine, Angrundhaya lingepun, nulya mintar seka ring riki, menawi
tah panggia, lawan sanakingsun, anengih padha wibawa, bagus anom
pandhita partameng kawi, tur bagus ing aksara.


163

Ki Carik Sutra wastaning mangkin, papat rabine padha utama, tur anomanom
warnane,
punika
karsaningsun,
kang
sun
jujug
mangke
runihin,
anglis

denya

lumampah, jurangnya saterjang, lampahe katawing-tawing, parang
rejeng jurang ajro den lampahi, tan etang pringgabaya.


164

Batang kendel lampahe lumaris, wana baya ingkang tinarejang, lepas tan
kandheg lampahe, pan kasaleking jawuh, lampahira Ni Ken Prihatin, pan
satengahing wana, udan awor lesus, tan manggih parerenan, Ni Prihatin
liwat denya kawlas asih, awlas Ki Arundhaya.



165

Yang Arka kuwung-kuwung andhani, kilat thatit reke aabarungan,
kadhulug munya wetan lor, papedhutnya sumaput, gebyar-gebyar kilatnya
narik, petenge alimunan, dhedhet awor lisus, pater mandra kidul kilen,
sinauran ing gerah saha girisi, mendhung acaladara.

166

Ingendi gening araryan iki, apan nora manggih panginepan, ana wraksa rob
godhonge, lan araryan ing riku, lampahira yayi Prihatin, tatas tibaning
warsa, wus ilang kang jawuh tandra mijil Yang Aruna, wayahepun
tengange liwat sadhidhik, lwir butul kang akasa.


167

Sampunnya tulus tibaning warsi, angundhaya saksana (hlm. 63) lumampah,
tumurun ing parang rejeng, nulya sumengking gunung, ajog-jogan sitining
miring, lunyu mentas kodanan, kadekan anjurung, warnanen denya
lumampah, aningali padesan sri angrawit, desane Carik Sutra.


168

Depun selek lampahira aglis, ciptanira pan arsa araryan, sampun prapteng
banjarane, asri pagaganepun, tetaneman asri angrawit, kathah den
ucapena, winurywan alangu, Tales Bakatal Balungka, kang akitri samya
naniram kang estri, toyanya sasinggotan.


169

Rame swaraning atunggu gagi, ana ngedung liyan kang gambangan,
saweneh ana andugeng, rame kang wong gumuyu, sawenehan ana kekawin,
carita wewayangan, kang asegak umung, ana weneh tetandhakan, kang
saweneh ing ranggwan anebang suling, wenenh acacangkriman.



170

Rare angon padhamaring warih, dus maesa ngalap ulam, wenenh den giring
sapine, kang sawenenh amanggung, maring ranggwan atunggu gagi, kabeh
sarowangira, padha lunga adus, samya siram maring toya, kang saweneh
rowange angajak mulih, samya ngambil kaluban.


171

Ki Samursa kepanggih ing gai, ngunduh jangan kelor lan kalintang, jur
botor kacang lan Gudhe, sampun angundhuh Kimpul, den tingali ana wong
prapti, Ki Samursa anapa, wong endi kadulu, samaur Ki Angundhaya,
atatanya sedyaningsun maring riki, kaki anilakrama.


172

Ingendi wastane dhekah puniki, asri tinon tuhu raras, asangkep
tetandurane, Ki Smursa amuwus Argamuncar wastane iki, lah bapa sira
wikan, pundi parnahe, wismane Ki carik Sutra, Ki Samursa angucap
sabdanya amanis, dhekahe ing Bang wetan.


173

Angrundhaya wuwuse amanis, pundi marganing punang pagirywan, lerese
teka ing akeh, lah barenga katengsun, tunggal wisma elet sekelir, adan
pareng lumampah, Sumursa rumuruh, aglis prapteng sireng wisma, Ki
Samursa aglis (hlm. 64) malebet ing kori, matur yen adhatengan.


174

Carik Sutra dan lingira aglis, maring para garwane sedaya, lah sajia woh
den age, ana tetamu rawuh, wus kacaran wau kang prapti, dok dhateng
panataran, Carik Sutra dulu, tan supe yen Ki Panurta, wus anjawat tangan
dan pareng alinggih, langkung samya kasmaran.
 
Support : Red Point Akupunktur | Prigi Tirta Wisata
Copyright © 2013 SEKAR LARAS - All Rights Reserved
Template Created by Creating Website Published by Mas Template
-->